Banyuwangi, Santet of Java?
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 04 Juli 2026 06:12 WIB)
- Opini
Ditulis ring Iskak Basuki
Banyuwangi tau diceluki 'Kota Pisang' kerana bengen wakeh gedhang; arane gedhang sak arat-arat, sing ana enteke ditegori saben dina, kaya nyumber. Saben desa ngasilaken gedhang, maneka macem gedhang. Hang duwe gedhang sing tau menyang adoh, ting gedhange wis gadug kana-kana, taker gadug negara manca, diuwot kapal dagang teka pesisire kutha hang diarani Boom.
Ana maning hang nyeluki Banyuwangi Kota Gandrung, ngamet teka kesenian Gandrung hang anane mung ring kene. Banyuwangi uga wis identik ambi Belambangan; duwe basa dhaerah hang disebut Basa Using, mugane ya ana hang ngarani Banyuwangi: Bumi Using. Akeh julukane. Hang anyaran: Sunrise Of Java. Artine paran? Kira-kira, yong hang ngarang dudu isun, kerana papane ring pulo Jawa bucu paling wetan, saben isuk mesthi nyulungi keneng sunare serngenge. Bisa uga maksude, Banyuwangi kaya serngenge hang bangete melecir aju njumbul saya dhuwur, saya bunder, saya padhang; madhangi sekabehe telatah Jawa lan sak werane donya. 'Cekak aose', pendheke, Banyuwangi iki serngenge hang bangete melecir ring Tanah Jawa.
Namane saya terang, saya ketara diwaca wong kana-kana. Kaya urug-urug marani urube damar, wong adoh-adoh saiki padha teka arep weruh sunare. Kaya tawon madu marani arume kembang, wong endi bain padha mara arep nyatakaken ambune banyune hang jare wangi.
'Wow, kereen..." jare lare saiki. "Marvelous.....! Marvelous.....!" jare Jarjit, bature Upin Ipin.
Emane sing ngomong 'Awesome! Awesome!'. Artine padha mujine, mung uneke sing enak nang kuping. Kaya: 'Asem! Asem!' Karepe ngelem, unine kaya ngelokaken.
Hang asem temenan iku wong hang nggawe kaos tulisane: Banyuwangi The Santet Of Java. Asem! Asem temenan! Asem hang kuwecut! Ana, 'Sunrise' mbeleset dadi santhet. Tapi ya....mula ana benere. Ana mula hang ngarani Banyuwangi Kota Santet, mergane sakat wingi taklam mula kondhang santhete. Wong Banyuwangi kondhang nyanthetan. Alae sing kabeh wong kene bisa nyanthet. Dhukun santhet utawa tukang semprong, tukang sebul, tukang senget, mula akeh, merana-merana ana. Hang teka merdhayoh hang akehan. Hang mburuhaken nyanthet mesthi ya ana. Hang ngongkon lan hang disanthet bisa wong kene ya bisa wong endi bain.
Santhet lan dhukun santhet setemene ring endi bain ana, mung arane bida-bida. Ring kulonan ana hang ngarani jengges. Akeh jenise tapi embuh apuwa hang 'ngetop' kok cap santhet teka Banyuwangi. Sing ngecap, sing jare-jare, wong Banyuwangi ana ngendi-endi dadi disungkani, taker diwedeni. Isun tau ngerasakaken dhewek magih manggon ring dhaerah kulonan; padha sungkan serta weruh asale Jawa pucuk wetan.
Jare wong kana, ilmune wong Banyuwangi iku asale teka wong kulon. Ting misale diadu antem-anteman, wong kulon ngantem ngetan, wong wetan ngantem ngulon, menangan wong wetan. Ngantem ngulon iku padha ambi balik, lebih anter pelayune timbang ngetane. Ngetan iku sengka, ngulon temurun. Timbangane ditomplok utawa digiles, hang teka kulon wani ngalahe. Iku jare. Jare iku ya jare....jarang benere.
Jare maning, bengen, wong kulonan kadhung 'boro' ngetan, arane mesthi salin; nyamar, makene sing ngetarani wong tekan, wong teka kulonan. Tosene hang magih mambu ningrat mesthi duwe aliyas, duwe nama liya; mauka, wedi nawi ana hang 'gething', ana hang ngecing, aju main dhukun, main sebul. Repot.
Ngadhepi wong hang cengker, wong kothor atine, wong kothor cekelane, tosene hang bisa nyihir, bisa nyanthet, sing terima sak repotan, pol repote. Uwong tunggale iku tangane sungkan meneng, sing bisa anteng, umek terus kaya gegatelen, kudu-kudu ngantem. Hang sing salah bain diantem paran maning hang duwe salah masiya sak menir. Dhemenane golet musuh, kepingin nyacak-nyacak cekelane, kepingin diarani paling kuwat, paling hebat, paling ampuh.
Enake dikapak?
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.