Anggitane: Satria Pujangga
(Minggu, 02 Januari 2022 07:57 WIB)

(Cerita Cendhek) Mangsi Abang


Serngenge buru munggah sak pengadeg dhuwure. Pelajaran peraktek olah raga hang mangkat ring jabane jam pelajaran wis emeh osan. Setemene jam pelajaran olah raga dikawiti jam 6 keliwat 15 menit sampik jam 8 keliwat 15 menit. Naming ambi guru olah ragane dimajokaken jam 5 isuk.

“Pelajaran olah ragane dicukupaken sampik semene bain. Ayo saiki padha balik nyang sekolahan maning,” abane Pak Yon mungkasi pelajaran olah raga ring lapangan sekolahan.

“Nggih Pak..!” saute lare-lare barengan.

Pak Yon aju melaku balik nyang sekolahan. Lare-lare magih ana hang ngeringkesi tembung ambi net voli. Hang liyane padha balik nyang sekolahan. Lapangan olah ragane ana ring jabane sekolahan. Mulane kadhung mari olah raga, lare-lare padha melaku ndharat balik nyang sekolahan. Jarake kira-kira ana 100 meter ring wetane sekolahan.

“Engko mari adus, kecaruk ring panggonan biyasahe yah,” Dimas mbisiki Khotim ambi melaku.

“Alah Rika iki kathik semayanan paran. Biyasahe Rika lan Isun masiya sing kathik semayanan ya wis merono kadhung jam istirahat," semaure Khotim ambi mencep lan nyethut lengene Dimas.

“Adhuh..!” Dimas meringis ambi ngusuki lengene hang mari dicethut Khotim.

Dimas ambi Khotim melakune nyeja edheng-edheng makene tuwuk ulihe gesah ambi melaku. Kanca-kancane sak kelas persasat wis ngarti kabeh kadhung lare loro iki dhemenan. Mergane rakete sing kaya rakete kanca biyasah. Ring endi ana Dimas, ring kono ya ana Khotim. Ring perpustakaan, ring kantin lan ring taman Dimas ambi Khotim mesthi lungguh jejer jak loronan. Sampik madhang ring kantin, ya sepiring jak loronan.

Mari adus lan rijig-rijig awak, Dimas ambi Khotim lungguh ring perpustakaan. Kelas liyane padha miloni pelajaran ring kelase dhewek-dhewek. Kelase Dimas jam pelajarane dadi kosong, merga jam pelajaran olah raga wis dilakoni ring jabane jam pelajaran biayasahe. Dadine waktune ana hang dienggo belajar ring perpus, gesah ring kantin, lan memengan ring jero kelas. Khotim lungguh jejer Dimas hang maca-maca buku ensiklopedi.

“Rika mau ngajak Isun semayanan ring kene setemene ana paran?” Khotim ngengetaken Dimas nang semayane mau.

“Eh iya, ana hang arep Sun omongaken ambi Rika," Dimas nutup buku ensiklopedi hang diwaca mau.

“Alah gaya, arep ngomong paran ndane? Arep ngomong cinta tah, sampik sing biyasahe semayanan sulung," Khotim nyethut lengene Dimas.

“Biyasah lare iki nyethutan, lara yah. Delengan tah sampik besem digi yah," Dimas mbukak lengen kelambine nduduhaken tangane hang besem mari dicethut Khotim.

“Masiya lara taping Rika yara seneng dicethut lare ayu kaya anak-anakan Barbie digi?” Khotim saya nggeridho Dimas.

“Hemm.. endi acake Sun sawang. Ayu temenantah?” Raine Dimas diadhepaken nyang rupane Khotim.

“Nyak sawangen hang temenanan ambi mendelika makene jelas!” Khotim saya marekaken rupane nyang Dimas.

Pungkasane lare loro iku gemuyu bareng. Arep sing dikira dhemenan kadhung ndeleng rakete lare loro iki hang kaya gedigi iki? Kanca-kanca hang bareng ring jero perpus wis sing kathik direken. Ring jero perpus mara-mara kerasa sepi, suwara guyune Dimas ambi Khotim mau ilang sing ana pecake. Khotim ambi Dimas magih pandeng-pandengan sing ana omonge.

“Dim, Rika mau arep ngomong paran nyang Isun?” takone Khotim mbencah sintrune ruang perpus hang mung kari Dimas ambi Khotim ring jerone.

“Isun arep ngomong cinta," semaure Dimas ambi kaget mari kaya wong ngelamun.

“Paran Dim? Sing salah perungon tah kupingisun iki? Acake ngomonga maning hang anter!” Khotim marekaken kupinge nyang lambene Dimas.

“Iya Tim, Isun welas nyang Rika," Dimas semaure ring kupinge Khotim sak antere.

Khotim kaget mberejag rungu omonge Dimas hang jemelenggur ring kupinge. Suwarane rasane kaya geludhug ring wayah raina. Atine sampik kerasa ungkreg. Sing ana udan sing ana angin gok mara-mara Dimas ngomong welas nyang Iyane. Masiya tah saben dinane Iyane ambi Dimas wis kaya wong dhemenan. Taping semono lawase iku sing ana omongan welas hang kemetu antarane lare loro.

Setemene Khotim mula duwe rasa welas nyang Dimas. Taping rasane ya sing pantes kadhung lare wadon ngomong welas sulung. Tambah-tambah Khotim ya ngarti kadhung Dimas magih ngarep-arep welase Riyanti. Mulane Khotim mung bisa nyidhem welase ring jero atine. Kudune Dimas ya ngarti nyang polahe Khotim nyang Iyane. Taping Dimas atine sing kerasa kadhung Khotim duwe rasa dhemen nyang Iyane.

“Kelendi Tim, Rika terima tah welasisun?” lambene Dimas gemeter mbaleni ucape nyang Khotim.

“Rika seriyus Dim?” Khotim sing percaya nyang paran hang diucapaken Dimas.

“Iya Isun seriyus Tim," Dimas nggegem derijine Khotim.

Khotim sing ana semaure. Rasane lambene kaya abot arep ngomong. Iyane bingung kudu semaur paran nyang Dimas. Perasaane sing karuwan bingung arep ngomong iya taping atine magih mamang nawi-nawi Dimas magih sing bisa ngelalekaken Riyanti. Mergane saben dina gesah ambi Khotim, Dimas magih kerep curhat perkara perasaane iyane nyang Riyanti. Iki hang nggarahi Khotim mamang arep nerima welase Dimas.

Arep nampik welase Dimas, taping Iyane ya seru dhemene nyang Dimas. Khotim magih temungkul ambi ngembung iluh ring matane. Durung kober njawab ucapane Dimas, suwarane bel sekolah wis muni wayahe ganti jam pelajaran liya. Agage Khotim ngusapi iluhe hang ngembung ring matane aju njangkah metu ninggalaken Dimas hang magih metenggengen lungguh ring bangku perpus. Ambi rasa hang bingung pisan, Dimas nututi Khotim hang melaku melebu nyang kelas.

*******

Sakat kedadeyan ring perpus iku, Khotim mangkat ngadoh teka Dimas. Sing kaya dina-dina sedurunge Dimas ambi Khotim katon raket. Taping dina iki sing ana maning Dimas ambi Khotim hang kaya bengen. Masiya sak kelas, angger kecaruk mung nyapa digu bain. Kanca-kancane padha bingung ana paran antarane Dimas ambi Khotim saiki gok sing kaya biyasahe jangget sing tau pisah. Pisahe kadhung wis mulih sekolah.

Kaya dina hang kepungkur, mari pelajaran olah raga Dimas nyang perpus. Taping dina iki Dimas wis sing dikancani maning ambi Khotim. Dimas lungguh mecenu dhewek ring bucune perpus. Iyane mung lungguh bain sing kathik maca buku. Teka lawang perpus, Yeni tulih-tulih nggoleti Dimas. Serta weruh nang Dimas lungguh, aju mara lungguh ring ngarepe.

“Dhewekan Dim?” takone Yeni ngagetaken.

“Eh, iya Yen.” Dimas mbecikaken lungguhe aju madhep nyang Yeni.

“Isun iki makili kanca-kanca sak kelas arep nakokaken setemene ana paran sih Rika ambi Khotim saiki?” Yeni mbukak omongan maning.

“Isun ya sing ngarti Yen, apuwa mara-mara Khotim ngadohi Isun kaya gedigi.”

“Kanca-kanca ya heran Dim. Cobak Rika cerita nyang isun paran kawitan jalarane sampik Rika ambi Khotim dadi sewang-sewangan gedigi iki.”

“Isun dina kapanane ika ring perpus iki ngomong welas nyang Khotim. Taping iyane durung njawab omonganisun. Sakmarine dina iku sikape Khotim uwah nyang Isun," Dimas mangkat cerita nyang Yeni.

“Terus karepe Rika saiki kelendi? Nawi Isun bisa nulung engko Sun sampekaken nyang Khotim.”

“Sak durunge Isun terima yah. Karepisun iku jawaben yah perasaanisun iki. Embuh tah wis iya utawa using, aja digantung kaya gedigi,” Dimas nyampekaken karepe nyang Yeni.

“Iya Isun ngerti Dim. Dadi sakat bengen iku Rika ambi Khotim iku durung dhemenan? Saktemene kanca-kanca iku seneng nyawang Rika ambi Khotim raket gedigu. Kanca-kanca ya iri nyang Rika ambi Khotim. Jare saiki iki istilahe pasangan serasi. Lanang wadon padha pintere.”

“Iya, terima hang gedhi temenan yah kadhung Rika bisa nyampekaken nyang Khotim.”

“Iya, Ayo wis balik maning nyang kelas. Sedhilut engkas bel muni.”

Dimas ambi Yeni metu teka perpus nuju nyang kelase. Rada suwe abane bel sekolahan muni. Jam pelajaran wis wayahe ganti. Guru mapel hang ngganteni wis melebu kelas. Lare-lare mangkat nerima wulangan maning ring jero kelas.

Jam 10 keliwat 30 menit, abane bel istirahat wis muni. Lare-lare padha semembur metu teka kelase. Dimas ya milu metu pisan ambi kanca liyane. Yeni agage mara nyang Khotim hang magih ringkes-rengkes bukune.

“Tim, aja endak metu sulung. Isun arep ngomong nyang Rika," Yeni lungguh ring sandhinge Khotim.

“Arep ngomong paran ya. Katone kari penting?”

“Iya, Isun arep ngomong masalah Rika ambi Dimas. Isun mau isuk mari nemoni Dimas. Saiki arep Sun omongaken nyang Rika.”

“Dimas ngomong paran nyang Rika Yen?”

“Dimas sing ngomong paran-paran, cuma njaluk Rika mbales ucapane. Paran bain balesanrika, Dimas gelem nerima makene sing digantung jare.” Yeni nyampekaken karepe Dimas nyang Khotim.

“Isun ya rumangsa salah Yen. Sing gancang mbales omongane Dimas. Ya wis kisuk emben Isun titip surat bain nyang Rika.”

“Ayo wis istirahat sulung nyang kantin. Mangana paran bain wis, Isun hang mbayari. Isun mari ulih weselan teka kakang.”

Khotim ambi Yeni melaku nyang kantin. Ring kana Khotim ambi Yeni ngentekaken waktu istirahate ambi mangan-mangan sak warege dibayari ambi Yeni.

*****

Dina Senen, lare-lare melebu sekolah kaya biyasahe mari pereiyan dina Minggu. Sekolah dikawiti ambi upacara bendera. Wis enem jam lare-lare miloni kegiyatan pelajaran ring sekolahan. Jam 1 keliwat 15 menit bel sekolah wayah mulih wis muni. Kabeh murid padha metu teka kelase dhewek-dhewek padha mulih.

Sedurung metu teka kelas, Khotim nitipaken surat nyang Yeni kanggo Dimas. Yeni  ngelebokaken surat iku nyang jero tase aju melaku nguber Dimas hang wis metu teka njero kelas.

“Dim sulung antenana," Yeni melung nyeluk Dimas hang melaku ring ngarepe.

Dimas mandheg nganteni Yeni.

“Dim iki ana titipan surat teka Khotim. Iyane sing bisa ngomong langsung nyang Rika. Makane iyane nulis surat iki kanggo Rika.” Yeni ngelungaken amplop kelir abang.

Dimas nampa amplop teka tangane Yeni aju terus melaku nyang pinggir lurung arep nyegat lin. Gadug umah, Dimas sing agage madhang naming sembayang lohor sulung. Iyane kaya sing serantan arep maca isine surat teka Khotim mau. Mari sembayang, dibukak amplop abang ring tangane. Dibukak lepitan kertas surate. Dimas kaget weruh surate ditulis nganggo mangsi kelir abang. Wis dadi adhat kadhung surat ditulis mangsi abang isine bida ambi karepe ati. Diwaca ring jero ati tulisan mangsi kelir abang iku.

“Dim, sedurunge Isun njaluk sepura hang akeh sing agage mbales omonganrika ring perpus iku. Isun ngarti Rika welas nyang Isun. Sakbenere Isun ya duwe rasa dhemen nyang Rika. Naming Isun sing bisa nguwakaken welas iki nyang Rika mergane Isun ngarti Rika magih abot ambi Riyanti. Isun ngerasa kadhung welas Rika iku mung pelariyan bain mergane sampik saiki Riyanti sing gelem nerima welas Rika. Pungkasane welasrika ngalih nyang Isun.

Timbang kaya gedigi aluk Isun ngalah bain. Makene wis sunpateni rasa welas iki kanggo Rika. Mesthine Rika ya wis ngerasakaken kelendi kadhung welase sing tulus lan temenanan tuwas nggawe ati lara ring mburiyane. Saiki Isun lan Rika kancaan bain. Rika sunanggep kakangisun, lan Isun anggepen adhikrika. Sakat dina iki, Rika janjiya nyang Isun sing bakal uwah tingkah polahe nyang Isun kaya bengen. Semono uga Isun ya sebalike nyang Rika. Sepisan maning, Isun njaluk sepura hang gedhi nyang Rika.

Wassalam,

Khotim”

 

Dimas pungkasane sadhar lan paham apuwa Khotim sampik gedigu nyang Iyane. Iyane ya rumangsa salah. Apuwa Iyane nguber-uber welase Riyanti hang karuwan sing keneng digape sampik sing kerasa kadhung ana hang lebih gedhi welase. Welase Khotim hang seru gedhi keliwat-liwat. Jare paribasane “Nguber uceng kelangan deleg”. Ndayani barang hang cilik pungkasane kelangan barang hang gedhi.

Sakmarine nampa surat iku. Dimas ambi Khotim wis balik kaya dina-dina bengen. Lare loro raket maning, memengan bareng maning. Nang endi ana Dimas ring kana ana Khotim. Kanca-kancane ya milu seneng nyawang lare loro wis raket maning. Masiyatah rakete sing kaya rakete dhemenan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Cerpen Satria

Editor: Hani Z. Noor