Asal-usul Tulisan Basa Kawi (Jawa Kuna) (Bagiyan 1 teka 2)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 22 Januari 2025 08:13 WIB)
- Laporan



Asal-usul Tulisan basa Kawi (Jawa Kuna) (Bagiyan 1 teka 2)

Aksara Jawa hang magih dienggo seperene iki, bengene aksara Hindu gawanane wong teka India hang teka ring Jawa kira-kira kawitane taun masehi, jare Prof. Dr. R.M. Ng. Poerbatjaraka.
   Kawitane aksara Hindu iku dienggo ring antarane wong India dhewek. Kanggo kirim surat lan kebutuhan dagang ring antarane wong-wonge dhewek.
   Basane nganggo basa paran? Hing jelas, bisa basa sanskerta utawa basa liyane hang ana ring India kana.
   Taping ana tengere sithik yaiku karya tulis ring Jawa hang paling tuwek nganggo basa Sansekerta.
   Suwi-suwi, wong-wong India iki laki rabi ambi wong wadon Jawa. Anak-anake nganggo basa emake taping diajari maca tulis ambi bapake.
   Para peranakan iki nggawa hing mung maca tulis taping kaweruh agama Hindu. Bangsa India hang teka merene iku nggawa agama Siwa hang percaya Tri-murti minangka dewane yaiku Brahma, Wisnu, Siwa.
   Bangsa India mburi-burian hang teka akeh hang nggawa agama Budha Mahayana.
   Rong golongan iku padha nggawa kitabe dhewek-dhewek. Wong Jawa, masiya hing akeh, ana hang bisa basa Sansekerta. Aju ngajari wong Jawa liyane hang hing bisa Sansekerta nganggo basa Jawa. Basa Jawane kecampur ambi Sansekerta utamane kanggo nerangaken barang/bab hang durung ana ring basa Jawa.
   Basa Jawa masiya digerojog basa Sansekerta magih tetep hing uwah dadi basa Sansekerta. Basa Jawa magih wutuh dadi golongane basa Indonesia, dene Sansekerta iku diarani golongane basa Indo-German.
   Lontar-lontar hang digawa bangsa India hang Budha ya ngomongaken agama Budha kaya hang tinulis ring candhi Borobudur. Naming mung sithik sisane.
   Dene hang tinggalane wong agama Hindu kaitung magih akeh kayata Mahabarata, Ramayana.
   Serat Mahabarata hang diceritakaken gawenane resi Wyasa, basa Jawane Abiyasa, nyeritakaken lakune para Pandawa lan Kurawa. Ring Jawa, cerita iki dadi pakeme Wayang Purwa masiya akeh uwahe.
   Serat Ramayana diceritakaken gawenane begawan Walmiki, lebih tuwek timbang Mahabarata.
   Basa Jawa hang disebut ring ndhuwur iku basane embah buyut jaman kuna makuna, hang saiki disebut basa Kawi. Ambi bangsa Landa disebut Jawa Kuna.
   Nalikane basa Kawi (Jawa Kuna) dienggo nulis, kecampuran ambi basa Sansekerta.
   Tulisan paling tuwek hang ditemokaken nganggo basa Kawi yaiku taun 731 Saka utawa 809 Masehi.
   Dadi Prof. Dr. R.M. Ng. Poerbatjaraka iki ngelumpukaken ring bukune hang terbit taun 1952 kelawan judhul Kapustakan Jawi pirangane periode.
   Ana serat/lontar hang nganggo basa Kawi golongan tuwek, ana golongan tuwek lan nganggo sekar (hang nganggo guru lagu cara India hang sing ulih diuwah sithik-sithika), aju ana hang golongan enom, buru golongan Kawi Tengahan, golongan Jaman Islam, lan Jaman Surakarta Awal.
   Ana rong serat hang jare dadi asal-usule kutha Banyuwangi, yaiku Serat Sudamala lan Sri Tanjung. Melebu ring periode hang endi?


(Ana sambungane).

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor