BKX, Njugeri Sejarah Belambangan

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 29 Juli 2020 07:22 WIB)
- Laporan



Akeh dalane kanggo wong-wong Banyuwangi ngabdi nong tanah kelairan. Salah sijine kaya hang dilakoni komunitas Blambangan Kingdom X-plorer (BKX) njugeri sejarah Blambangan makene hing mung percaya nung jare-jare.
"Paling using, kene iki nduwe cathetan bab sejarah paran bain hang ana ring pecake Kerajaan Blambangan sakat teka Lumajang sampek selat Blambangan (selat Bali saiki)," gedigu jare Mas Aji Wirabumi hang ngedekaken komunitas iki.
Komunitas iki rada hing mupakat mula. Hing ana ketuane, taping ana hang dituwekaken, lan hing ana struktur organisasine. Hang ana mung sak kumpulan wong-wong hang dhemen eksplorasi arkelogi lan literasine.
"Iki minangka wadhah kanggo oper-operan inpormasi kabeh pecinta sejarah Kerajaan Balambangan, utamane ring facebook," jare Mas Aji.
"Kene iki mula kudu akeh sinau kelendi carane dadi organisasi hang nduweni struktur lan administrasi hang jelas."
Hang ningkes wong kabeh iku mung rasa dhemen kepingin nguri-uri sejarah Belambangan.
Cita-citane komunitas iki ngenalaken Sejarah Kerajaan Blambangan hang saya rasional, ngenalaken tokoh-tokoh lan tinggalane kelawan nganggo referensi hang mituhu nyang masarakat. "Makene wong-wong weruh lan hing mung rungu teka cerita rakyat hang emeh kabeh hing ana dhasare."
Minangka bahan kajian, Belambangan iki hing pati akeh hang niteni (utamane ring panggung nasional), dadi mula rada abot goleti anggota hang duwe kekareoan hang padha. Nawi merga iku jumlah anggotane ya sithik.
"Kene enget taun 2015, arep ngejak wong marani situs bain seru sarane," jare Mas Aji.
Kahanan wis rada uwah sithik taun 2017, merga anane wong-wong hang wis gelem milu seperene.
Sakat diedegaken taun 2015, BKX nduwe anggota 1.874 wong. Bandhingaken ambi Grup Facebook Banjoewangi Tempo Doeloe (BTD) hang ngadeg ring taun hang padha, saiki nduwe anggota 25.928 wong. Padha pisan ambi grup Facebook Sejarah Jawa (hang uga diedegaken ring Mas Aji), durung ring taun wis nduwe 6.573 wong masiya tah wis sarat melebune rada sara.
Akehe anggota iki bain nduduhaken wong hang gelem niteni sejarah Kerajaan Belambangan dibandhingaken ambi kerajaan liyane.
Kene iki ndeleng seperene Sejarah Kerajaan Balambangan magih akeh dirageni ambi mitos lan dongeng. Masiya Pak Sri Margana wis nulis kelawan cara ilmiyah ring bukune, Perebutan Hegemoni Blambangan, naming kanggone wong umum, Balambangan iku kaya ana kaya using."
Kekarepane grup iki dadi sasak antarane sejarah teka donya literasi lan arkeologi ambi wong umum. Makene sejarah hang rasional bisa saya gampang dimengerteni ambi wong umum.
Masalahe, magih akeh wong hang cengkal hang wis ayem ngugemi tradhisi cerita hang sampek panatik.
Komunitas iki nduweni telung macem kegiyatan.
1. Dum-dum inpormasi Sejarah Kerajaan Balambangan. Bisa ring donya maya, bisa serawungan sanja ring umahe anggota lan kadhang ring situs sak perlu nganakaken Gesah Sejarah, lan bisa nganakaken sosialisasi nyang masarakat lan lalare sekolah.
2. Sanja nyang sejarawan tuwek lan komunitas liyane. Polae akeh inpormasi lintas generasi hang pedhot.
3. Kegiyatan hang dadi inti iku nggoleti situs, eksplorasi. Meh kabeh situs ring Banyuwangi wis diparani. Malah ana hang durung tau diweruhi masarakat, paran maning kecathet ring pemerintah daerah.
Merga werane Banyuwangi, pungkasane komunitas iki nduwe koordinatoe ring Banyuwangi kidul, wetan, kulon lan tengah. Uga ana koordinator ring wilayah pecake Kerajaan Belambangan ring Jember, Bondowoso, Situbondo, Lumajang lan Probolinggo.
Hang nggawe girang kadhung tepak sanja, bisa nemu bata gedhi (bata buta) ring situs.
"Ilang sekabehane rasa kesel munggah mudhun gunung, ngerambah alas, merfa bisa ndeleng jejak sejarah iku."
Tuladhane tepak nggoleti makam Pangeran Agung Wilis merga arep ngusulaken Wilis minangka pahlawan nasional. Paling using ana lima panggonan, lan kene parani kabeh, hare Mas Aji. "Sampek kene nemu Batu Putih hang ana ukirane."
Ring panggonan liya ring gunung hang adoh teka pemukiman, akeh bata hang nduduhaken struktur bangunan kuna. Ana sumur kuna, pecakane tembok/benteng, tumpukan watu-watu gedhi, nemoni pisan guwa-guwa jaman sedurunge jaman Majapahit.



Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf