Banyuwang Arep Duwe Musium Gandrung

Eko Budi Setianto (dipublikasikan pada Rabu, 10 November 2021 10:16 WIB)
- Tokoh



Nggenepi Bangunan panggung kesenian hang wujud 'Omprog Gandrung', nung sak ubenge Waroeng Kemarang hang ana ring Desa Tamansuruh, Kecamatan Glagah, bakal dibangun Musium Gandrung. Rencana nggawe musium iku diceritakaken langsung ambi Pak Wowok Meirianto hang duwe Waroeng Kemarang, kala nguweni sambutan ning acara penutupan acara “Lomba Gandrung Gurit Mangir”, Sabtu kepungkur.

Jare kang Wowok rencana mbangun musium iku minangka mujudaken paran hang dikepingini ambi para putu lan canggahe ruwahe Mbah Semi, Gandrung wadon kawitan ring Banyuwangi. Sak liyane iku, anane Musium uga penting seru dienggo njaga weluri tinggalane leluhur lan dienggo ngumpulaken paran-paran bain hang ana hubungane ambi kesenian tinggalane leluhur iku. "InshaAllah Hun wujudaken," ujare kang Wowok.

Mengarepe, musium iku bakal diisi ambi maneka barang hang ana hubungane ambi kesenian Gandrung. Mulai teka omprog, penganggo, tabuhan, sampek nang uba rampe liyane. "Pokoke paran bain hang ana hubungane ambi kesenian gandrung, bisa dideleh nang musium. Uga poto-poto kuna gandrung," jare kang Wowok.

"Keluwarga ahli warise Buyut Semi wis setuju tinggalane embah buyute arep dipajang ring musium iku." Salah siji keluwarga Buyut Semi uga nekani iwuh Lomba Gandrung Gurit Mangir ring Waroeng Kemarang kono.

Disindir ngenani bangunan-bangunan hang ana hubungane ambi seni hang dibangun nganggo picise dhewek, kang Wowok ngaku kabeh iku dudu merga iyane munggah alem utawa kepingin dialem, tapi minangka wujud terimane nang tanah kelairane, Desa Tamansuruh. "Ya mung iki hang bisa Sun lakoni. Iki kabeh minangka rasa terimanisun nang tanah kelairan. uga nang kesenian asli Banyuwangi hang mula Hun dhemeni sakat Isun magih enom bengen," jare kang Wowok, mungkasi gesah ambi penulis. 

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : wawancara

Editor: Hani Z. Noor