ASEAN Panji Festival

Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Rabu, 25 Oktober 2023 07:42 WIB)
- Laporan



Cerita Panji hang dadi babone akeh dongeng, hing mung ana ring Indonesia, taping ana pisan ring negara ASEAN.

Pucuk acara ASEAN Panji Festival 2023 kang dianakaken ring Taman Chandra Wilwatikta Pandaan Kabupaten Pasuruan Jawa Timur tanggal 22 Oktober 2023 ditonton ewonan wong. Mulai teka penggiyat budaya Panji Prof. Ing. Wardiman Djojonegoro Menteri Pendidikan lan Kebudayaan dhongkol taun 1993-1998, direktur Pengembangan dan Pemanfaatan Kebudayaan kementerian Pendidikan Kebudayaan Ristek RI Irini Dewi Wanti, gubernur Jawa Timur kang diwakili Sekretaris Daerah Adhy Karyono, forkom Pimpinan Daerah Jawa Timur, Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Jawa Timur, Disbudpar kabupaten kota sak Jawa Timur, lan Dewan Kesenian sak Jawa Timur, uga penonton umum bengi iku ngebeki Amphitheater kang mula paling gedhe sak Indonesia. Sendratari Panji Semirang kang ditampilaken bareng-bareng delegasi teka ASEAN bengi iku kanggo promosi budaya Panji negara-negara ASEAN kaya Myanmar, Kamboja, Laos, Vietnam, Thailand, Malaysia, Singapura, Filipina, lan Indonesia. Budaya Panji Indonesia lair ring Jawa Timur kang ceritane njuwut ceritane Raden Panji Asmarabangun utawa Raden Panji Inu Kertapati teka keraton Kahuripan (Jenggala) ambi dhemenane kang aran Dewi Sekartaji utawa Dewi Candra Kirana teka keraton Panjalu utawa Kadiri. Cerita Panji (Inao, basa Thailand) iki wis ditetepaken UNESCO taun 2017 minangka Memory of the World (MoW)

Sendratari Panji Semirang dikawiti nalika Raden Panji Inu Kertapati nguweni hadhiyah anak-anakan nyang Dewi Sekartaji lan dulure aran Galuh Ajeng. Anak-anakan mula digawe bida. Kang siji teka kayu sedheng kang siji teka emas. Galuh Ajeng sing terima ulih anak-anakan kang teka kayu. Aju iyane ngerebut anak-anakan kang dicekel Dewi Sekartaji. Kerana sing gelem ngalah nyang dulure, Dewi Sekartaji dikethok rambute ambi bapake lan metu teka keraton. Ring njaba keraton, Dewi Sekartaji kang rambute wis cendhek iku nyamar dadi wong lanang. Iyane nguwah arane dadi Panji Semirang.

Sijining liya Raden Panji Inu Kertapati ngumbara nggoleti dhemenane ambi ngabdi nyang raja Gegelang. Toraneya iyane kecaruk Panji Semirang taping sing weruh kadhung wong lanang iku saktemene Dewi Sekartaji. Masiya Dewi Sekartaji paham kadhung Raden Panji Inu Kertapati, iyane sing terus terang malah nerusaken lakon ngedegaken keraton ring Danuraja. Serta gadug ning keratone, Dewi Sekartaji balik dandan dadi wong wadon. Sendratari iki dibungkasi kawine Raden Panji Inu Kertapati nyandhing Dewi Sekartaji sakmarine mbantu ngusir musuh ring Danuraja lan dadi raja ning Kahuripan.

Sekda Jawa Timur kang bengi iku makili gubernur nguweni sambutan kang nyatakaken kadhung cerita Panji iki dadi hasanah cagar budaya Jawa Timur. Maninga sing mung ana ring relief gambyok Kadiri taping ana pisan ring relief candi Penataran Blitar, relief Mirigambar Tulungagung lan relief candi Menakjinggo Mojokerto. Cerita Panji uga ana ring kesenian wayang beber Pacitan, wayang Topeng Malang, wayang Thengul Bojonegoro, wayang Klithik Kediri, lan ana pisan ring wayang Dalang Sumenep. Sekda uga nguweni kenang-kenangan wayang beber nyang para delegasi lan direktur Pengembangan dan Pemanfaatan Kebudayaan Kemendikbudristek RI. Penjaluke Sekda nyang delegasi ASEAN Panji Festival iki supaya rada suwe ana ring Jawa Timur lan kadhung keliling bisaa balik maning ring Jawa Timur. Sing lali ngucap kesuwun nyang delegasi polae cerita Panji iki wis dadi budaya kang diminati ASEAN. Keneng-kenenga bisa mekar maning sampek nyang Asia lan donya.

Cerita Panji iki bisa dideleng ring kesenian Damarulan Banyuwangi nong lakon Dewi Sekartaji. Iluh penonton bisa digawe mberebes mili nyang cerita iku lan geregeten nyang bapake Dewi Sekartaji nalika ngethok rambute gara-gara sing gelem ngoperi nyang dulure anak-anakan hadhiyah teka Raden Panji Inu Kertapati utawa Raden Panji Asmorobangun. Malah sampek ana penonton kang mbentuk (dudu watu) pisan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf