Banyuwangi Mula Akeh Banyune

Slamet Hariyadi (dipublikasikan pada Sabtu, 01 Oktober 2022 07:22 WIB)
- Opini



Wis kesuwur kadhung aran Banyuwangi asal-usule teka cerita rakyat Sritanjung hang dipulasara ambi Sidapeksa sampek dibuwang ring banyu gedhi. Ahire semebrung ganda arum hang semebar lan wong-wong padha ngucap banyune wangi.... Banyuwangi. Cerita iki turun temurun sampek saiki,  ditampilaken ring akehe lakon janger, drama, teater lan liya-liyane.

Taping saktemene teka bucu sawang (sudut pandang) geografis, mula Banyuwangi akeh sumber banyune tah? Kadhung dirunut saiki hing bisa dadi patokan, kerana wis akeh lahan dadi umah, kantor, dadi dalan, gedhung lan sak piturute.

Isun nyacak ngenceti teka sisi asal usule aran wilayah, kaya contone ring Jakarta. Aran-aran dhaerah hang dikawiti ambi ucap Rawa (Rawamangun, Rawasari, Rawabadak, Rawabelong, lan liya-liyane) bengen mula asale teka Rawa diurug dadi panggonan macem-macem. Nah, kelendi hang ring Banyuwangi?

Isun nelusur ana pirangane wilayah hang arane teka ucap Kali, utawa Sumber, Kedhung lan ucap Banyu. Kali arupa banyu deres hang mili sakdawane kanal hang mili ajeg teka  pucit (hulu) nong pucuk (hilir) laut. Sakdawane kali ini biyasahe akeh wong hang manpaataken mbuwang hajat, mbuwang dheket lan romot. Ning pirangane panggonan ring pinggir kali, biyasahe ana banyu hang nyumber teka njero lemah, mangkane diarani Sumber. Banyu hang nyumber ini kerep diadhang-adhangi ambi watu keliling, utawa mesisan ditembok dadi sak kothak. Nah, masarakat kerep adus, asah-asah, mucusi, umbah-umbah ring sumber iki, kerana  nganggepe banyune rijig teka sumber. Tapi ana hang unik bab istilah hang dienggo wong-wong hang arep duwe hajat nong kali/sumber. Malah ngomong arep nong “banyu”, hang maknane ya arep nong kali utawa sumber.

"Aja nang banyu sulung, banyune magih belabur gedhi." 

Beda maning ambi istilah Kedhung, yaiku bagiyan teka kali hang dibebeng supaya banyune ngecembeng. Biyasahe nyeja dibebeng kanggo keperluan masarakat kono. Embuh dianggo nyiram wit-witan, adhang-adhang iwak kali, lan liya-liyane. Hang jelas petang ucap iki mau maksude hang dikarep artine nang banyu-banyuan.

Nah, wilayah hang nganggo aran Kali antarane Kalibaru, Kalipait, Kaliploso, Kaligondo,  Kalisetail, Kaligung, Kalirejo, Kaliklatak, lan Kalipuro. Wilayah iki wis antarane kulon sampai lor rata noring pitung kecamatan.

Kadhung hang nganggo ucap Sumber antarane Sumberanyar,  Sumberagung,  Sumbermulyo, Sumberasri, Sumbersari,  Sumberberas, Sumbersewu, Sumbergondo, Sumberbaru, Sumberrejo, Sumberkencono, Sumberarum, lan Sumberbulu. Iki uga rata ring wilayah lor, kidul, kulon lan wetan ring sangang kecamatan.

Ana hang nganggo ucap Kedhung, kaya tah Kedungasri,  Kedunggebang, Kedungwungu, Kedungrejo, lan Kedungringin. Hang bengen kesuwur merga dramane yaiku Kedung Lewung. Iki mung sakuteran wilayah Muncar, Tegaldlimo lan Singojuruh.

Pungkasan hang nganggo ucap Banyu mung ana Banyuanyar (Kalibaru), lan Banyuwangi (kutha).

Kahanan iki nguweni pituduh mula ring Banyuwangi akeh sumber-sumber banyu hang semebar mulai wilayah lor sampek kidul. Dadi hing salah dhung teka aran Blambangan dadi aran Banyuwangi.

(Kang Slahar).

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor