Basa Using Lawas

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 07 Juni 2023 07:36 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Basa Using, kayadene basa liyane, mesthi ana uwahe miloni jaman. Uwahe iku ana merga ucap-ucap hang ilang diseren teknologi, hang ilang diganteni ucap liyane, hang uwah artine nyeliwah teka asale lan ana ucap-ucap anyar hang mula durung tau ana sedurunge.

Ucap hang ilang merga teknologi umpamane ngeliwet, namper, utawa karu hang ilang merga wong-wong hing nganggo sublukan utawa kukusan lan dandang maning kanggo adang. Ucap hang sing ana sedurunge kayata suksesi lan wifi.

Ana wong Jawa hang aran R. Soedira taun 1920 nyathet ucap-ucap basa Using lan artine. Sedurunge, Bupati Banyuwangi jaman semono, Harya Notodiningrat, nulis Babad Blambangan bareng ambi wong Landa hang manggon ring Tamansari Licin T. Ottolander, hang ring lampirane nyathet ana 414 ucap-ucap Using hang artine beda teka basa Jawa. Basa Using lan basa Jawa odode mula padha teka basa Jawa Kuna taping basa Jawa merujuk dadi basa Jawa anyar hang ngadoh teka Jawa kuna, dene basa Using lebih ngugemi odode.

R. Sudira iki kadhang kayane sak bagiyan njuwut ucap-ucap hang disusun ambi bupatine lan nambahi keterangan lan conto-conto ring ukara.

Ana ucap-ucap hang seperene magih dienggo lan artine padha. Ana hang artine wis uwah utawa kurang lengkap. Umpamane kadhung wong saiki ditakoni, anake sapi arane paran? Jawabe paling using mung: embeng. Ring cathetane Soedira cumpu dicathet kaya gedigi:

embeng: sapi wadon umur setaun. Dene anake sapi hang lanang sebutane dudu embeng, naming jawen (sapi lanang umur setaun lan emeh metu sungune). Ucap jawen iki wis arang digawe.

Ring kamus Using-Indonesia hang disusun ruwahe Pak Hasan Ali, mung ditulis: embeng-anak sapi; jawen-anak sapi. Hing ana bedane.

Dadi cathetane Soedira iki bisa pisan dadi pituduh kanggo nyugihi kamus Using-Indonesia hang wis ana.

Ana ucap liya hang artine saya nyiyut-nyiyutaken. Umpamane ucap babon, saiki ucap iki kaya mung dienggo tepak ngomongaken pitik. Ring cathetane Soedira, babon uga artine sapi wadon hang wis nganak, nawi uga bisa dienggo kanggo kewan liya. Ucap dara hang ring kamus mung sewates artine ring jenis manuk yaiku burung dara utawa merpati, ring Soedira, dara uga artine sapi hang magih perawan.

Ana maning ucap buken hang artine wong aseli utawa deles. Umpama: Kang Imik iku wong buken Banyuwangi. Ucap iki wis hing tau dienggo. Hang ana mung ana deles.

Gitikan: arane kerameyan nganggo piranti penjalin wungkul dawane sak depa, gantenan ulihe nyampat (nggitik). Ucap gitik iki gandhengane ambi ucap bayu, yaiku perjanjian wong gitikan. Sedurunge dilakoni padha bayu sing ulih nyampat endhas utawa rai.
Saiki wis hing ana maning wong gitikan, dadi hing ana uga bayu. Endane bayu iki bisa pisan dienggo arti perjanjian liyane saiki?
 

Long-long: melaku nerotos bain sing ndeleng dalan hang diliwati.

Sethil: untu coplok.

Tegal: alun-alun. Taun 1970-80an, Taman Sritanjung lan Taman Blambangan magih disebut Tegal. Taman Sritanjung tegal kulon utawa Tegal masjid, Taman Blambangan tegal wetan.

Jadhug. Ring kamus ditulis: sudah besar, sudah dewasa. Ring Soedira artine: wedhus lanang hang sing dikebiri.

Lara tengah: lara weteng. Istilah iki ya wis hing dienggo maning. Ring kamus wis hing dicathet maning.

Maha: nyeja mbeleng hing ngerungokaken. “Sira iku pancen maha, sing tau ngerungokaken omonge wong tuwek,” celathune bapake Musa merga Musa hing nggatekaken omonge bapake, diwarah aja ngganggu omahe tawon, nana keneng senget wis.

Magih akeh ucap hang wis hing tau dienggo maning. Kayata sapa weruh gok panjak iku uga disebut gemblung? Bacot mancung cumpu ana istilahe: rungih.

Sak lengkape cathetan ucap-ucap teka R. Soedira lan R. Binata engko disalin ana ring belambangan.com.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : R. Soedira

Editor: Hani Z. Noor