Bedane Nyekar Ambi Ngeruwah

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 20 Februari 2026 08:05 WIB)
- Opini



Sore ana tulisan bab adat nyekar ring penampan puwasa hang setemene umum kanggone wong-wong Islam lan wis dadi adat ring Banyuwangi (Adat Nyekar lan Pasar Kembang ring Penampan Puwasa). Nyekar asale teka ucap sekar hang artine kembang, dadi nyekar iku ndeleh kembang kirim ring pesareyan utawa kuburan hang maksude ngirim donga kanggone wong tuwek, dulur lan liyane hang wis mujur ngalor.
    Jare budayawan Kang Ujik setemene aran hang cocog kanggone ngirim kembang ngarepaken puwasa iku Ngeruwah. Hing sukur nyekar merga nyekar utawa ngirim kembang iku bisa bain ngirim kembang nang segara utawa nang panggonan liyane.  
    Ngeruwah iku dhasare hadis Nabi, jare Kang Ujik, isine sedhekah ngarepaken ulan puwasa. Kegiyatane kelebu nyekar ring ulan Ruwah ngarepaken Ramadhan. Arahe ning pemakaman. Sak liyane kirim hadhiyah ganjaran wacanan hang miloni sareat, dipungkasi kelawan nyekar. Dhasar hang ditiru yaiku nalikane kanjeng Nabi Muhammad SAW melaku ngeliwati kuburan, ana mayit hang ring njero kuburan disiksa malaikat.
   Kanjeng Nabi bisa rungu aju njuwut jeliringe uwit kurma lan dibeset dadi loro. Hang separo dideleh ring ndhuwure kuburan sijine, separo maning dideleh ring kuburan sijine maning. Selawase jeliringe magih teles, selawase iku mayit hang disiksa disepura.
    Kembang kirim hang dideleh ring kuburan dikarepaken semangsa magih seger iku mau bisa ngendhegaken siksa kubur kanggone ruwahe hang dipetek ring kono.
   Ngeruwah asale teka ucap Ruwah (Sya'ban) ulan ring penanggalan Jawa sedurunge ulan Pasa.
    Kang Ujik cerita iyane tau nggelar Ngeruwah Bareng sekitar taun 2017an. Ring kono, kegiyatane kelebu mbukak terob, genjot lan ana speker (sound system) gedhi ring kuburan. Masarakat padha lungguh ring ngarepe kuburan sesepuhe dhewek-dhewek ambi ndonga.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor