Anggitane: Satria Pujangga
(Minggu, 13 Maret 2022 09:31 WIB)
(Cerita Cendhek) Bingkak 2
Mari sembayang Asar, santrine Guru Badar mangkat rijig-rijig ring saubenge langgar. Salihin, Jawahir, Jaleh, Sapi’i ambi Jamil padha nyekel pacul ambi arit dhangir-dhangir suket ring ngarepe lan uga ring sandhinge langgar. Biyasahe rijig-rijig mung sakderma nyapu dhekete godhong jeruk limun lan godhonge jambu keluthuk hang ana ring ngarepe langgar. Pegaweyan wis ajeg dilakoni angger isuk lan soren.
Naming dina iki rada bida ambi biyasahe. Suket-suket lan empange jambu keluthuk dirijigi pisan. Mergane dina iki pas wayah dina malem Nisfu Sya’ban. Ring dina malam Nisfu Sya’ban mesthi dianakaken selametan ring masjid. Guru Badar ya sing kelalen milu selametan ring masjid. Santrine kabeh diajak nyang masjid kanggo milu selametan mengeti malem Nisfu Sya’ban.
Bangete lare-lare ngersaya rijig-rijig ring langgar, Guru Badar teka nyang lare-lare ambi nggawa budhing lan genter jajang.
“Lik. Jawahir, meriniya tah sulung, arite iku gawanen merene sedhilut," abane Guru Badar ambi tangane ngawe Jawahir hang babad-babad suket ring ngarep langgar.
“Enggih Guru.” Jawahir mara nyang Guru Badar. “Enten napatah Guru?” Jawahir nyelehaken arite ring ndhuwure gelugu panggonan Guru Badar lungguh.
“Ngameta godhong rong papah ring mburine langgar aju gawekena ancak," perintahe Guru Badar nyang Jawahir.
“Oh Nggih Guru.” Jawahir nyandhak sengget hang digawa Guru Badar aju melaku nyang mburine langgar.
“Nak nyengget paran Sira Hir, nggawa sengget iku?” Salihin mara nyang Jawahir.
“Arep ngamet godhong rong papah, kon nggawe ancak ambi Guru.”
“Eh iya yuh, engko bengi ra selametan malem Nisfu Sya’ban ring masjid.” Salihin buru enget kadhung engko selametan.
“Wis, Rika juwutena budhing ring Guru mau ambi nggawa jajang sigaran enggo seler. Tulungana Isun nggawe ancak!”
Salihin melaku njuwut budhing hang digawa Guru Badar. Sing suwe Salihin balik maning nyang Jawahir hang nyeret godhong teka papahe. Jawahir mangkat nggawe ancak, Salihin nyigari jajang aju dikeroti dibuwang welade. Godhong hang mari diseret aju dilepit. Ancak wis dadi, lepitan godhong aju dideleh ring ndhuwur ancak arep dienggo ngesah.
Santri liyane wis padha lungguh ring terase langgar padha ngempos mari rijig-rijig. Pekakase diringkesi ambi Jamil aju dibalekaken nyang panggonan pekakas. Jaleh ambi Sapi’i gesah ring ngarep langgar ambi kipas-kipas ngilangaken keringet ring awake. Mari nguwakaken ancak nyang Guru Badar, Jawahir ambi Salihin balik nyang kanca-kancane hang lungguh ring teras langgar.
“Lare, engko ra selametan yara yuh," abane Sapi’i.
“Iya, aju apuwa?” Jaleh nyauti.
“Kadhung ngandhelaken kembulan ring masjid, weteng ya magih elom dalu-dalu engko.”
“Alak nagud Rika iki Sapi’i, jare Hun yara arep milu nggawa asahan teka umah," Jaleh nyundhungaken Sapi’i sampik kelumah.
“Naming ana benere paran hang diomongaken Sapi’i mau, Leh," abane Jawahir.
“Ana benere kelendi maksudrika?”
“Ya endane tah. Angger dalu elom, mangan sega liwet ambi sambel thok. Mumpung iki akeh panganan enak, ya mangan sega acak tah," abane Jawahir.
“Carane kelendi? Kadhung mulih gawa ancak teka masjid ya isin.” Salihin takon nyang kanca-kancane.
Jamil sing ngerti dheng-dhengan nyang paran hang diomongaken kanca-kancane. Iyane wis kesirep ambi semendhe ring lawangane langgar. Santri siji iki mula bida ambi kancane. Jamil iki kesirepan, pokok sing ana hang ditandangi mesthi kesirep nang endi panggonan. Naming masiya gedigu, Jamil iki welasane Guru Badar ambi Mbah Amenah. Mergane iyane santri paling nurut lan sing pati bingkak kaya kanca-kancane.
Santri papat mau rundhingan kelendi carane engko dalu bisa mangan sega ancak maning ring langgar. Pungkasane kabeh padha bingung mikir. Bangete padha bingung dhewek-dhewek, Sapi’i gemuyu sak antere ngagetaken kancane. Sakkal Jamil hang kesirep ring lawangan mau tangi njingkat ambi kepungun-pungun.
“Apuwa Sira iku Sapi’i, sing ana samparane mara-mara gemuyu sak antere," Salihin magih kaget nyang tingkahe Sapi’i.
“Isun wis weruh kelendi carane engko dalu bisa kembulan ancak maning ring langgar.”
“Carane kelendi?” kabeh nyaut barengan.
“Merinya Sun bisiki bain. Aja sampik rungu Jamil, gulakane engko wadul nyang Guru.”
Salihin, Jawahir lan Jaleh marek nyang cangkeme Sapi’i.
“Engko ancake Guru Badar bain hang dicolong ring tengah dalan," bisike Sapi’i nyang kancane.
“Endi bisa? Paling ya hang dikongkon gawa ancake nyang masjid ya Jamil," abane Jawahir sing yakin.
“Ya makane iku, tepak ring tengah dalan kudu ana hang ngganteni Jamil nggawa ancak nyang masjid,” jare Sapi’i.
“Aju sapa hang dikongkon?” Jaleh takon nyang kancane.
“Ya Sira, Leh.” kabeh kancane nduding nyang Jaleh.
“Nagud, pungkasane Isun hang ketiban sampur yah.”
Kabeh padha gemuyu. Lare-lare wis mantep nyang rencanane Sapi’i arep nyolong ancake Guru Badar. Mari rundhingan, lare-lare aju padha nyang banyu kedhung arep adus lan siyap-siyap arep nyang masjid milu selametan Sya’banan.
*****
Ring masjid suwarane tarhim magrib wis muni. Santrine Guru Badar wis kumpul ring langgar arep jama’ah sembayang maghrib. Guru Badar ambi Mbah Amenah wis melaku nyang langgar. Santri lima mau puji-pujian ngenteni suwarane komat ring masjid. Mari komat aju kabeh jamaah maghrib ring langgar.
Mari jamaah, aju wiridan sedhilut bain polae arep langsung nyang masjid nekani pengajian selametan Sya’banan. Dongane Guru Badar sing kari dawa kaya biyasahe. Pungkase ndonga, lare santri aju salaman nyang Guru Badar.
“Jamil, engko mampira nyang umah sulung ya. Ancake gawanen nyang masjid. Isun melaku sulung,” abane Guru Badar.
“Enggih Guru.”
Kabeh mudhun teka langgar aju melaku nyang masjid tut buri ambi Guru Badar. Jamil hang pawakane mula lemes lakune lendhu lenthak-lenthok njuwut ancak nyang umahe Guru Badar ambi Mbah Amenah. Guru Badar melakune rada telikas masiya umure wis sepuh. Jaleh melakune rada nganthor-nganthor arep nyegat Jamil hang bagiyan nggawa ancak. Iyane mandheg ring dalan hang rada sepi.
Sing sepira suwe, Jamil katon liwat ambi nyuwun ancak. Jaleh api-api balik nyang langgar. Melakune digawe katon gupuh kaya ana hang arep dijuwut.
“Arep nyang endi Sira Leh, kok kari gupuh iku. Sing nyang masjid tah?” takone Jamil.
“Yaiki, kethunisun kelalen yah,” abane Jeleh.
“Gok bisa kelalen iku kelendi sih?”
“Mari wuduk maning mau, aju gupuh lali. Wedi kasep nyang masjid.”
“Yeh, gedigu?”
“Mil, digi bain wis. Isun njaluk tulung gawakena kethunisun, ancake makene Isun bain hang nggawa nyang masjid,” Jaleh mangkat ngelakoni rencanane mau.
“Iya wis Leh, maning Isun ya ambi arep njuwut sajadah.”
“Kari tepak, kebeneran temenan iki.” pikire Jaleh.
Serta Jamil wis mungkur, Jaleh edheng-edheng nyelindhut nggawa ancak nyang langgar liwat kebonan makene sing ketemon Jamil. Ditulih teka kadohan, Jamil wis melaku maning balik nyang masjid. Agage Jaleh nggawa ancake melebu nyang langgar, aju diserungkub sarung makene sing ketara.
Mari ndeleh ancak, Iyane telikas melaku nyang masjid. Ring masjid pengajian selametan Sya’banan wis mangkat. Uwong padha maca surat Yasin ambal ping telu. Mari maca surat Yasin aju ana ceramah masiya sithik ambi nganteni wayah sembayang Isya’.
Donga mari sembayang isya’ wis pungkas. Para jama’ah padha salam-salaman njaluk sepura arep mapag ulan puwasa. Jama’ah aju padha kumpul ring serambi masjid lungguh jejer nganteni dum-duman ancak. Serta ancak wis dicepakaken nang wong hang lungguh jejer aju mangkat kembulan mangan sega ancak. Semono uga Jawahir lan sak kancaan santrine Guru Badar lungguh jejer dadi sak grup kembulan sega ancak.
Kadhung ana hang sing entek ulihe kembulan, karine sega ancak digawa mulih kanggo dipangan maning ring umah. Bida ambi Jawahir sak kancaan, sega ancak sing katik ana karine. Kelendi arep ana karine, ancak siji dikembul jak lima.
“Byek, wetengisun buru selisih ya hang ana isine," Sapi’i ngusuki wetenge.
“Wadhukira wadhuk paran ndane? Magih elom bain ak,” abane Salihin.
“Ya marine kelendi? Wis mula gawane lahir, arep perotes nyang sapa?”
Mari mangan kembulan, lare-lare magih gesah nganteni isine weteng mudhun. Ambi nganteni uwong-uwong mulih kabeh aju arep nulungi ratib rijig-rijig masjid hang mari dienggo kauman. Kadhung sing ditulungi sekaken ratibe singkrih dhewek pecake ancak lan godhong hang ditinggal wong mari kauman. Sakmarine singkrih lan rijig-rijig lalare padha balik nyang langgar.
“Kelendi iki, mari dienggo rijig-rijig pungkasane wetengisun merongsod maning yah," Sapi’i mbaleni ucape ring masjid mauka.
“Ya ayo wis, ancak hang mau dikembul saiki bain. Nganteni engko dalu nawi Sapi’i semaput lempiriten," abane Jawahir.
“Halah sangking Rika iku ya elom pisan. Dadi kancane dienggo alasan. Ayo wis diangkati kembulane.” Jaleh mbuka sarung hang dienggo nyerungkub ancak mau.
“Eh iku kaya ancake Mbah Amenah hang Sun gawa mau.” Jamil nenger-nenger ancak hang digawa Jaleh.
“Uwis aja kesuwen, ayo dikembul saiki. Nganteni engko nawi dikerubung semut, yara wurung mangan wis.” Sapi’i mbukak ancak hang ana ring ngarepe.
Pungkasane Jamil ya milu kembulan ambi kanca-kancane hang bingkak iku. Enggo paran dipikir iki ancake sapa. Hang penting saiki mangan maning mumpung weteng magih durung wareg. Kadhung weteng elom nggarai sing bisa turu. Bangete enak-enake kembulan ancak, Guru Badar mecungul nyambangi santrine ring langgar.
“Lare, tuliyane kari enak nyawang Sira kabeh kembulan.”
“Enggih Guru, mangga meriki tumut kembulan.” saute lare-lare.
Guru Badar mara milu kembulan sega ancak hang seru enake.
“Byek enak temenan sega iki. Kari pinter hang olah-olah.” Guru Badar ngelem rasane asahan hang dikembul Iyane ambi lare-lare.
“Enggih Guru, mula enak asahan niki,” lalare ngempet gemuyu.
“Hulung tah. Sunrasakaken asahan iki rasane kaya olah-olahane Amenah,” Guru Badar mangkat curiga ambi asahan hang dikembul bareng lare-lare santrine.
“Nggih niki mula asahane Mbah Amenah Guru. Wau mboten dibeta teng masjid," semaure Sapi’i ambi sing kuwat ngempet guyune.
“Kurang ajar temenan Sira Lare.. Kari sing mari-mari ulihe bingkak Sira iki," Guru Badar kaget ambi kebeselek rungu semaure santrine.
Sak kal lare santri mau padha bubar melayu metu teka langgar. Mung Kari Jamil hang nutugaken mangan sega ancak ngancani Guru Badar hang sing bisa arep muring weruh kelakuwane santrine. Jamil sing wani melayu, mergane Iyane lungguh pas ring sandhinge guru Badar.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Cerpen Satria
Editor: Hani Z. Noor-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)