Basa Arab Silihan ring Basa Using
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 08 Maret 2025 07:26 WIB)
- Opini
Basa Arab Silihan ring Basa Using
Wis anjrah, basa siji lan liyane iku pating silih-silihan ucap. Paran maning kadhung wis ana mambu-mambu keyakinan.
Kadhung bengen, basa Jawa Kuna (ana hang nyebut Kawi) akeh nyilih ucap-ucap teka basa Sansekerta merga hing ana istilahe, uga merga ana hubungane ambi agama.
Dene Jawa duwe basa dhewek hang mburi-burian disebut basa Kawi (Jawa Kuna). Tulisan paling tuwek hang ditemokaken nganggo basa Kawi yaiku taun 731 Saka utawa 809 Masehi.
Aju karya tulis Jawa iki dikelumpukaken ambi Prof. Dr. R.M. Ng. Poerbatjaraka iki ngelumpukaken ring buku kelawan judhul Kapustakan Jawi pirangane periode.
Ana serat/lontar hang nganggo basa Kawi golongan tuwek, ana golongan tuwek lan nganggo sekar (hang nganggo guru lagu cara India hang sing ulih diuwah sithik-sithika), aju ana hang golongan enom, buru golongan Kawi Tengahan, golongan Jaman Islam, lan Jaman Surakarta Awal.
Marek melebune Islam, tulisane wis nganggo aksara Arab pegon (Arab nyeliwah).
Tamtu bain akeh istilah-istilah hang disilih teka basa Arab. Paran maning agama Islam ngatur uripe wong hang percaya sakat melek tangi turu sampek mapan turu.
Wong hang bengene agamane dudu Islam kerep diengetaken kadhung hang dilakoni hing cocog ambi syariat agama, aju muni: sithik sithik syariat...syariat. Aja kakehan syariat wis.
Suwi-suwi ana ungkapan: aja kakehan sereyat naming artine wis uwah, yaiku dudu kakehan aturan agama Islam, naming aja kakehan polah, gedigu jare ruwahe budayawan Hasnan Singodimayan hang ahli basa Arab lulusan pondhok Gontor.
Istilah basa Arab liyane hang wis dadi
istilah ring basa Using yaiku Kuntulan.
Jare Wak Hasnan istilah iku teka Hadara kuntu lailan fi kullu layalin (artine tekane saben dalu lan sewengi njampleng). Suwi-suwi dadi hadrah kuntu lailan, hadrah kuntulan, lebih disingkat maning dadi kuntulan.
Ungkapan hang njuwut teka basa Arab maning yaiku pardu (fardu) hang artine 1. wajib lan 2. niyat.
"Embah lanang merene ana pardu paran."
Maksude embah lanang arep duwe niyat/urusan paran merono?
Paran maning anang nggandheng lare lanang seruwal ijo.
Seruwal asale teka sirwal utawa sirwalun istilah Arab hang ahire dadi seruwal lan kerep disalah ucapaken dadi seluwar.
Melebune Islam, kegawa pisan aksarane. Malah dienggo nyocokaken suwara hang hing ana aksarane aju digawe dhewek, dadi Arab pegon. Hing maido metu lontar-lontar hang ditulis nganggo aksara Arab pegon. Ring Banyuwangi ditemokaken lontar-lontar iki. Kayata Lontar Yusup, Lontar Hadis Dagang, Lontar Sipat Nabi. Malah lontar hang sedurunge ditulis nganggo hurup carakan lan sebagiyan ngemu ajaran Hindu ditulis nganggo aksara Arab pegon, kayata Lontar Sritanjung.
Jare ning buku Loan-Words in Indonesian and Malay (Yayasan Obor 2008), basa Arab lan Persia melebu ring Indonesia sakat abad 14 lan saya ndadi ring abad 20 tepak hubungan nusantara lan negara-negara Arab saya raket ring masalah agama lan dagang.
Lan hing nggawe kaju dhung ring Kampung Arab Lateng akeh ucap-ucap campuran antarane basa Using basa Arab lan basa Indonesia.
"Lim...Salim, ente sudyah mandi tah?"
"Jangankan mandi, raup aja ana tak kober."
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.