Bedhah Buku Merlike Boso Arum
Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Jumat, 05 April 2024 09:23 WIB)
- Laporan
Uneke tabuhan kuntulan kang rancak ngiringi tekane para dhayoh kang ngadhiri acarane lare nom-noman Ikatan Santri Salafiyah Syafiiyah Sukorejo Situbondo kang ana ring Banyuwangi hususe Sub Rayon Banyuwangi Tengah. Acara digelar Pelinggihan Prabu Tawang Alun Dinas Kebudayaan dan Pariwisata (Disbudpar) Kabupaten Banyuwangi dina Rebo tanggal 3 April 2024 sore, nguweni semangat dhayoh kang padha puwasa. Wiyagane dudu teka kumpulan grup musik naming comotan lare-lare santri teka Giri, Glagah, Kalipuro, Kabat malah ana teka Rogojampi lan Songgon.
Acara Bedhah Buku pitung Sastrawan Santri iki dibuka ambi Dewa Alit Siswanto, Kabid Kebudayaan Disbudpar. Sakdurunge mbukak acara Dewa njelasaken kadhung ring Pelinggihan iki sing didelehi kursi taping padha lungguh silah lan tempo ring gelaran polae panggonan iki dinggo salat. Embuh iku salat duha, salat lohor utawa salat asar, sedheng musala kang ana cilik seru. Aju njelasaken pisan kadhung saiki panggonan situs-situs makam mulai diperhatekaken. Tujuwane wong kang jiyaroh ring situs-sikus iku makene nyaman. Keneng-kenenga bisa ndadekaken para pedagang UMKM bisa mampaataken situs-situs iki mau. Nyang lare-lare santri Dewa uga nyatakaken mongkog mergane lare nom-noman iku wis bisa ngelairaken karya sastra kang wujude gurit (puisi).
Bengen wong Banyuwangi iku pinter ulihe cerita malah kadhang-kadhang obos sing ana juntrungane taping sing gelem ditulis kadine cerita ngenengi Banyuwangi angel digoleti pecake. Ansorik, kang mbedhah buku Merlike Boso Arum kawitan sing kepingin kedadeyan obos thok iku dibaleni maning. Iyane sak kancaan nulis gurit nganggo basa Using, aju didadekaken buku antologi gurit basa Using. Isine nyatakaken rasa pengalamane dhewek nalika ana nong pondhokan. Tepak kahanan dalu lan sepi iyane lan sak kancaan seru kangene nyang tanah kelairan. Ambi nyawang njaba, Ansorik nyacak merangi kangene. Ahire lair rasa kangen iku nong tulisan guritane. Taping sing mung ngenengi rasa kangen iku thok kang ditulis Ansorik. Paran bain kang Ansorik lan kanca-kanca rasakaken nalika magih cilik ditulis pisan ring buku antologi iki. Kadine buku antologi iki didadekaken tema-tema. Sakliyane temane Tanah Kelairan, ana tema liyane kaya nguri-uri budaya, lan kerentege ati jiwa lan sukma. Sedheng pembedhah sakteruse. Moch. Ardi Al-miqdad lebih sagah ring tulisan gurite. Minangka generasi z iyane lebih nduduhaken dhadha kang murub lan barak. Rasa bangkel uga dadi meletike tulisan gurite.
Hasan Basri, ketua Dewan Kesenian Blambangan (DKB) nguweni apresiasi ring karyane lare-lare santri iki. Nalika mondhok suwene telung taun ring pesantren, paran kang dirasakaken lare-lare santri iki padha ambi hang dirasakaken iyane. Sing mung kerana tulisan gurite kang nggarai mongkog taping nganggo basa Using minangka lemah perujukan lan nguri-uri budaya iku kang nambahi rasa mongkoge merga akeh lare nom-noman Banyuwangi kang magih isin nyang basane dhewek masiya tawis asale padha ngomong usinge taping serta nong njaba nganggo basa liyane kang akeh-akehe ngomong basa Jawa. Hasan uga ngarep-arep supaya tulisane ditingkataken lan sing mung ring guthekan thok.
Samsudin Adlawi, direktur JP-RaBa sakliyane mongkog nong lare-lare santri iki taping uga ngeritik bab penulise. Ring buku iki sapa kang nulis gurite hing jelas masiya ring latar mburi wis disebut sapa bain penulise taping siji-sijine judhul gurit sing dicantumaken. Toraneya saben judhul iku kudu ditulis, karyane sapa. Upama ana kang maca lan nggawakaken karya gurite, bisa-bisa mung diwaca no name (nn). Taping Samsudin ngapresiasi mergane ring buku kang disunting Kang Aang iku ana kamus basa Usinge.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.