Bangsa Alus Hang Jaga Desa Benelanlor

Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Jumat, 18 November 2022 07:45 WIB)
- Opini



Ana cerita lawas hang mula ana anane. Masiya tah, kadhang ana hang sing percaya nang wujud uga kedadeyane. Ring desanisun, Benelanlor, iku ana parewangan utawa ana hang jaga teka bangsa alus. Sun ceritakaken teka ulihe ngerungokaken teka masarakat hang mula tau weruh, dicaruki, diimpeni, paran maning hang wis tau diejak nong papan panggonane.

Mula ana cerita asal usule desanisun iku ana hubungan ambi keturunane Prabu Tawang Alun hang aran Raden Jaka Pekik. Seperene, hun goleti nong buku-buku sejarah magih hing ana aran Raden Jaka Pekik ring silsilahe. Hun mung bisa nyimpen anane tokoh iku kerana jare masarakat desanisun iku mula ana wonge. Perawakane dhuwur, kuning, gagah, rambut dawa, nganggo kaya belangkon ring endhase, awake dhogolan, nganggo seluwar cendhek ambi nganggo tapih kain hang dipuket selendhang ring wetenge.

Papan panggonan kubure ana hang nduduhaken nong kidule desanisun hang magih sintru kaya dene alas. Ring kidul desa ana papan kuburan umum kanggo masarakat desa. Sak kidule kuburan diweni dalan hang wis dipaping.

Ring kidule paping iku, diarani dhaerah Joko Pekik. Jare ana hang weruh kuburane ya nong kana iku. Joko Pekik iku dhewek aseline wujud menungsa mung wis melebu dadi bangsa alus kerana serang suwine tapa atusan taun nong kidule kuburan iku mauka. Mula ana kuburan dadiya sithik, hawane mesthi beda dhung nulih paran maning njangkah nong pelatarane kidule dalan paping kuburan mauka. Ring kana dhung tepak liwat utawa nulih ring kidule lurung papingan iku ana wujud ula gedhi, ya iku wujud jalmane Joko Pekik.

Wujud ulane hing sembarang wujud kaya ula hang diweruhi, awake gepeng kaya dene kelasa. Malah wis kesuwur celukane “ULA KELASA”. Jarang hang dikatoni paran maning nong impi, taping hang wis tau weruh nyang ula iku utawa hang wis tau dikatoni bakale ngucap “amit, kula mung ajeng liwat”.

Hang nong impi, biyasahe ditemoni dhung ngajekaken utawa ngirim al Fatihah 7 dina nggenteng. Ring kana bakale dijak nong papan panggonan hang nong donya nyata ya ring kidule dalan papingan kuburan iku. Dhung nong impi, ana gapurane hang digawe teka janur kuning hang seru barake. Serta wis melebu ngeliwati gapura, ana uwong lanang wadon hang padha tandang, gesah, liwat, lan liya-liyane ambi padha nyawang menungsa hang dijak Joko Pekik melebu nong panggonan iku. Dhung ditamataken, panggonan iku wujude taman. Tanduran, kembang, wit-witan dhung ditulih mesthi kemeredep barak uga gemilap. Apik seru uga nyenengaken, paran maning dhung wis mari dijak keliling nong pertamanan iku, bakale diweni hadhiyah ambi Joko Pekik. Mung kari dijuwut tah using ya sekarepe. Pengalamane hang cerita iki nong isun, nong impene iku ana watu delima hang biyasahe dienggo nong ali-ali. Mung panggonane nong jajang sebarong, taping ambi hang cerita iki mau ditenger sulung panggonane nong impen mauka. Serta wis gadug nong panggonane, temakaken nong jajang sebarong iku mung wujud semu, hang aseline yaiku wujud cangkem ula hang siyap nguntal sapa bain hang njuwut watu delima mauka.

Ring donya nyata ana cerita hang ana hubungane ambi watu delima hang nong jajang sebarong iku. Panggonane ya magih dhaerah sak ubenge alas ring kidule dalan papingan kuburan mau. Ring kana tau ana hang golet uga njuwut watu delima ring jajang sebarong iku. Hing sampek suwi uripe, mara-mara ana kabar wis mati elet pirang dina sak mareke ulih watu delima.

Iku magih wujude Raden Jaka Pekik. Ana maning rabine hang seperene durung ana hang weruh sapa arane. Mung tau ana hang nyaruki liwat uga lungguh ring perapatan parek umahisun nong lurung kidul desanisun. Wujude iku rambut dawa, kelambi putih, uga dhuwure awake sedhengan kaya dene dhuwure menungsa wadon umume. Peraenane ya magih durung ana hang tau weruh mung ceritane bengen, wujude mula menungsa hang diuwahi ambi rabine dhewek yaiku Joko Pekik iku didadekaken wujud bangsa alus. Serang makene hing ana hang nggeredho, lan makene bisa gampang dhung njaga desanisun.

Ring saben dalu utawa raina, kadhang ana suwara gamelan kaya jaranan uga janger ring panggonan iku. Akeh hang wis padha paham dhung percaya nong cerita iku. Hang sing percaya anane penunggu desanisun mauka, mesthi ngirane suwara iku teka tangga desa hang mula ngundang jaranan utawa janger.

Cerita iku, wis kesebar ring masarakat desanisun. Keyakinan anane hang jaga desa magih jangget nong ati lan pikiran masarakat. Masiya isun durung tau weruh dhewek, hun tetep ngurmati bangsa alus hang nunggu lemah desanisun sakat bengen sampek seperene.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : pribadi

Editor: Antariksawan Jusuf