Cemoro, Guwa lan Kiyai Pekih

Iskak Basuki (dipublikasikan pada Kamis, 02 Februari 2023 08:04 WIB)
- Esai



Taun 90-an magih rame-ramene wong megawe ngojek, ana tukang ojek hang dina iku bolak-balik ngalor-ngidul ngateraken penumpang liwat sengkan utawa  'tanjakan' - kadhung teka Rogojampi ngalor temurun, kadhung teka elor nyang Rogojampi sengko, 'nanjak' - Sempi kono. Kuwasane Alloh, iyane meruhi ana wong lanang kaya wong edan sing ngalih-ngalih teka kono, ngadeg kaya wong linglung nong pinggir kulone lurung. Kelambi sak awake kothor kabeh, gobod belethok setengah garing. 

Sapa tah wong iki? Wong endi tah? Endane wong edan anyaran? Kayane dudu wong parek-parek kene. Sing tau weruh isun ambi peraenane, pikire tukang ojek iku gedigu. Serta liwat kono maning, embuh hang wis ping pira, nyeja iyane mandheg lan nakoni. Ting, saurane wong iku mung sekecap, mung ngucap 'Cemoro, Cemoro....'

Paran maksude, Man? Uwite cemara siji belaka sing ana ring kono. Cemoro arane dhusun ana ring Balak kana, desa ring kecamatan Songgon. Pantese njaluk ater merana. Lumayan adoh, tapi sing paran-paran wis, sekaken. Niyat nulung, digonceng aju wong iku nyang desa (dhusun) hang arane wis kawentar iku.

Ring Cemoro tepak jaman penjajahan bengen ana kyai utawa ulama gedhi uga sakti, arane KH. Abdullah Faqih. Wong kampung nyeluki Kiyai Pekih. Sapa hang sing kenal? Aja maning takon jasa-jasa perjuwangane. Wakeh. Arane Embah Yai iku uga kecathet milu ngedegaken NU ambi ruwahe KH. Hasyim Asyari, bapake ruwahe KH. Wahid Hasyim, embahe ruwahe Gus Dur. Edheng? Iku hang nggawe aran Cemoro kesuwur seperene. Kadhung rika cumpune sing weruh, ya nawi mung rika bain iku hang sing weruh. Liyane, wis weruh kabeh ambi Cemoro.

Seperene pesareane ruwahe KH. Abdullah Faqih - gandheng ambi masjid Cemoro - magih ajeg dijiarahi kaya dene makame wali. Makome alias derajade ruwahe mula Waliyulloh. Sing mung wong Banyuwangi thok hang kenal lan teka sakperlu jiarah, taping wong adoh-adoh pisan.

Ring kompleks masjid lan makame iku saiki wis ana sekolahan SMP, ring elore kono, kontur tanahe mudhun rada nggejlok ngalor - ana guwa hang angker lan katon singit. Mitose jare guwa iku tembus nyang Bali. Ulih percaya ulih using. Jelase, ndeleng topograpine, sakat dhaerah Songgon ring kulone, sampek Cemoro terus ngetanaken sampek Sempi, terus Pancoran, wetane Rogojampi, katon ana padhane. Modhele tanahe iku watu-watuan. Ring pirangane panggonan katon muthuk, ya kaya ring Sempi iku. Teka arah lor yara katon muthuk, nyengkan, unggah-unggahan. Sing mustahil ana rong-ronge utawa guwa ring njerone; dawane bisa bain sedawane puthuke. Biyasahe ring tipe-tipe tanah gedigu iku uga ana kali pendhem, 'sungai bawah tanah'. Jelase ring Cemoro ana cangkeme guwa, ana pelawangane, embuh menjerone gadug endi, iku magih misteri. Taksiranisun dawane sampek gadug Pancoran - saiki ana wisata pemandiane - soale entek-entekane puthuke watu iku ring kono, ngetane maning sampek Tegalwero, sampek Blimbingsari sawah-sawahan rata.

Sapa hang wanen melebu mbuktekaken dawane guwa iku? Kepingin mati tah? Nong pelawangane bain katon padhang, melebuwa tah sithik yara wis remeng-remeng. Selebihe maning peteng sing katon paran-paran, embuh kaya paran, embuh ana paran.

"Ana paran Rika arep ngeleboni guwa iku? Sing ulih! Bahaya! Mati Rika ning njero...!"

Iku uwele Gus Umar, putune Embah Pekih, nyang dhayohe. Dina iku mara-mara ana dhayoh wong adoh, ngakune teka Jawa Tengah. Ndhalang gok maune awake sugih, sukses usahane, aju bangkrut ndadak entek-entekan. Metu teka umahe melaku sak melakune ahire gadug Alas Purwo. Abete mertapa ring kono. Suwi-suwi embuh pira suwene jare ulih wangsit kongkon mara nyang Cemoro, kon melebu nyang guwane. Kepingin mati?

"Saumpami bunuh diri niku mboten dusa Kula ajeng bunuh diri mawon, Gus. Kula pun buntu, Gus. Panjenengan idini kula melebet guwa niku, kersane pun Kula pejah, asal mboten bunuh diri...."

Byek! Anaring donya menungsa hang gedigu. Sing keneng dipenging, sing mempan dialangi, ya wis lakonana. Gus Umar kari-kari ngulihi. Melebu sing nggawa paran-paran, seliya selempangan sarung ambi uyah sak cepuk, wong mutung teka Jawa Tengah iku rekene arep namataken riwayate dhewek, teka adoh-adoh niyat gawe guwa Cemoro dadi kuburane. Wassalam?

Ya sing kirane selamet wong iku, jare Gus Umar. Sing hun pikiri maning, magiya dudu dulur, dudu kanca. Sampek ulih telung dina kok ana tukang ojek nyang umah nggonceng wong edan. Hun kira maune wong edan. Eh, sing weruha kalingana wong iku maning. Jerangkonge tah? Naping kok nunggang ojek? Serta mudhun sikile ya ngambah lemah. Ya, Alloh....! Kepundi Ndika ndamel cerita urip niki?

Ceritane, serta wis lungguh maning ring bale kaya telung dina sore ika, jare hing jelas antarane magih urip tah wis mati awake. Ring peteng dhedhete guwa kadhang sikile bisa njangkah kadhang bisane mung berangkangan. Sing keneng diitung sikil kesandhung, kejelungup, endhas kegenthus-genthus. Pendheke kedhungsang-dhungsang. Hang diarep-arep anaa ula gedhi hang gelem ngontal awake sepisanan makene langsung beres, mati. Tapi sing ana. Sing weruh pira adohe, pira suwene, mara-mara dikagetaken ana wong tuwek kelambine putih-putih, nguwel:

"Kenapa Kowe nganti kepingin mati?! Wis ndang muliha. Muliha! Insyaa Alloh, usahamu bakal urip maneh...."

"Wangsul medal pundi, Mbah?"

"Metu kene...."

Yaiku, sing weruh jawane mara-mara iyane wis ana ring pinggire lurung, aju rada  suwi ditulung wong ngojek iku.
Sedurunge pamit mulih, embuh arep nunggang paran, wong iku nuding poto lawas ring tembok, potone Embah Aji Pekih hang serang lawase wis sing jelas rupane.

"Niku potone sinten nggih? Kadose tiyang niku ingkang kepanggih Kula teng lebete guwa ..." 

(Bwi,0123,ib)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Pemikiran dan Pengalaman

Editor: Hani Z. Noor