Anggitane: Satria Pujangga
(Minggu, 28 November 2021 07:16 WIB)

(Cerita Cendhek) Ketel Isi Bubukan


Mbok Sare’ah magih ibuk ngelayani wong tuku rujak janganan ambi tahuk lonthong. Dina iku, warunge katon rame. Akeh wong antri arep tuku rujak. Warunge Mbok Sare’ah dodolane mula rujak. Rujak jangan, rujak kecut ambi rujak cemplung, rujak lonthong ambi tahu lonthong. Sun itung magih ana wong telu hang durung dilayani. Maklum bain iyane dhewekan sing ana rewang hang nulungi.

Isun lungguh ring pelanca cilik ring ngarepe warunge. Nganteni giliran dilayani tuku rujak. Isun dikongkon bibikisun tuku rujak kecut. Sing weruh tekane, Man Rajuli ngadeg ring sampingisun.

“Arep tuku paran Sira, Lik?” Man Rajuli takon ambi milu lungguh ring pelanca.

“Tuku rujak kecut," saurisun ambi mangan kuluban kacang conthongan.

“Dikongkon sapa?” Man Rajuli neges kaya wis weruh kadhung isun ana hang ngongkon.

“Dikongkon Bik Saniyah Man," isun agage ngentekaken kuluban kacang hang magih kari telung iji.

Mbok Sare’ah mincuk rujak lonthong tukone Kik Tulah. Kik Tulah uwonge wis pudhot suwe, ditinggal mati rabine. Mari mbayar rujake, Kik Tulah pamitan arep balik maning nyang sawah nutugaken kebah-kebah. Isun aju ngadeg mara nyang pareke Mbok Sare’ah.

“Rujak kecut Mbok, rong bungkus loboke teluwan.”

Sing katik takon maning, Mbok Sare’ah gancang nggerus ragine rujak. Siji-siji aju masah timun, kates, lan sabrang. Sun sawang Man Rajuli magih lungguh ring pelanca njaba ambi mangan jajan hongkong. Man Rajuli iki kejuluk lancing sugih. Masiya lanang, taping mas-masan hang dienggo ring awake kumplit. Sakat teka gelang sampik kalung lan ali-ali iyane nganggo. Naming masiya gedigu durung tau weruh hang aran dhemenan utawa sir-siran.

Kadhung dipikir umure ya wis wayah. Uripe ya wis mapan, kadhung pengasilan ya wis lebih kadhung dienggo umah-umah. Umahe ya magrong-magrong kaya umahe ndara. Taping embuh apuwa iyane magih durung ulih rabi.

Rujak kecut hang sun tuku wis mari. Sun elungaken picis sepuluh ewu nyang Mbok Sare’ah aju pamitan mulih. Ring ngarep lawang warunge Mbok Sare’ah, isun diendhegaken ambi Man Rajuli.

“Sulung Lik aja endak mulih," tangane ngelogroh sak seruwal cendheke.

“Napuwa Man?” isun magih sing ngerti paran karepe Man Rajuli ngendegaken isun.

“Nyak, enggonen tuku es," iyane ngelungaken picis rong puluh ewu nyang isun.

“Terami Man," saurisun ambi melaku nyangking rujak kecut.

Turut dalan isun magih bingung mikir, apuwa Man Rajuli iku mara-mara nguweni picis nyang isun. Sing tau-tauwa iyane nguweni picis nyang isun. Ngomong bain ya emeh sing tau. Hadeh, enggo paran dipikir batinisun. Barang diuwani ya ditampani bain. Magiya isun ya sing njaluk, iki arane rejeki sing ulih ditulak.

Gadug umah sun wakaken rujak kecut nyang bik Saniyah. Ring umahe adon ana Bik Saniyah ambi Mbok Aroh. Wong loro iki mula kancaan sakat ning pondhokan. Karo-karone magih perawan durung ana hang rabi. Sun rungokaken Iyane gesahaken dhemenane dhewek-dhewek.

“Bik, Isun tepak tuku rujak mau diuweni picis ya ning Man Rajuli," Isun cerita nyang bibik ambi Mbok Aroh.

“Hah, temenantah? Diuweni pira?” takone bibik ambi mesem.

“Rong puluh ewu ya Bik," saurisun ambi nduduhaken picis nyang Iyane.

Sakkal Bibik ambi Mbok Aroh gemuyu cekikikan. Wong loro iku tulih-tulihan. Kayane wong loro iku wis paham ambi pikirane Man Rajuli nguweni picis nyang isun. Ambi mangan rujak Iyane magih sing leren ulihe gemuyu. Isun sing ngerti wong loro iku ngguyu paran.

“Pas nguweni picis nyang Sira mau, Man Rajuli ngomong paran?” takone bibik.

“Cuma ngomong enggonen tuku es. Digu bain ya bik omonge," ambi sun duduhaken picis rong puluh ewu ring tanganisun.

“Apuwa tah?” takinisun maning.

“Sing apuwa-apuwa. Enggonen belanja wis picis iku.”

Bik Saniyah nerusaken mangan rujak kecut mau. Iyane nerusaken gesahe ambi Mbok Aroh. Isun melebu nyang kamar arep nggelinting. Sakat mulih sekolah mau rasa awak mula rada kesel lan lisuh. Maklum, mau ring sekolahan mari olah raga mbelayu-mbelayu. Sun papakaken awak ring kasur mangkat nggelinting.

*********

Liya dina, isun milu latihan tembung ring lapangan. Isun lan kanca-kanca pemanasan sulung sedurunge latihan diangkati. Teka kadohan, Man Rajuli buru teka nyang lapangan. Man Rajuli iki salah siji penguruse klub tembung ring dhusunisun. Mangkane iya tekane rada kasep polae kudu nyiapaken tembung hang arep dienggo latiyan.

Man Rajuli aju milu gabung nyang lare latihan. Iyane nyemprong selumpritane ping telu. Lare-lare hang pemanasan agage kumpul marek nyang Man Rajuli. Lare-lare baris ring ngarepe Man Rajuli ngenteni paran hang arep diomongaken Man Rajuli nyang lare-lare anggota pemain tembung. Mula sedurunge latihan diangkati, sitik akeh Man Rajuli nguweni pengarahan sulung nyang anggotane.

“Lare, dina Minggu emben klub tembung iki arep ana pertandingan persahabatan ambi Glenmor. Mula ayo latihane hang temenanan aja kakehan muyeb,” abane Man Rajuli nguweni pengarahan sithik.

“Siaap...!” saure lare-lare mangkat latihan.

Lare-lare mangkat latihan tembung. Man Rajuli ngawasi lare teka pinggir lapangan. Anggota klub tembung mula milih Man Rajuli dadi pengurus mergane iyane duwe bandha lan eloman. Dadi klub tembung sing kariya abot mikir bandane. Julukane bain lancing sugih. Pokok dielem sak dhuwur-dhuwure, picis sing angel metune.

Mari latiyan, lare-lare padha bubar mulih. Isun magih mbecikaken tembung hang mari dienggo latiyan. Man Rajuli ya magih durung mulih, ngenteni tembung hang sun gawa teka lapangan. Sing suwe, sun gawa tembung ring wadah nyang Man Rajuli hang nganteni.

“Iki Man, tembunge. Kabeh wis cukup sing ana hang kelalen.”

“Iya wis delehen kono sulung. Sira arep langsung mulih tah?” takone Man Rajuli nyang isun.

“Enggih Man, napuwa tah?”

“Nyak, enggonen sangu sekolah kisuk," Man Rajuli ngelungaken picis rong puluh ewu maning nyang isun.

“Kok disukani malih, Man?” Isun durung wani nampani picis mau.

“Ayo ra wis tampanana picise iki,"

 Man Rajuli ndeleh picise nyang epek-epek tanganisun.

“Terima Man, Kula wangsul nggih.” Sun kethem picis teka Man Rajuli.

“Eh iya, Isun titip salam nyang bibikira.”

“Salam napatah, Man?” isun sing ngerti.

“Pokok warahen bibikira ana salam teka Isun. Pasti bibikira paham wis.”

Isun ambi Man Rajuli mulih teka lapangan tembung. Gadhug umahe adon, Bik Saniyah lungguh ring ngarep umah. Isun mula sakat cilik dirumat ambi adon. Dadine isun uripe ring umahe adon kumpul ambi bibik.

“Buru mari latiyantah, Lik?” Bik Saniyah nyapa isun hang teka latiyan tembung.

“Iya Bik. Eh Bik, iki mau Isun diuweni picis maning ambi Man Rajuli ya.” Suncerita nyang bibik.

“Iya tah, ngomong paran nyang Sira, Lik?” takone bibik padha ambi hang sulung.

“Jare titip salam nyang Rika ya Bik.”

Kaya dina hang sakdurunge, bibik gemuyu cekikikan rungu omonganisun. Isun magih sing ngerti apuwa angger isun cerita diuweni picis Man Rajuli, Iyane mesti gemuyu sing leren-leren. Sun wanekaken takon nyang bibik.

“Apuwa sih Bik, angger Isun diuweni picis Man Rajuli, Rika mesti gemuyu?”

“Sira kari sing ngerti Lik.”

“Ngerti parane Bik?” isun magih durung ngerti nyang karepe.

“Man Rajuli iku ketel isi bubukan, Lik”

Paran maning maksude omonge bibik “Ketel isi bubukan” iki. Isun magih mikir-mikir nyang omonge bibik. Sun sawang bibik ya magih gemuyu. Rada suwe aju ngucap nyang isun.

“Ketel isi bubukan iku basanan hang artine kementhel sing kaibukan. Man Rajuli iku dhemen lan kementhel yang isun. Taping iyane sing wani ngomong, makane Sira mesthi diuweni picis. Polae Sira kan keponakanisun. Paham Sira saiki Lik?”

Isun buru paham paran karepe Man Rajuli nguweni picis nyang Isun. Jare bibik, kadhung wong lanang dhemen nyang lare wadon iku kelendi carane kudu wani ngomong makene sing kaya “Ketel isi bubukan”. Isun milu gemuyu ketheng melebu nyang umah.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Cerpen Satria

Editor: Antariksawan Jusuf