Ben Arps Bab Buku Basa lan Sastra Using

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 23 Agustus 2025 03:57 WIB)
- Laporan



Ben Arps Bab Buku Basa lan Sastera Using

Siji-sijine wong njaban hang tau sun temoni paseh basa Using, Ben Arps, ngomong gok iyane arep nerusaken bukune bab basa lan sastera Using.
   "Saiki magih akeh kegiyatan. Dadi dosen lan administrator. Tapi muga-muga sak mareke pensiyun, Isun nduwe waktu maning dienggo ngerampungaken bukunisun perkara sejarahe basa Using kang wis Sun garap sakat bengen," jare Kang Ben tepak sun temoni ring dhaerah Blok M Jakarta tanggal 18 Agustus sore.
   Iyane mampir ring Jakarta marek diundang ngisi acara Bahasa Indonesia untuk Penutur Asing (BIPA) ring Universitas Patimura, Ambon.
   "Ya sejarah basane lan sejarah sasterane
basa Using hang diakoni dadi basa sampek saiki. Njaluk dongane," jare Kang Ben.
   Iyane iki saiki profesor lan ketua program studi Indonesia lan Jawa ring Universitas Leiden, Landa.
  Iyane weruh basa Using tepak kawitan melebu Banyuwangi taun 1982, nggolet macaan, nemu ana ring desa Cungking. Aju iyane kawitan rungu wong ngomong cara Using ring angkot (lin-red). Iyane hang wis paseh basa Jawa ngerungokaken basane wong hang ngomong iku dudu Jawa lan dudu Medura. Iyane kesengsem.
   Kang Ben nggawe rekaman lan nemokaken gok macaan Using iku beda seru ambi macapat Jawa Tengah.
   Aju taun 1989, kanggo materi disertasi S3-ne iyane balik nong Banyuwangi, manggon ring Jl. Nias Lateng suwine limang ulan. Tapi ngelopro ring desa-desa kaya Cungking, Kemiren, Glagah kanggo materi penelitiane golet macaan.
   Ngenani basa lan budaya Using, seliyane dienggo penelitian S2 lan S3-ne, iyane akeh nulis artikel pisan.
   Iyane tau nulis "Terwujudnya Bahasa Using dan Peranan Media Elektronik di Dalamnya Selayang Pandang, 1970-2009, (ring buku Geliat Bahasa Selaras Zaman, Mikihiro Moriyama dan Maneke Budiman, ed).
   Jare Pak Ben ring artikel iku, merujuke basa Using sampek kaya saiki, malah sampek dadi basa hang diajaraken ring muatan lokal ring sekolah, lan munggah setatuse iki, merga asile proses politik hang melaku pirangane taun. Sampek basa hang bengen iku dianggep dialek Jawa hang ndesani njumbul dadi basa hang ngadek dhewek. Malah saiki dadi simbol utawa lambang dhaerah.
   Tulisane hang ana hubungane ambi basa Using ya akeh kayata "Osing Kids and the Banners of Blambangan: ethnolinguistic identity and the regional past as ambient themes in an East Javanese town" (2009).
    Uga ana Tembang in two traditions: performance and interpretation of Javanese literature (1992).
   Ana maning: A TOUR OF PANTUN TRACTS, Planes of movement in a song from Banyuwangi (1994).
   Ana bab macaan: Yusup, Sri Tanjung, and fragrant water: the adoption of a popular Islamic poem in Banyuwangi, East Java. 1992.
    Lan: Singing the life of Joseph: an all-night reading of the lontar Yusup in Banyuwangi, East Java. Indonesia Circle 53 (1990):34–58.
   Ana pisan tulisan liyane "Letters on air in Banyuwangi (and beyond): radio and phatic performance" (2003).
   Sedurunge mulang nong Universitas Leiden, iyane tau mulang Bahasa Indonesia lan Jawa ring SOAS London. Ring kono iyane ngetokaken buku bareng ambi wong Inggris Annabel Teh Gallop, Golden Letters (Surat Emas).
   Pengalamane mulang minangka dosen tamu utawa peneliti wis akeh, kelebu ring Ostrali, Amerika, Singapura, Israel lan Indonesia (UNS Solo).
   Bengen ring akun FBne tau posting aran dalan Jl. Bernardus Arps ring desa cilik ring Jerman. Hun takoni, kok bisa aran wong magih urip didadekaken aran dalan? Cumpu iku arane embah buyute jaman bengen hang dadi pelukis lan ngewani kontribusi ring desa iku. Pak Ben ngomong, ana teradhisi ring keluwargane kadhung anak penggarep diarani Bernardus Arps dienggo marisi lan ngeregani embah buyute. Saiki ana enem wong ring keluwargane hang nganggo aran iku.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor