Basa Kawi Sudamala Sritanjung (Bagiyan 2, pungkas)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 23 Januari 2025 06:59 WIB)
- Laporan
-80888.jpg)
Basa Kawi Sudamala Sritanjung (Bagiyan 2 pungkas)
Prof. Dr. R.M. Ng. Poerbatjaraka iki ngelumpukaken serat-serat ring bukune hang terbit taun 1952 kelawan judhul Kapustakan Djawi nganggo periode penulisan.
Ana serat/lontar hang kelebu nganggo basa Kawi golongan tuwek, ana golongan tuwek lan nganggo sekar (hang nganggo guru lagu cara India hang sing ulih diuwah sithik-sithika), aju ana hang golongan enom, buru golongan Kawi Tengahan, golongan Jaman Islam, lam Jaman Surakarta Awal.
Ana rong kidung hang jare dadi asal-usule kutha Banyuwangi, yaiku Serat Sudamala lan siji maning hang utama serat Sri Tanjung.
Karo-karone kelebu ring kidung basa Kawi (Jawa kuna) Tengahan. Malah hang kawitan karo-karone nganggo sekar tandhane ana guru lagu hang kudu dipiloni. Dadi bibit perkawite serat Sri Tanjung iki nganggo tulisan carakan.
Naming sakwise melebune Islam lan dikenalaken aksara pegon (Arab nyeliwah), njumbul pisan serat Sri Tanjung hang ditulis nganggo aksara pegon.
Malah ana serat Sri Tanjung hang ngelebokaken episode gandrung Marsan. Kamangka gandrung Marsan iki urip ring bungase taun 1800 lan 1900. Dadi itungane anyar. Ring versi iku, marek Sidapeksa dibantu wong-wong Prangalas bisa mateni Raja Sulakrama, dilungguhaken kuwadhe maning bareng Sri Tanjung lan nanggap tontonan suwine 40 bengi, salah siji tontonane nanggap ludruk lan gandrung Marsan.
Makene ngarti cerita Sri Tanjung kudune weruh sulung cerita Sudamala.
Ring serat Sri Tanjung diceritakaken gok
marek Sri Tanjung dipateni lakine, Sidapeksa, ring pekuburan Setra Gandamayu, aju ruwahe nunggang iwak nuju nyang segara.
Dewi Uma hang ring cerita sedurunge, serat Sudamala, diruwat ambi bapake Sri Tanjung yaiku Sadewa (kemunjilane Pandawa lima) arep mbales budi kelawan nggawa ruwahe Sri Tanjung balik nang ragane hang ana ring Setra Gandamayu. Pekuburan iki bengen dadi kerajaane dhemit hang dipimpin Betari Durga (wujud raksasa wadon teka Dewi Uma tepak marek ditemah ambi Batara Guru. Iyane bisa balik maning dadi Dewi Uma merga diruwat ambi Sadewa utawa disebut Sudamala artine wong kang ngerijigi kothoran).
Pungkasane Sri Tanjung bisa diuripaken maning ambi Dewi Uma merga mula durung wektune mati.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.