Asale Aran Singodimayan lan Mas Kakang Soeroso

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 21 September 2022 06:38 WIB)
- Esai



Cathetan redaksiKanggo mengeti Wak Hasnan Singodimayan hang sampek umur dina Rebo kepungkurbelambangan.com ngetokaken tulisane ruwahe lan tulisan liyane bab ruwahe saben dina seminggu suwene. Hang iki tulisane budayawan Kang Ujik.

Asal muasal aran budayawan Banyuwangi  Hasnan Singodimayan  lan Mas Kakang Soeroso arang hang weruh.
   Tokoh loro iku guru-gurunisun nalikane bareng-bareng aktip ning RKPD Blambangan Banyuwangi sakat tahun 1984. Isun anggota Kelompok SELASA (Senantiasa Lestarikan Sastra). Aran kelompok iku teka  ruwahe Pomo Martadi lan didhukung ruwahe Selamet Utomo. Uwong loro hang iki gurunisun ning urusan kewartawanan sakat tahun 1982. Balik maning ning masalah arane  Hasnan bin H.Edrisy. Nalikane milu lomba nggawe puisi ning radhiyo BBC London, iyane ulih juara II. Hadhiyahe mesin ketik. Ring paket iku ketulis kewela-wela: "Kepada Yth. Sdr. Hasnan Singo di Mayan". Mesthine "Hasnan di Singomayan". Kerana nana hang ngerti ambi alamat iku, paket hadhiyah iku diterimakaken ring Balai Desa Singonegaran.
    Uwis pirang-pirangane dina paket iku
ndhekem ning kantor Lurah Singonegaran. Weruhe nalika ana rapat, ruwahe Hasnan bin H.Edrisy iku ulih undangan. Nepaki gesah omong kelamong sedurunge rapat mangkat sampek nyerempet ning masalah paketan. Serta ngerti Hasnan Singodimayan iku Hasnan bin H. Edrisy, gemuyu cekakakan sing keneng dicegah. Pungkasane, salah tulis alamat iku bisa dadi aran hang sangar: HASNAN SINGODIMAYAN
   Taping akeh-akehe uwong nyeluk Wak Nan. Mung bain kadhung ditempelaken ning kabeh karyane kurang sembranine. Mulane aran Hasnan Singodimayan iku dienggo terus minangka dadi agul-agul wong hang gandrung karya-karyane. Kelawan nganggo embel-embel Singodimayan iku, karya-karyane bisa diterima redaktur koran, majalah lan dadi simbol nalika ring "ruwahe" RKPD Banyuwangi ana acara sandhiwara radhiyo saben malem Minggu sakat tahun 70-an. Tahun 1984 Studio RKPD nguwal teka  lingkungan Pendhapa Sabha Swagata Blambangan ring Jl. Ikan Cakalang 3 Kampung Ujung Kepatihan. Sakat manggon ning Kampung Ujung iku, Teater Tongkat Sandhi lan Karang Taruna Pengantigan milu gabung ngisi acara Ruang Sastra lan Sandiwara Radio. Kang Ujik uga milu gabung lan mbantu-mbantu Wak Nan nggawe cerita. Nalika iku ana seplitan gesah hang gawe Mas Kakang Soeroso sing disapa rabine. Malah mari ngisi acara Sandiwara Radio sekira jam suwelas bengi, sing dibukakaken lawang.

Gedigi gesahe:
Kang Osok: Nan. Bengen nalika magih sir-siran, perasanisun ring donya iki nana lare wadon ayu sakliyane cong-conganisun.

Wak Nan semaur: Terus, serta umah-umah, kelendi, Sok?. 

Kang Osok: Bek, serta ulih telung ulan nikah, lare wadon ayu kari wuakueh, Nan..... keleleran ring saben panggonan yah!
  

Lagotane gesah hang kaya gedigu iku, Bu Osok muring. Adate saben isuk dicepaki kopi sak centhong luntrik ijo-putih, isuk iku wedang putih bain nana semeliwer ring mejane. Ana maning sak cuil gesah ring Sandiwara Radio iku hang nggawe rabine ring umah nalika ngerungokaken dadi ruwede.

Kang Osok: Nan. Setemene rabinrika ana pira sih?

Takonan iku wangune mancing Wak Nan makene salah nyaut aju sing disapa pisan ambi rabine. Wak Nan kaya sing kathik mikir ulihe semaur.

Wak Nan: Loro Sok. Apuwa?

Ulih sautan kaya gedigu iku, Kang Osok gemuyu cekakakan lali hang dipungkasi ambi kalimah "yeh!"
   Kang Osok ngerumangsani pancingane kepangan ambi Wak Nan. Temenan. Engkisuke Kang Osok meruput ning umahe Wak Nan. Sak perlu namataken paran hang saiki dirasakaken Wak Nan ning umahe. Buru bain Kang Osok lungguh, raine Wak Nan njumbul teka pawon ambi nggawa sak piring gedhang goreng lan kopi rong gelas. Ambi ngedhunaken  suguhan, rabine Wak Nan mbaleni gesahe lakine ambi Kang  Osok ring  sandhiwara radhiyo nubengi. Kang Osok, rabinrika pira, Kang?
Sedurunge Kang Osok semaur, Wak Nan nyulungi nyaut: Loro.
Wak Nan aju takon arane rabine  dhewek, "Aranrika sapa?"
Rabine semaur: Masuna. 
Byek. Wak Nan hang tau mondhok ring Gontor iku aju nerangaken kadhung masuna iku maknane rabi loro.
"Kadhung Unah, iku hang dodolan rujak ngarep umah ika", abane Wak Nan ambi nyandhak gedhang goreng hang magih panas kebul-kebul. Kerana kaget, gedhang goreng muncal lan teblug ring kopine. Kang Osok wurung arep nyekak WakNan.

Kadhung aran Mas Kakang Soeroso beda maning ceritane. Uwong Welaran Kidul iku celukane Kang Osok. Embel-embel Mas Kakang dienggo nalikane ana kegiyatan sandhiwara radhiyo lan ning karya-karya tulisane arupa naskah sandhiwara radhiyo, cerita cendhek, gurit using lan liya-liyane. Kelendi ceritane arane Kang Osok dadi Mas Kakang Soeroso? Bengen nalikane anake magih cilik-cilik, anak  penggarepe  lanang wis sekolah SD. Adhike wadon buru melebu TK.  Kerana keluarga Using Deles, ring TK anak nomer  lorone iku ya nganggo Basa Using kadhung gesah-gesah ambi kancane. Nalika gurune ngajari kadhung nyeluk Kakang iku  kudu diganti nyeluk Mas utawa Kakak. Pas mulih teka
TK, si adhik mau weruh kakange memengan temekeran ring latar umahe. aju adhike celuk-celuk: Mas......Mas.....he Mas.....
Kakange sing tau-tauwa diceluk Mas ya sing melingun. Serta adhike nyeluk: He Mas Kakang! Kakange aju nulih.
Teka kedadeyan iku, Kang Osok ambi gemuyu suwing nganggo sebutan Mas Kakang mau dienggo aran populer.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kang Ujik

Editor: Hani Z. Noor