Asraqalan lan Wawaekak
Satria Pujangga (dipublikasikan pada Jumat, 15 November 2019 08:01 WIB)
- Laporan
Wis anjrah angger ulan Rabiul Awwal/Mulud ring endi-endi panggonan nganakaken Pengetan Maulud Nabi Muhammad SAW. Embuh iku ring desa utawa kutha, persasat kabeh nganakaken muludan. Acara pengetan Mulud dianakaken mulai tanggal 1 sampik pungkase tanggal ring ulan Rabiul Awal.
Taping ring desa-desa umume nganakaken acara muludan iku njuwut tanggal 12 Rabiul Awwal, tanggal pas laire Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Acara muludan pas tanggal 12 Rabiul Awwal dikenal kelawan istilah Nash Rolas.
Ring Banyuwangi khususe, pengetan maulud sing adoh teka Serakalan (Asroqolan) lan Wawaekak (Kembang Endhog). Kadhung wis teka ulan mulud, lare-lare santri padha latihan serakalan ring langgare dhewek-dhewek kanggo ngeramekaken acara mauludan. Para santri padha patheng apalan syair-syair Asroqol. Kadhung sing apal bisa dielokaken lan dipoyoki santri teka langgar liyane. Hang unik, ring njerone maca Asroqol iki digawe sautan antarane grup siji lan sijine.
Kaya wis dadi mupakatan hang sing ketulis, saben mangkat serakalan lare-lare santri padha ngumpul nggawe kelompok. Angger kelompok dipilih lare hang apal lan suarane paling anter kanggo mimpin kelompoke kaya dene padhuwan suwara. Kelompok siji nggawakaken sholawat Asroqolan teka kitab Al-Barjanji, kelompok liyane niti lan nyauti sholawat hang digawa. Kadhung sholawat lan lagune ana hang luput, grup sijine biyasahe aju nyaut mbeneraken ambi suwara hang lebih anter ambi dipoyoki kelawan ucap “Kelendi, bisa tah using. Mudhuna wis”. Sakkal lare santri padha royak.
Ring pungkasane Asroqolan ana istilah Mahallul Qiyam, maca sholat ambi ngadeg. Kadhung wis wayah maca sholawat Mahallul Qiyam, kabeh wong hang teka ring masjid utawa langgar padha ngadheg. Kalimat sholawat diwaca kelawan khidmat lan anteng. Sing ana maning kelompok-kelompokan. Kabeh padha ngadeg bareng maca Sholawat sampik pungkas. Biyasahe ring tengahe Mahallul Qiyam ana hang keliling ring antarane uwong-uwong hang teka, nggawa umbenan bir asem diwadhahi seng. Siji-siji padha ngumbe sak lumur idhang. Bir asem iki kanggo ngilangaken mesasaten lan ngelegakaken gorokan hang serak sakmarine maca Asroqolan.
Sakliyane Asroqolan, Mauludan ring Banyuwangi mesthi sing kelalen ambi Wawaekak. Wawaekak (kembang endhog) dadi barang hang kudu ana ring pengetan muludan. Kawitane wawaekak jenise mung siji, yaiku hang arupa kembang-kembangan. Taping kelawan majune jaman, rupane wawaekak wis akeh maceme. Ana kapal-kapalan, manuk-manukan, kupu lan liya-liyane.
Kadhung wis teka ulan mulud, lare-lare cilik padha girang. Girang dudu merga paran, girange merga ring acara mauludan iku mesti ana wawaekak hang isine endog. Kadhung wis arep mangkat muludan, lare-lare padha kayalen njaluk digawakaken wawaekak. Wong tuweke hang sing bisa nggawe dhewek, kari tuku bain nang pasar lan toko-toko parek umahe. Jaman semono, wawaekak digawa melayu-melayu keliling kampung sak kancaan. Lare-lare padha pamer wawaekak nang kanca-kancane, anune sapa hang paling apik wawaekake.
Wawaekak mau dipajang ring jodhang-jodhang lan dihias kertas maneka kelir. Ambi nganteni Asroqolan mari, lare cilik-cilik padha lungguh ring pareke jodhang. Kerana sakmarine Asroqolan, wawaekak diedumaken nyang lare-lare. Kadhang sampik dibelani rebutan sak kancaan. Masiya tah wis mung arupa wawaekak hang isine endhog siji taping seru girange.
Sakliyane iku, kanggo ngeramekaken muludan, wawaekak diarak keliling kampung ambi diringi tabuhan terbang sholawat. Wawaekak dihias ring jodhang lan diuwot montor, becak lan sepidhah. Ring acara arak-arakan kembang endhog iki hang milu akeh-akehe lare cilik. Sakmarine arak-arakan wawaekak diuwakaken nyang wong hang milu arak-arakan lan uwong-uwong ring dalan hang diliwati kirab arak-arakan mau. Aja heran kadhung gadhug panggonan acara mula, wawaekak wis gemet kari jodhange thok. Taping iku mau tetep nggawe girange uwong hang urun wawaekak kanggo ngurmati kelairane Nabi Muhammad SAW.
Foto : Kang Bro Sulai
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Laporan Satria Pujangga
Editor: Antariksawan Jusuf





