Candi Jabung: Ngadheg Kaya Gada

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Sabtu, 04 April 2020 10:13 WIB)
- Wisata



Candi Jabung teka kadohan rupane kaya gada wesi kuninge Menak Jingga hang ana ring pagelaran Janger. Ring bongkote ana panggonan cekelane, ring tengahe katon kaya gelagarane tunggak, lan ring pucuke kaya bonggole gada hang bunder kanggone gaman hang dienggo perangan.

Parantah jalarane merga katon kaya gada? Candi Jabung hang ana ring Desa Jabung, Kecamatan Paiton, Kabupaten Probolinggo iki sing kaya candi-candi liyane. Bangunane hang sagah mendhuwur vertical teka kadohan meh madani rupane gamane Minak Jingga yaiku gada wesi kuning hang paceke ana ring tontonan janger.

Candi Jabung manggon ana ring jalur pantura dadine gampang ulihe wisatawan marani. Kadhung dikawiti teka Kabupaten Probolinggo, aju nuju nyang Kecamatan Kraksaan. Candi Jabung adohe mung limang kilometer teka Kecamatan Kraksaan lan 500 meter teka kolam renang Jabung Tirta. Pancene Probolinggo sing adoh teka cerita legenda Menak Jingga iki. Probolinggo dhewek uga tau dadi ibu negarine Belambangan, tepak magih aran Banger.

Melebu nyang Candi Jabung wisatawan sing mbayar karcis aliyas gratis, CandiJabung kelebu salah sijine panggonan wisata hang cocog kanggo pendidikan utamane pengenalan sejarah lan bangunan arsitektur kanggone anak putu.

Sejarah lan Bangunan Candi Jabung

Ring kitab Pararaton Candi Jabung kasebut Sajabung hang artine panggonane wong mati utawa setra utawa panggon kubure Bhra Gundal yaiku salah sijine wanita kerabate Raja Hayam Wuruk.

Pantes bain kadhung Candi Jabung dibangun kanggo ngurmati wong wadon merga ring relief candi iki ana gambarane wong wadon hang nunggang iwak. Iki nggambaraken Sri Tanjung yaiku awujude wong wadon hang duwe bakti lan setiya nyang lakine. Diceritakaken ring lontar, tepak marek dipateni lakine, ruwahe Sri Tanjung nunggang iwak nuju ring alam liya.

Kayadene hang ana ring candi-candi liyane, umpamane candi Penataran, candi Surawana lan candi Bajang Ratu ring Trowulan aran cerita Sri Tanjung hang dadi legenda asal aran Banyuwangi iki uga diukir dadi relief nong candi iki.

Sakliyane gambaran Sri Tanjung ana uga gambaran singa adep-adepan. Gambaran menusa hang ngangsu banyu uga ana ring sak dhuwure gambaran singa mau. Magih kaya bangunan candi liyane ring dhuwure maning ana gambaran buta utawa kala hang dadi rerenggaan ana ring ndhuwure lawang kori.

Ana balok watu ring dhuwure lawang kori hang ngecap tulisan ring tengahe, taun saka 1276 kadhung digawe Masehi dadine taun 1354 Masehi. Kira-kirane iki taun digawene candi iki.

Bangunan Candi Jabung ana nyatane apuwa kadhung rupane candi iki bunder kaya gadane wesi kuning Menak Jingga ring Janger.Temune kabeh bangunan hang arupa bunder iku teka candi Budhistik. Candi Budhistik biyasahe arupa pagoda (stupa) utawa genta hang madep mengisor, Iki dadi ciri wancine bangunan budha kayadene candi Borobudur nong Jawa Tengah. 

Tanduran Maja

Ring pelatarane Candi Jabung uga ana tanduran hang aran maja. Maja iki kelebu wit-witan hang uwohe kelire ijo hang gedhene kira-kira sak uwohe melon. Uwohe maja iki duwe kulit hang atos kaya bathoke kelapa naming isine pait lan sing keneng dipangan. Uwohe maja iki ngengetaken asal arane Majapahit yaiku teka asal uwohe maja hang rasane pait. Mula iku kerajaan Majapahit diweni aran merga ring panggonan ngadege Majapahit akeh woh-wohan maja hang pait.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Wisata jaba kutha

Editor: Antariksawan Jusuf