_Garus-33472.jpg)
Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 26 Januari 2025 09:57 WIB)
(Cerita Cendhek) Garus
Garus
Sakat subuh wis entek wektune, rantag serngengene, Bik Asiyah kaya megawe nana putuse. Dagangane mula sak anane janganan. Ana godhong kelor, kelenthang diuntingi telu-telu, gundha, kangkung, bayem, ontong, pakis Kalibaru, kembang lucu, langkir, lan sepiturute.
“Pakis Kalibaru iki mula bida, enom-enom. Ibarate magih enom gelungan, kadhung hang wis tuwek kaya rambut rewegan. Iki wis hun pilihaken hang apik-apik,” abane Bik Asiyah. Tangane kaya nana mandhege, ngelebokaken dagangan hang payu nong njero tas keresek, nampa picis, nyusuki. Picise dilebokaken nyang tas kembang-kembang hang diselempangaken nong awake.
“Piraan iki pakise, Bik?" pitakone hang tuku.
Bik Asiyah kaya tau rungu suwarane, taping magih durung nengeri temenan. Kaya anake Bik Indun hang umahe nong wetane langgare Man Sapi’i Lateng.
“Iki Dhik Uwang, tah?” takone Bik Asiyah.
“Nggih, Bik.”
“Heh, jarehun sapa yak. Tepak mulih tah kelendi?” Bik Asiyah weruh gok Dhik Uwang milu rabine megawe nong Surabaya.
“Nggih Bik, mulih meriki sakteruse empun.”
“Lah...Apuwa?”
“Lakinkula sampek umur. Timbang nong umahe tiyang mboten enten pendamelan, kalih Apak dikengken wangsul.”
“Innalillahi...wis suwi tah?”
“Biri mawon nggih. Enten nawi sak ulan.”
“Anake pira saiki?”
“Kalih, magih sekolah SD sedaya.”
Enake pasar teradhisional ya gedigi iki. Liyane ana adol lan tuku, ana pisan gesahan macem-macem kahanan hang nggarai pasar iki urip. Kadhung nong supermarket hing kira hang dodol takon kabar anake hang tuku.
Mara-mara Bik Asiyah nungkuli Dhik Uwang. Kaya gupuh dhewek ngeladeni wong tuku hang nganggo bonel abang. Wonge tuku lobok, langkir, ambi bayem. Kabeh petangewu limangatus. Picis limangewu wis disusuki limangatus.
Dhik Uwang kaya metenggengen ditinggal Bik Asiyah ngelayani wong bonelan abang. Sakmareke wonge lokat, Bik Asiyah mareki Dhik Uwang maning.
“Sepurane ya Dhik. Wong iku kudu dilayani sulung. Kadhung using, ana bain hang digondhol, dilebokaken etase. Arep nakoni hing enak, sekaken nyang uwonge, arep hing ditakoni kari katon mata. Dadi saiki, Isun weruh wis. Saben iyane teka, hun layani sulung makene hing kakehan hang dilebokaken etase.”
“Dhuh Gusti,” batine Dhik Uwang. Sepuntene hang gedhi. Mugi-mugi diedohaken kula kalih larangan Ndika. Aja sampik, kula, anak putunkula dadi uwong-uwong hang ngadohi dalan lurus hang empun Ndika duduhaken.
Sakjege ditinggal rabine mujur ngalor sulungan, Dhik Uwang uripe rada susah. Rabine mung pegawe partikelir hang sing duwe pensiyunan kadhung wis sampek umur. Umahe ya mung ngontrak ulanan. Dadi marek kesripahan, iyane diceluk apake balik maning nong Banyuwangi. Kelendi-kelendiya, urip ambi apak emake rada ngurangi kesusahan uripe. Panggonan hing kathik mbayar, kebutuhan saben dinane lebih murah nong Banyuwangi timbang nong kutha gedhi.
Tinggalan rabine mung anak loro lan tabungan hang hing sepira akehe. Emane wong tuweke magih ana, dadi magih ana hang mbantu. Anak-anake hang magih cilik pindhah sekolahe magih hing patiya sara.
Ndileng wong bonel abang mau, Dhik Uwang atine tambah keranta-ranta. Hing ana wong nang ndonya iki hang gelem urip nyalah nang wong liya kejaba wis kepepet temenan, digu batine Dhik Uwang. Wong bonel abang mau mesthine ya urip susah sampik ngelakoni ngenthit janganan hang sing sepira regane. Mesthi iyane ya duwe anak hang kudu dipakani saben dinane. Dhuh, kelendi rasane makani anak ambi barang-barang hang hing halal. Kelendi rasane atine wong tuwek makani anake barang hing bener. Muga-muga Gusti nduduhi dalan lan ngeweni rejeki sak cukupe nyang wong mau.
“Isun iki ya setemene hing paran-paran Dhik, ana wong kaya gedigu. Hing paran-paran mbagi rejeki masiya sithik. Isun dodolan iki ya hing golet donya bisa dienggo tuku montor. Hang penting cukup mangan saben dinane. Lalare bisa sekolah, wetenge hing kelomen. Marek wih.”
Atine Dhik Uwang tambah seru keranta-rantane. Iluhe emeh tembeblug taping aja sampik katon Bik Asiyah, ngatonaken uripe hang susah. Cukup iyane bain hang weruh. Gusti Pengeran kabeh hang weruh kelendi-kelendine. Saben mahluke wis diwani rejeki dhewek-dhewek. Wis ana tulise. Wis ana takerane. Kari iyane hang ihtiyar golet dalane.
“Donya kadhung digoleti raina dalu nana putuse, Dhik Uwang,” jare Bik Asiyah. Isun marek iki jam sanga nak tutup. Nak nyiyapaken mangan anakisun engko mulih teka sekolah. Soren, belanja maning dienggo dodolan engkisuk. Gedigi iki saben dina Hun lakoni. Taping ya wis terima hang gedhi nyang Gusti Hang Nduweni Donya. Pira-pira Iyane wis gelem ngewani rejeki nong Isun lan sakkeluwarga, bisa nyambung urip.”
Bik Asiyah, kari padhang dalanrika. Masiya atase mung wong dodolan sayur nong pasar, taping paserahe kaya Embah nyai nong pesantren. Muga-muga Pengeran ngewani rejeki hang cukup.
Kaya bisa maca atine Dhik Uwang, Bik Asiyah semaur, "Rejeki iku dudu mung picis hang hun tampa iki Dhik. Pengeran ngewani isun kesehatan, bisa dodol, bisa adang, bisa melabot nyang umahe tangga, bisa paran bain, iku ya rejeki.”
“Nggih Bik,’ saute Dhik Uwang. “Kaya Mama Dedeh suwi-suwi Hun rungokaken Bik Asiyah iki.”
Bik Asiyah munyik dhewek diwarah kaya Mama Dedeh. “Pantese kadhung wis melebu tipi, wong-wong padha njaluk tèkenanisun ya...hahaha.”
“Garus Bik Asiyah,” semaure Dhik Uwang.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.