Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 16 April 2023 10:03 WIB)

(Cerita Cendhek): Kanca


(Cerita Cendhek): Kanca

Dianggit ring Ahmad Muzakky el Fayed

Isun duwe kanca memengan sakat cilik, sakat TK. Isun gering, larene lemu. Isun putih, larene rada gempung. Isun tambeng larene patheng sinau. Kadhung wis tukar kadhang sing sapa-sapaan taping sing sampek sedina, engko memengan temeker maning.
   Mari teka TK sekolah bareng maning ring maderasah. Sak kelas maning sampek enem taun.
   Ya gedigu iku kadhang rukun kadhang ya tukaran kaya kucing rebutan gerang asin. Memengan sing weruh waktu. Isun iki kerep diuwel ambi Emak polae ngajak Rohim memengan sampek magrib, sing mulih-mulih wayahe ngaji. Ndeleng jaranan sampek gadug Bakungan. Rohim ngajaki mulih taping
sun penging.
“Rip, ayo rawih mulih Isun wedi diuwel Emak. Wayahe ngaji," abane Rohim.
“Ulung tah Him, mariki keblak-keblak wih, wayahe macan-macanane metu. Sira kadhung arepe mulih, muliha dhewek wih. Makene Sira digawa dulit,” abanisun ambi rada mempeng.
“Do... iya wih tapi sekali macan-macanane mari langsung mulih ya?” abane.
   Serta wis gadug umah, tepak mari adan magrib. Emak ngadeg ana ring ceracabane lawang
ambi nggawa seblak teka belarak.
“Teka endi Sira?” pitakone Emak ambi matane pendelikan, tangane nyampati sikilisun nganggo belarak mau.
“Adhuh Mak, lara Mak..! Teka ndeleng jaranan ring Bakungan Mak.”
“Mungguha ra miluwa dadi jaranan wih, aja kathik mulih! Adusa kana terus melakuwa ngaji. Arepe dadi jaranan tah Sira iku? Tuman. Kok mau maning emake Rohim merene nggoleti. Keloron padha dene. Entukokaken menyan ya terus edegena jaranan," Emak nyerecet sampek isun melaku nyangklong andhuk melaku nyang cedhing langgar.
   Lulus Maderasah, nerusaken sekolah nyang Tsanawiyah. Ya gedigu sak sekolahan maning, sak kelas maning telung taun. Sing ana kang uwah antarane isun lan Rohim. Isun  magih tambeng, Rohim tambah pinter. Rohim rengking siji. Isun rengking telu, teka mburi. Wis Emak muring-muring maning polae jare rugi nguweni sangu saben dina taping sekolahe sing bener. Dibandhing-bandhingaken ambi Rohim. Masiya gedigu isun ambi Rohim kancaan sing tau putus. Kadhung isun duwe PR Matematika tah Fisika pokoke kang ana itung-itungane, sun gawa nyang umahe Rohim. Aja rika pikir isun njaluk ajar. Rohim sun kongkon nggarap. Kari sun gawakaken panganan, ambi rada sun alem-alem sithik, PR beres wis. PR digarap Rohim, isun memengan layangan mburine umahe rohim.
“Him, kadhung ana Emak, celuken Isun ya.”
“Sira iki mesthi wis. Pamite sinau taping ditinggal memengan ya," saute ambi muluh-muluh mangan orog-orog kang sun tukokaken ring Wak Misarah.
   Liya dina, isun nyilih buku Bahasa Indonesia nyang Rohim, nyilih jawabane PR polae
Engkesuk dikumpulaken, isun durung mari. Sungkanan mau iku. Mari sun conto jawabane PR mau, sun wolak-walik bukune Rohim mau. Ring halaman paling pungkasan ana tulisan kaya puisi gedigu.
Uneke:
“Dhik, Sun tulihi Rika saben dina teka jendhela iki. Sun tulihi Rika teka adoh, adoh teka Rika, adoh tekan atinrika.”

Isun maca kepingkel-pingkel katon raine Rohim. Getap sing mari-mari. Nyang lare wadon ya getap. Taping isun ya penasaran sapa endane lare kang didhemeni Rohim iki. sak umur-umur Rohim sing tau cerita, sun takoni meneng bain. Taping kadhangan takon kelendi carane makene lare wadon dhemen nyang iyane. Sampek lulus Tsanawiyah isun magih hing weruh sapa lare kang diwelasi Rohim.
   Lulus Tsanawiyah isun nerusaken nyang SMA, Rohim nerusaken nyang STM. Buru iki sing sak sekolahan. Masiya gedigu isun nyang Rohim magih tetep kancaan tapi sing saben dina kecaruk.
   Mangkat akeh tugas sekolah. Sampek ahire isun kuliyah tapi Rohim sing nerusaken, sing duwe biyaya jare. Larene mangkat megawe ring bingkile kang Suprat.
   Sakat kuliah iku isun jarang kecaruk ambi Rohim. Tapi kadhang tilpun takon kabar lan cerita liyane. Isun magih penasaran ambi lare kang didhemeni Rohim. Sakat cilik kancaan sampek saiki iki Rohim magih sing tau ngomong nyang isun.
“Him, bakalira sapa saiki?”
“Magih sing duwe Lik.”
“Endane magih dhewek bain Sira Lik sampek tuwek? Lare kang Sira dhemeni tepak magih Tsanawiyah iku kelendi Lik? Magih mendhem rasa?”
  “Wis duwe bakal saiki. Rungu-rungu arepe dijaluk. Ya wis Lik, Isun arepe melaku mulang ngaji. Santrinisun wis padha nganteni.”
   Pungkasan kecaruk nyang Rohim iki tepak kawinanisun. Rohim patheng milu melabot, nulungi ngeladeni dhayoh-dhayoh kang teka. Sun goleti Rohim arep sun ajak poto-potoan jare wis mulih polae rada sing enak awak, kadheman. Sakat iku isun sing tau kecaruk maning, sampek isun ngajak rabinisun nyang Surabaya kerana megawenisun ana ring kono. Sun parani nyang umahe arep pamit, jare emake Rohim wis melaku megawe ana ring Bali.
   Liya dina isun weruh teka emake Rohim arane lare wadon kang didhemeni, kang diwelasi Rohim sakat magih Tsanawiyah sampek saiki iki. Arane Wati, kanca sakat Tsanawiyah, tangga dhewek.
   Isun kelunjuk sing nyangka gok Rohim welas tapi sing gelem ngomong. Welase dipendhem ring atine sampek warang, awake gering lara-laranen.
   Pirang-pirangane taun sakat isun menyang nyang Surabaya isun sing tau kecaruk ambi Rohim.
   Sing tau tilpun-tilpunan, sing tau gesah. Saben lebaran isun ya sing tau bisa mulih kerana pegaweyan. Wis limang taun iki isun buru bisa mulih lan kepingin njaluk sepura nyang Rohim. Taping tekanisun kasep. Iluhisun magih deredesan, tangisisun mesesegen rasane jangget ana ring gorokan.       Donya magih sepi sing ana unen-unen. Awakisun lemes ngelipruk kelimpuhan ana ring lemah.
   Suket-suket padha ranggas, rasane donya iki sepi sing ana unen-unen, mambu ganda arume kembang-kembangan, mambu lemah kang kepus kesiram banyu. Lingsir wayahe, matanisun magih kepus, lambe cemit-cemit maca donga nyang Gusti Pengeran ambi kelesodan ana ring lemah. Rasane sikil abot arep ngadeg, tanganisun magih nyekel paesane Rohim.
“Kang, ayo mulih. Langite wis peteng," abane Wati, rabinisun.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor