_Hing_Ana_Ceraken_ring_Pawone_Emak-54280.jpg)
Anggitane: Nur Holipah
(Minggu, 09 Februari 2025 06:24 WIB)
(Cerita Cendhek) Hing Ana Ceraken ring Pawone Emak
“Magiya, arepe dideleh endi?” abane emak ambi ndondomi seruwale apak kala-kala hun tagok, gok isun ya kepingin weruh rasane madhang ring meja makan kaya ring tipi-tipi. Nyaling enggo tuku meja makan, bangur enggo nempur, abane.
Pawone emak hang magih latar lemah mula cukup kanggo: ngedegaken bengahan leng loro lan rak kayu hang rada reot dimujuraken ngalor mbokongi temboke jedhing. Pelanca hang bengene dienggo ngandoh piring pengaron lan pekakas pawon liyane wis dielih ring bentur. Silure, meja teka kayu jati hang kala semana picisan petangatus-seket ewu dienggo ngendoh paran-paran. Ana toples pecake astor lebaran wis mari dikorahi rijig genti enggo madhahi bubukan lan gula, ana termos cawise nyorot wedhang hang tutupe kelire ijo, ana ketel luntrik diandoh rada minggir gena adhinisun hang cilik gadug nggape tepak ngelak masiya tah wis tetep kudu ambi ndingkik. Kurungane sega ngudhungi panganan ana ring tengah, nyeja digelari lap rijig gena sing pati diungangi cecek.
Elongan mejane dadi panggone apak ngandoh belangse imbon-imbonan gedhang, sukun, apokat, lan liyane. Apak ya maroti curigane solar lan tangki nyemprot ring kunu. Kala-kala sewo, adhik ya angger sengidan ring elongan meja iku serangne bisa diselundup. Belangse pecake emes dilepit, dikelumpukaken, diedol kadhung nepaki ana wong golet.
Ring kiwane ketel luntrik mau, emak ngandoh ceraken hang asale bengen digawekaken apak ulihe leles kayu kelapa bangete ana wong negor uwite ring pareke jurang sawahan. Ceraken iku dienggo ngandoh bawang putih, bawang abang, botole lenga keletik. Serehne lobok lan ranti diwadhahi ring tumbu pecake wadhahe tape teka juragane apak hang jare mari teka Bondowoso kala semana. Kadhung isun njaluk tuku es lilin hang satusan ring Mbah Muroh, ring selempitane ceraken emak angger maroti kenthingan kelir kaya kuningan, gambar karapan sapi.
Pawone emak hang hing kari wera uga hing kari supek iku, bengene ana kandhang pitike. Isun seru bangkele kadhung wis mudhun ngaji, durung sampek coplok kudhung, wis dikongkon nggiring pitik melebu nyang kurungan. Masiya gedigu, isun ya milu getun tepak pitike apak digondol maling. Ketang lawang pawone emak mung dipatel, pantes bain malinge lancar nyait selote aju nggawa pitik-pitike taker gemet. Tangane sapa hang ngelithis nggondol hing pati dipikir ning Apak.
Semasa iku, serehne wis sing duwe rawatan, pengaron diiseni banyu kanggo wisuhan diandoh ndhuwure kandhang hang wis dirijigi. Pengaron iku ya dienggo ngekum aren pecake madhang serehne hing ana panggon korah-korah hang ana banyu kemelocore. Emak ngasahi aren-aren kotor ring kulone umah ambi ngilekaken banyu nganggo selang. Apak mula durung bisa masang ledheng dhewek anyar-anyare ngalih. Magih nyalur nyang langgar aju milu nguruni mbayar saben ulan.
“Idek-idekena Beng...” penjaluke emak saben mari Maghrib kadhung wis mari ngangsu imbal ping pitu, ngiseni genthong. Hang sun enget, isun dhemen seru rungu banyu dikuntek hang muni kemesor nyang jero genthong. Aju tutupe ditindihi siwur hang kemureb. Segere ngombe banyu teka gentong iku kaya nambani garinge gorokan tengah dina, bangete memengan.
Mung ana kursi kayu semandhing ring pinggire meja, madhep ngulon lan madhep lawang pawon. Kursi iku dadi panggone apak saben madhang lan ududan. Uga kaya milu nyakseni apak bangete mbelkethut bathuke kadhung pas asil panen parine sod. Apak gelis merlambangaken rejekine bancar merga kala-kala meruhi ana jamur ulan ring pojok elongan meja hang lemahe kemerubuk.
Bangete asil panen hing bisa dicageraken, pungkasane suwengisun lan adhik, diselang. Mauka, enggo nerusaken lakon, abane emak. Kadhung ulih panenane wis ‘lega’ lan ana karine, emak buru ngejak isun ngetan. Ngetan iki tegese nyang pasar. Emak sing lali nyiluri suwengisun hang saban-sabane diedol nggo nambel embuh iku kurangane nyingkal, tandur utawa mbayar buruhan matun.
Umahe emak mula bonggros, merga asale mung umah junjungan hang dipelester, dirabat makene katon rada rijig. Taun tambah taun cumpune pelestere hang kurang semen iku pungkasane kaya dhodholan nggarahi beledhug. Kudu disiram gena ngeresep lan sing lebunen. Merga picise magih hing gadug, umah mung ditembok separo, wates kira-kira ngisore dhengkul. Mendhuwuraken disambung gedhek hang kudu disangga saka. Gedigu ya hing kathik dilepoh. Lawas-lawas mung dilabur kapur.
“Hang penting hing keneng udan...” jare apak ambi moletaken cethok, nambel eris hang judhus.
“Antik...” sambunge emak nyekel sapu kerek.
Isun wis lali pasthine engkapan bengete apak diparingi gadug ngeramik. Hang sun enget, merga dikeramik, uwit poh gadhung ngarep umah ditegor. Ale, dhung wis usum poh, isun rebutan ambi adhik nampani teka ngisor tepak apak menek. Saben bengi, isun ambi adhik-adhik ya tangar kadhung wis muni kemeblug ring seng ngarepan. Mari entek diunduh, emak aju ngametaken kembang wasito enggo ngimbu. Let pirang dina, kadhung wis nyang pawon kabeh padha ngasir-asir belangse, sulung-sulungan ngenceti.
“Isun poloke Pak!” abanisun nyulungi adhik hang uga njerungguli apak mbeleh poh. Tipi hang ngungkung, mung nyawangi isun hang nggerogoti polok.
Isun ya lali engkapan pasthine, sepidhah montor bisa gadug ketuku. Hang sun enget, sampek lulus Tsanawiyah, isun magih ndharat mangkat sekolahe. Onclang-onclang ngidulaken liwat bobosan kampungan ring Penataban sak uwise masjid. Kadhangane liwat ring pondhokane Aji Ilmiyah, aju kecaruk Raudha kancanisun sebangku hang lare Cungkingan kana. Semasa wis SMK kelas 3, buru digawani sepidhah. Merga ya nguwot adhik hang sekolah SD, uga adhik hang ring SMP Glagah.
Asale sampek bisa sepidhahan, merga Bu Humayah, guru ngajinisun hang muruki. Kala semana ring lapangan parek UNIBA, muter-muter sampek lanyah. Paling merga sawabe guru ngaji, seperene iki durung tau arane keneng belahi gedhi, numpak sepidhah. Mung tau tebluk ngantem ris ring kelurahan merga gupuh, bangete ngurusi surat arepe kuliyah.
Emak tau hun uruki ring peternakan merga latare wera. Nawi tah bisa nulungi apak uwot-uwot emes sak wayah-wayah pas hun tinggal kuliyah. Hun warah, dhung bisa mancat sepidhah pancat, sepidhah montor mesthine bisa pisan. Gena telikas jangkahe, maksudisun. Cumpune, isun leren pelayonan nguber sepidhah merga setir gas ditarik emak taker sepidhah muncal ngidulaken aju ngantem uwit rambutan. Mulih teka peternakan, isun tangisan geruh-geruh. Bengen cilikisun, emak wis tau tiba sampek gingsir kerana menek jambu merga sun tempuhi. Iki, kedaden maning nung ngarepe mata bener.
***
“Ceraken bengen ika endi, Mak?” abanisun ngetok-tokaken belanjaan.
“Ceraken hang wis wingek Sira takokaken!” semuare emak ambi ngurihi meja.
“Aja nyandhak iku sulung yara wis, cekelana iki...” abane emak njeber lemek pelastik arep digelar. Ngarepaken lebaran mula keneng-kenenga kabeh hang lawas disalini. Selambu dikumbah, kaca-kaca dielap, badhang-badhang ring wuwungan disenggeti, uga taplak milu dianyari.
Umah hang wis emeh selawe taun iki setemene magih padha. Masiya tah hing tau maning hun denden geni, nyolok belarak. Masiya tah wis hing tau maning hun cengkorek bengahan, njuwut awu enggo nggosok silite dandang.
Naming, kala-kala isun ya katon nyemprong geni nganggo serotong, mbakar terasi ring lambene bengahan, utawa njuwut picis kenthingan leles ring ceraken.#
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Dokumen Pribadi
Editor: Antariksawan Jusuf