Anggitane: Satria Pujangga
(Minggu, 12 Desember 2021 09:11 WIB)

(Cerita Cendhek) Bingkak


“Kukuruyuk... kukuruyuk... kukuruyuk...”

Abane pitik jago belorok hang turu ring uwit jeruk limun mburine langgar muni. Pitik jago iki duwene Guru Badar, guru ngaji hang manggon ring pinggire kampung. Wis dadi persasat, angger jam 3 Subuh muni nggugah santrine Guru Badar. Kabeh wayahe siyap-siyap arep sembayang Subuh. Dadi, santrine Guru Badar wis duwe pertandha kapan wayahe tangi arep sembayang Subuh.

“Lare-lare mayo tangiya kabeh, Belorok wis muni kok. Agage, mumpung durung disiram banyu sak siwur ambi Guru," Salihin mbugahi kancane hang turu ana ring langgar.

“Dhuh, ngipi magih durung tutug wis Sira bugah Hin,” Jawahir njingkat ambi kepungun-pungun.

Salihin, Jawahir, Jaleh ambi Sapi’i wis padha tangi aju melaku nyang cedhing arep wuduk. Ring bucune langgar, abete Jamil magih durung tangi. Mula santri siji iki beda ambi kancane. Iyane santri hang paling cilik, larene meneng sing pati kariya kenyab kaya kanca-kancane. Paceke tukang dikongkoni kancane lan santri paling nurut nyang perintahe guru. Naming kebiyasahane kadhung wis turu mesti mbangkong lan angel bugahane.

Rada suwi lare papat wis padha mari adus lan wuduk. Kabeh melebu maning ring langgar nganteni Guru Badar ambi Mbah Amenah jamaah subuh ring langgar. Jaleh nyolok damar telempik hang ana ring jero langgar. Sapi’i ambi Salihin nyiyapaken papan sembayang. Jawahir mbukak pathele lawang langgar.

“Hin, delengan tah Jamil iku. Sing gelem tangi yah,"  Sapi’i ngguthit Salihin.

“Yara bugahen mau yuh," abane Salihin.

Jawahir hang mari mbukak lawange langgar aju mara nyang Jamil. Tangane Jamil diubah-ubah makene tangi. Naming Jamil sing ngerasakaken dibugah Jawahir. Malah Iyane tambah ngerapetaken sarunge hang dienggo kemul. Malah turune saya ngorok.

“Geningena wis, aja dibugah," jare Jaleh.

“Iya, makene Guru dhewek hang mbugah,"  saute Jawahir.

Noring masjid, suwarane adan Subuh wis mari. Guru Badar ambi Mbah Amenah melebu nyang langgar. Santri papat puji-pujian nganteni Guru Badar arep ngimami sembayang subuh. Guru Badar nyawangi santrine. Disawang, Jamil gok sing ana.

“Lare, Jamil nyang endi iki gok sing ana?” takone Guru Badar nyang santrine.

“Niku Guru, dereng tangi teng pojokan," semaure Jaleh.

“Masyaallah, magih ngorok yah. Mau sing Sira bugah tah lare?” abane Guru Badar maning.

“Empun Guru, naming mboten purun tangi," Jawahir nyauti.

Guru Badar aju mara nyang Jamil turu. Ditabok-tabok boyoke Jamil hang turu kemureb. Embuh ngipi paran, magih sing ngerasakaken bain dibugah ambi gurune. Guru Badar nabok-nabok boyoke saya anter.

“Parane bain sih Sira iki Hin, sing ngerti ana wong turu enak dadi bugah-bugah," abane Jamil ambi ngiplas tangane Guru Badar hang naboki boyoke.

“Lik, Jamil agage tangiya wis Subuh," Guru Badar magih sing mandheg nggugah.

“Kari sing gelem meneng tanganira naboki boyokisun Hin. Engkotah Sira Sun jotos mbonjor Sira," abane Jamil rada mempeng.

Lare papat mau padha gemuyu ngakak weruh tingkahe Jamil. Dikirane Jamil hang mbugah Iyane iku Salihin kanca ngajine ring langgar. Rungu suwarane kancane hang padha ngakak, iyane mbalik awake tangi lan tangane siyap arep njotos.

“Iya, nyak jotosen wis Isun," abane Guru Badar.

“Yeh, Ndika Guru?” sakkal Jamil njingkat ambi kemisinen.

“Gancang, adusa kana. Sun anteni jamaah,"  kongkone Guru Badar.

“Enggih Guru.”

Jamil agage melaku nyang cedhing langgar. Santri liyane padha gemuyu sing mari-mari. Guru Badar ambi Mbah Amenah ya milu gemuyu pisan weruh tingkahe santrine iku. Sing suwe, Jamil wis melebu maning nyang langgar aju sembayang Subuh jamaah. Sakmarine sembayang Subuh, santri jak lima mau aju sorogan ngaji nyang Guru Badar.

*******

Wis dadi kebiyasahane Guru Badar, angger jam 9 bengi metu keliling nang langgare sak perlu ngintep santrine. Ambi nggawa damar kelenthung, Guru Badar mara nang ngarepe langgar ngitung gemparan santrine hang turu nang langgar. Mari diitung magih cukup ana limang pasang, tandhane santrine ana ring jero langgar kabeh sing ana hang metu.  Guru Badar balik maning melaku nang umahe.

Gadug ngarepe lawang umah, pikirane rada sing enak, kaya-kaya ana hang sing bener. Iyane buru enget dhung bengi iki ana tontonan janger ring Gurit. Rada telikas Guru Badar balik maning nyang langgar ngintep santrine. Edheng-edheng ngengekaken lawang taping sing keneng, wangune dipathel teka njero. Aju Guru Badar ngalih nang cendhela. Serta cendhela diengekaken, Guru Badar kaget gok nang jero langgar mung kari Jamil hang wis turu ngorok. Guru Badar nggeremeng ngomong dhewek.

“Cilaka lare-lare iki, gemparan nang ngarep cukup, taping nang jero mung kari Jamil thok hang turu. Sing luput padha ndeleng janger, awas titenana Sira kabeh yah!” Guru Badar nggeremeng.

Guru Badar edheng-edheng melebu liwat cendhela, aju cendhelane dikancing maning teka njero aju metu liwat lawang. Guru Badar sing balik maning nang umahe tapi turu nang ngarepe langgare arep nyegat santrine hang mulih ndeleng janger. Guru Badar turu serungkuban sarung makene sing ditenger santrine. Kesuwen ngenteni santrine sing ana mulih, Guru Badar kesirep temenan.

Kira-kira jam 12 bengi lare-lare hang ndeleng janger abete wis padha mulih. Jaleh, Salihin, Sapi’i lan Jawahir edheng-edheng marek nang cendhela arep melebu maning nang langgar. Jawahir nyobak mbukak cendhela taping sing keneng.

“Cendhelane sing keneng diengek yah," abane Jawahir.

“Halah hang bener apuwa, endi acake. Eh iya sing keneng dibukak," Sapi’i gumun.

“Paling kelakuwane Jamil iki, cendhela dikancing wedi dileboni cuba," jare Jaleh

“Acake ayo dideleng lawang ngarep,” ajake Salihin.

Lare papat mau ambi mungkruk-mungkruk mara nang ngarep langgar. Gadug ngarepe lawange lare-lare mberejag gok ana wong turu nang ngarepe lawang langgar.

“Nagud nawi Jamil iki, cendhela dikancing malah turu ning kene," abane Jaleh.

“Aja dibugah, hang enak digudha lare iki," jare Jawahir

“Dikapak enake yuh…?” takone Sapi’i

“Leh, Sira goleta tali! Hir, Sira njuwuta banyu sak timba!” perintahe Salihin nyang kancane.

“Dienggo paran?” Sapi’i takon paran karepe Salihin.

“Wis menenga, engko yara weruh!” jawabe Salihin.

Sedhilutan Jaleh ambi Jawahir wis teka nggawa tali ambi banyu sak timba mara nyang Salihin hang wis nganteni. Sapi’i mung meneng bain nganteni paran karepe Salihin mau.

“Leh, sikile Jamil talenana karone gandhengen dadi siji!” Salihin ngongkon Jaleh.

“Edheng-edheng aja sampek Jamil tangi!” Jawahir nempali.

Serta sikile Jamil wis mari ditaleni, Salihin ngongkon Jawahir nyiram Guru Badar hang turu nang ngarepe langgar hang dikira Jamil. Bresssss. Banyu sak timba nggerojog nang awake Guru Badar. Sakkal Guru Badar njingkat ambi melung-melung.

“Cilaka… Duraka… kelakuwane sapa iki kari muyab, wong tuwek dienggo menganan, awas Sira yah Sun sampat penjalin,"  suwarane Guru Badar mberak.

Lare papat mau kaget semembur serta weruh hang turu sikile ditaleni lan disiram banyu iku, Guru Badar. Magih ambi rada bingung kegawa kaget, Guru Badar ngadeg arep nguber lare-lare iku mau. Taping Guru Badar sing ngarti gok sikile ditaleni. Buru arep melayu Guru Badar wis keserimped aju tiba gemabrus kesereb nang ngarepe langgar. Guru Badar saya mberak ambi celathu.

“Duraka pitu likur Sira kabeh lare! Amenah… Amenah… duraka kabeh lare-lare iki," ambi melung nyeluk Mbah Amenah.

Ambi mempeng, Guru Badar njuwut gemparan sak nemune aju diserampangaken nang lare-lare hang semembur. Teka kadohan rungu suarane Mbah Amenah melung-melung.

“Adhuh…. Adhuh… endhasisun pecah wis Kang…!” suwarane Mbah Amenah.

“Apuwa Dhik…?” takone Guru Badar ambi nyoplok tali ring sikile.

“Endhasisun keneng gemparan miber," Mbah Amenah ngusuki endhase.

Temakaken gemparan hang diserewataken Guru Badar sing keneng lare-lare malah ngantem endhase Mbah Amenah. Engkisuke lare papat mau dikongkon ngadeg jejer nang Guru Badar aju kempole disampati penjalin siji-siji sampek mbiler. Bingkak temenan kelakuwane santri-santri iki.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Cerpen Satria

Editor: Hani Z. Noor