Banyualit, Pelabuhan Internasional lan Benteng Belambangan (Bagian 1 teka 3)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 24 Februari 2025 08:31 WIB)
- Opini
Banyualit, Pelabuhan Internasional lan Benteng Kerajaan Belambangan
Dianggit ring Hidayat Aji Ramawidi
Ater-ater
Ring kawitan taun 2019, penulis ditelepon salah siji perwira TNI AL hang ngejak kecaruk sak perlu golet data hang ana hubungane ambi studi Kemaritiman Banyuwangi. Iyane ngejak penulis kanggo neliti pelabuhan-pelabuhan kuna hang ana ring wilayah Belambangan. Sakat iku penulis dadi enget ambi Kecamatan Blimbingsari hang buru ngadeg rong taun sedurunge.
Kecamatan Blimbingsari iki kecamatan anyar ring wilayah Kabupaten Banyuwangi. Diresmekaken tanggal 9 Januari 2017 minangka wilayah pemekaran ring wilayah pesisir teka kecamatan Rogojampi lan Kabat. Sapa hang nyangka gok kecamatan hang saiki kesuwur ana Bandara Internasionale iki bengene malah wis kawentar sak donya merga ana pelabuhan internasional Banyualit.
Banyualit, kawitane kasebut ana ring Babad Sembar hang ditulis antarane taun 1773-1800 ring cerita perang sak seduluran taun 1692 ring Kerajaan Belambangan. Winarsih P.A. nyebutaken gok pasukan Gelgel teka Bali pimpinane Panji Danurdarastra mudhun ring Banyualit. Gedigu kawitane aran iku disebut kelawan jelas bab pelabuhan iki.
Apuwa Banyualit disebut pelabuhan internasional?
Sebutan internasional ring judhul tulisan iki dudu mung abrak-abrak belarak belaka, taping nduwe rujukan hang jelas. Seperono mula dudu mung wong Belambangan hang manpaataken pelabuhan iku taping wong-wong teka negara liyane.
Umpamane ring Lontar Bujangga Manik disebutaken gok anak buah kapal ring pelabuhan Balambangan kala semono asale teka pirang-pirang nagari: “Pendayung orang Maros (Sulawesi), Babose dari Angke (Betawi), Para pelaut orang Bangka, Kelasi orang Lampung, Juru mudi dari Jambi, Juru tembak dari Bali, Juru panah dari China, Peniup sumpit dari Melayu, Para petarung dari Salembu (Pulau Masalembo, Madura), Para Prajurit orang Makassar, Pelayan Kelasi dari Passai, dan Para penimba dari Jompong Sagala, timbanya terbuat dari Gayung Perak.” Sak liyane iku akeh pisan inpormasi bab tekane armada dagang teka VOC Landa lan EIC Inggris.
Ancure Banyualit, Ancure Belambangan 23 Maret 1767
Sejarah Belambagan hing bisa dieculaken teka sejarah Banyualit. Kadhung dideleng sedurunge taun 1743, Sunan Pakubuwana II sak enake dhewek nyerahaken hang dudu hak-e dhaerah wetane Pasuruan nyang VOC Landa. Mangka tepak taun 1766 armada dagang Inggris nggadug ring Belambangan kanggo nggawe hubungan dagang, lan pejabat VOC-Belanda hang dadi musuhe Inggris kuwatir merga nurut iyane, Belambangan wis dadi duwene Landa.
Pejabat VOC-Landa aju ngirim Letnan E. Blanke lan pasukan Medura-ne nyang Belambangan. Sakuwise ngerebut Pasuruan (9 Maret 1767) lan Landa sampek Banyualit. Ring Babad Tawangalun lan cathetane J.K.J. De Jonge nyebutaken gok marek melaku adoh liwat dalan darat pasukan VOC-Landa ngaso ring Banyualit. Jare J.K.J de Jonge tanggale iku 23 Maret 1767.
Sejarawan UGM Sri Margana ngomong gok tepak nggadug Banyualit, cumpu hing ana perlawanan teka rakyat Belambangan. Merga panggonan iku wis tau dadi perang seduluran antarane Faksi Kabakaba (Bali) lan Faksi Mas Weka (Jawa). Ring perang iku akeh wong Bali hang nemoni pesthine.
Engkisuke tanggal 24 Maret 1767 Faksi Mas Weka, pihak hang sedurunge menang ngelawan Faksi Kabakaba aju menyang nong Banyualit kanggo nyerah nong Letnan E. Blanke. Dadine Belambangan ya wis nyerah.
Seminggu sakuwise, gentenan Ulu Pangpang hang dikalahaken tanggal 31 Maret 1767 marek Bagus Kabakaba nggawe perang puputan entek-entekan. Jare C. Lekkerkerker lan J.K.J. De Jonge, Banyualit aju didadekaken pos kanggo pasukan pribumi VOC teka Medura lan ring kana diedegaken benteng VOC ring pecake benteng Belambangan hang rusak sedurunge. Saiki iki kene magih bisa nemoni wilayah hang disebut Bentengan hang ana ring Dusun Pacemenagan, desa lan kecamatan Blimbingsari.
Pungkasane, kaya hang diomongaken De Graaf, usaha naklukaken Belambangan iki asil tanpa kakehan alangan ring taun 1767. Kalahe Banyualit minangka dalan nyang kalahe Belambangan. Ring laporane Kapten E. Blanke nang Gubernur J. Vos tanggal 31 Maret 1767, kita ulih keterangan ring bungase Maret gok bendhera Landa wis dikibaraken hang kawitan ring tengah-tengah ibukota Belambangan ring Kota Arja Belambangan. Sakat iku itungan de facto kekuasaan politik ring Belambangan wis dikuwasai VOC-Landa. Kahanan ini kaya nggenepi seserahan cara de jure wilayah Belambangan ring Sunan Pakubuwana II nyang Landa taun 1743 bengen.
(Ana sambungane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Mas Aji Wirabumi
Editor: Hani Z. Noor