Banyuwangi Nyiyapaken Ngelencer Sehat

Dra.Hj. ERMI ROSSANA,M.Si (dipublikasikan pada Selasa, 27 Oktober 2020 06:39 WIB)
- Wisata



Merga wis kesuwur dadi jujugan ngelencer, Banyuwangi wis ngetap wulu ngadhepi prei dawa, nyiyapaken pirangane paket ngelencer hang tetep ngugemi aturan protokol kesehatan.

Prei dawa limang dina dikawiti tanggal 28 Oktober sampek 1 Nopember kesuk iki dikarepaken bisa nggawe donya kelenceran ring Banyuwangi tambah rumang.

Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kabupaten Banyuwangi Moh. Bramuda wis nggandheng wong-wong pelaku seni lan panggonan nginep arupa home stay lan hotel-hotel bintang wis disedhiyani atraksi kabudayaan lokal tepak ahir minggu. Dadi uwong-uwong hang ngelencer nong Banyuwangi magih tetep bisa ndeleng kesenian Banyuwangi masiya mung njugruk nong hotel/home stay hing kathik  melaku-melaku metu.

Kayane nong mangsa pageblug uwong-uwong hang tetep ngelencer akeh hang milih nyuda ubed nong njaba. Kanggo netepi kekarepan iku pak Bramuda  nggandheng uwong hang duwe hotel/homestay supaya nyedhiyani panggonan kanggo atraksi seni budaya ring panggonane dhewek-dhewek.

Ngawiti kekarepan iki Pemkab Banyuwangi liwat Disbudpar nyewa sanggar-sanggar seni dienggo mentas nong hotel-hotel lan home stay, pengangkahe mengarep makene hang duwe hotel nerusaken lakon, bisa ngajak sanggar seni supaya tampil gentenan tepak dina ahir minggu kelawan atraksi hang beda-beda lakone.

Kekarepan iku nduwe pengangkah kanggo ngadhangi  hang ngelencer makene hing kakehan ubed nong njaba, tapi seniman uga ulih penggaweyan masiya magih ana pageblug.

Sakliyane iku, hotel- hotel uga ditawani kelenceran nong njero kutha, polae nong kutha Banyuwangi uga akeh panggonan jujugan ngelencer hang akeh ngemu sejarah lan panggonan liyane hang apik. Kayata Inggrisan, Boom, Pendhapa Bupati hang nong njerone ana  panggonan hang dipercaya minangka sumur Sritanjung cikal bakal dadine  kutha Banyuwangi. Ana pisan umah ndodot hang kaya nong njero bungkere Landa bengen

Hang hing kalah apike ana lompongan jajang nong ngarepe gesibu cocog kanggo potrek-potrekan, jare basane lare saiki Instagramable

Saiki Banyuwangi uga nyedhiyani tumpangan bis ngelencer prei mbayar alias gratis kanggo rakyat  Banyuwangi lan wong hang kelenceran nong Kawah Ijen, Alas Purwo, Pulau Merah lan D'Jawatan.

Kanggo mastekaken aturan protokol Covid tetep dilakoni, sakat kapanane Satgas Covid Pemkab Banyuwangi wis ngetokaken sertifikasi guide, hotel, home stay, warung lan depot. Kanggo ngampangaken hang nglencer wis disedhiyani aran aplikasi website nong banyuwangitourism kari ngundhuh nong aplikasine. Panggonan ngelencer uga wis didelehi CCTV makene gampang ngawasi kadhung ana hang sing miloni protokol kesehatan. 

Satgas Covid saben-saben ngawasi panggon-panggon jujugan ngelencer kanggo mastekaken kadhung kelenceran iku mau aman, rijig lan sehat.

                                                                                                

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Asil liputan

Editor: Hani Z. Noor