Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 30 April 2023 07:12 WIB)
Cercen: Banyu Kedhung Lor Singit
BANYU KEDHUNG LOR SINGIT
Diceritakaken maning nyang KARRUBIYYUN
Nalika isun magih cilik kira-kira magih sekolah kelas 6 Madrasah Ibtidaiyah Darul Huda Penataban Giri Banyuwangi, tepak latihan silat bareng ambi kanca-kanca bengi-bengi, guru silate hang arane Kang Budi, nyeluk lare-lare makene padha ngumpul. Iyane arep cerita.
Dhemenane cerita hang medeni. Tau iyane cerita jerangkong hang sing wedi nyang raina. Ceritane wong hang tepak uripe seru melide, dhemen barange wong liyan, hing tau gelem ngersaya kadhung tanggane ewuh, penggaweyane mung ngerasani eleke wong liya.
Marek dikubur, bengine wis nekani umahe maning. Wong-wong desa hang tau bengkerengan ambi iyane diparani kabeh. Nana, kabeh semembur. Wong-wong kampung hang milu rondha, ditekani pisan.
Gardhu hang biyasahe rame, hing katon sapa-sapa. Mung ana wong siji hang kaya kerukupan sarung, hing ubah-ubah. Tepak ana wong liwat gardhu hang parek bucu dalan kono, buru dikatoni sapa hang
nong njerone sarung. Sak kal keplayon, ngetepeng ambi berak-berak sak kuwate. Cumpu hang keplayon ditututi ambi hang ngatoni, dadi kaya uber-uberan. Suwarane asu mbaung. Jerangkonge malah nekani asune, asune keplayon pisan.
Wong-wong sak desa hing weruh maning kelendi carane ngendheg jerangkong iku. Kisuke, tepak bedhug, wong-wong lanang wis padha semayanan, kuburane arep dijugeri maning, diwacakaken ayat-ayat makene rada adhem. Cumpu bedhug iku, jerangkonge teka, ana lampu neon hang melaku dhewek,
murup, nekani umahe wong hang tepak rapat. Lampune mau mandheg nong lawang kaya ana hang dianteni. Kawitane wong-wong hang nong njero umah hing ana hang paham. Suwene suwi, ana salah siji wong hang ndeleng, ana kedadeyan aneh. Ana lampu neon ngambang hing ana cekelane, taping bisa murup. Iyane mberak, "Jeeee... jeee rangkonggg!”
Wong-wong desa hang tepak rapat, wedi arep melayu taping hing bisa metu umah. Lawang mung siji, ditunggoni jerangkong hang sing katon taping nyekeli lampu neon. Ana lare siji hang awake dhempal, arane Banu, hing duwe wedi, melaku metu. Lampu neone mau dicekel, tarik-tarikan ambi jerangkonge.
Embuh duwe ilmu paran, lampune matek, jerangkonge ilang.
“Seprene jerangkonge hing balik maning,” jare Kang Budi, hang tukang cerita.
“Embuh kadhung bengi-bengi gedigi milu latihan silat,” jare Kang Budi, ambi nekepi raine. Hang aran lare-lare padha mberak kabeh, ambi semembur.
“Jerangkong...jerangkong.”
Kang Budi, hang nggacah lalare mau, mbukak tekepane. “Iki Isun, masa jerangkong.”
Lalare buru meneng maning. Raine padha pucet.
“Pendhekar hing ulih getap,” jare Kang Budi. “Pendhekar hing ulih nyalahan nyang wong liya, taping ya aja mung ngalahan. Pendhekar kudu duwe rasa kanggo mbantu wong liya.”
Saiki Kang Budi celuk-celuk maning, arep cerita maning.
“Bengen ana lare telu sak desa hang uripe susah, nduweni aran Jaki, Rojik ambi Dorik. Lare telu iki uripe susah, sengsara lan dhemenane pating sambat ning kanca-kancane. Si Jaki iki, cumpu duwe sipat
elek yaiku latah. Omongane nirokaken wong liya ambi dibolan-baleni. Kancane hang aran Rojik, larene iku tambeng ndugal tapi ya nurut ning wong tuwek lan mbela nong kancane. Dene Dorik iki rada nyalah, raine pas-pasan tapi jare duwe kesaktian bisa nerawang paran hang durung kedadeyan.”
Lalare lungguhe tambah rapet ngerungokaken ceritane Kang Budi.
Tepak bengi iku Dorik iki diimpeni, ana suwara hang ngongkon iyane kudu nekani Banyu Kedhung Lor. “Kadhung wis nggadug Banyu Kedhung iku, Sira adusa lan sedurunge adus, njaluka paran bain hang Sira jaluk. Mesthi dikabulaken.” Mara-mara Dorik jenggirat tangi, lan ngenget-ngenget paran impene mau.
Engkisuke tepak jam 09.00, Dorik kecaruk kancane, Jaki ambi Rojik. Iyane nyeritakaken
impene mau bengi. Setengahe rada wedi, taping kadhung temenan yara enak. Lare jak telu mula wis kepingin nekani kedhung iku mau. Rungu-rungu jare warga sak ubenge kono, Banyu Kedhung Lor iku seru singite. Raina bain hing ana hang wanen liwat kono. Ana penunggune jare. Ana hang tau ditemoni
gandaruwo jare.
“Isun emong kadhung dhewekan merana,” jare Jaki hang latah lan getap.
Jare Rojik, "Alaaaah aja getap, mayo padha merana, Isun ya seru kepingine weruh kelendi
banyu iku.”
Pungkasane lare jak telon melaku nekani Banyu Kedhung Lor Singit, hang ana ring impene Dorik mau bengi.
Serta wis gadug nong kana, mula panggonane kaya hang ana ring impene Dorik. Ana uwit nangka gedhi ring bucu wetan, ana wit asem hang tengahe bolong.
Hang kawitan nyebur Dorik. “Isun nyacak sulung nyebur ya. Heh... penunggu Banyu Kedhung Lor Singit, Isun kepingin duwe rai hang nggantheng makene didhemeni lare wadon polae Isun kepingin rabi.”
Dorik nyebur sinyongan, nyilep ning banyu. Hing patiya suwi, Dorik munggah mentas banyu.
Hang arane rai elek, saiki katon nggantheng kaya kelentheng. Raine Dorik kemeromong kaya emas hang keneng sunare serngenge. Paca bisa rabi polae mesthi akeh lare wadon hang dhemen nyang iyane.
Rojik hang ndeleng kancane temenan bisa mencala raine, ngothak kelambine milu nyebur nong banyu. “He Banyu Kedhung Lor Angker. Isun kepingin sugih, picisisun akeh.”
Marek mentas, Rojik mara-mara nemu koper ning pinggir banyu. Serta dibukak, isine ana picis sak milyar. Atine Rojik girang, iyane dadi wong sugih hing kathik megawe sara.
Jaki hang sakat mau ndeleng kancane dadi gantheng lan sijine dadi sugih, kepingin pisan milu.
Taping atine magih mang-mang, antarane kepingin taping wedi.
Kancane keloron mau nganteni Jaki hang wis ngadeg, kaya arep nyebur taping hing nyebur-nyebur. Dorik hang hing serantan nganteni, kepingin seru gancang mulih, ngomong ngagetaken kancane. Dorik ngadeg, ambi marani Jaki, nyundhungaken kancane makene nyebur kedhung. Dasar lare latah, Jaki nyebur, ambi melung: “Jaraaaaan.”
Rojik ambi Dorik seru kagete, tepak mentas kancane hang aran Jaki cumpu dadi jaran.
Lalare wis hing wedi maning.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)