Anggitane: Urip Limartono Aris
(Minggu, 27 Februari 2022 09:31 WIB)

(Cerita Cendhek) Padha Bungah


Wis emeh rong jam Onah kelaran ring pelancane Bidhan Ami. Hang lanang, Saipul terus mijeti Onah ambi lambene sing mari-mari wiridan. Keringet deredesan, mangka kipas angin ring kamar iku terus murub. Iyane katon sing mentala ndeleng rabine kelaran. Sing kerasa banyu mata mili ring pipine. Iyane enget gedigi nawi larane emake kala ngelairaken iyane bengen. Toh nyawa, toh pati.

Ring kamar sijine, katon Bidhan Ami cepak-cepak alat kanggo nulungi kelairane bayine Onah. Kabeh perkakas kaya, gunting, jepit, embuh paran maning, diendoh wadhah stainles lan bener-bener dijaga supaya tetep steril. Celemek hang kaya paceke dienggo tukang-tukang masak, taping bahane teka plastik mangkat dienggo. Tangane diselonthongi kaos tangan karet. Bidhan Ami sing katon gupuh blas. Katon kadhung iyane mula bidhan hang wis pengalaman.

Sing kaya Saipul hang terus wiridan ambi rada mbesesegen ngempet nangis. Naming iyane terus ngedhem-ngedhem rabine, Onah, makene sing sambat terus.

“Hang sabar sulung ya Dhik ... tahanen sithik bain larane. Jare Bu Bidhan wis emeh lairan. Saiki wis bukaan enem, naming magih durung lemes jarene,” Saipul ngelus atine hang wadon amrih rada lali ambi larane.

“Rika sing ngerasakaken larane Kang, mangkane bisa ngomong digu. Isun hang ngerasakaken larane,” jare Onah ambi nangis.

“Ya sepurane Dhik ... karepisun iki mau ngedhem-dhemi Rika makene bisa ngurangi larane. Kadhung Isun salah ya njaluk sepura. Isun ya ngarti kadhung Rika saiki kelaran. Isun ya sing mentala ndeleng Rika kelaran kaya digi,” ucape Saipul njaluk sepura nyang hang wadon.

Ring njaba umahe Bidhan Ami katon wong-wong hang Jumatan wis padha mudhun masjid. Runtang-runtung sarungan ambi nganggo kethu cemeng. Kaya biyasahe, kabeh padha nyangking sega bungkusan hang diarani sega Jumat berkah, hang biyasah diedum kanggo wong-wong hang mudhun Jumatan ring masjid.

Emake Onah, Bik Rohayah magih durung katon teka. Iyane mau pamitan arep tuku pendhil ring pasar gedhe kelawan uba rampene kanggo mendhem ari-ari.

“Pul ... Sira sing paran-paran Emak tinggal sulung nyang pasar. Emak arep tuku pendhil, ambi uba rampene ari-ari. Emak ya arep tuku timba dienggo madhahi ari-arine. Engko ari-arine sapa hang ngerijigi?” jarene Bik Rohayah nyang mantune kala iku.

“Adonkula pun nadar Mak, terose mengke ari-arine Adon hang ngumbah. Kersane kula hang mbeta teng Adon. Menisan Adon hang nyepak-nyepakaken teng pendhile. Kadhung pun mantun, Kula beta wangsul teng umah, dipendhem teng iringan umah,” semaure Saipul nyang mertuwane.

“Oh ya wis dhung digu ... Emak mangkat sulung ya. Kadhung ana paran-paran cepet tilpunen Emak. Nah... Sira aja sambat terus. Ya gedigi iki larane wong arep lairan. Tahanen sithik. Pasrah nyang Hang Kuwasa. Tetep ndonga... aja nangis bain. Emak arep nyang pasar sulung. Titip Onah ya Pul,” pesene Bik Rohayah nyang anak lan mantune.

“Enggih!” lare keloron njawab barengan.

Sing kerasa suwarane Man Usik adan Asar ring langgar wetan lamat-lamat kerungu. Wong-wong hang adol panganan ring dalanan ngarepe umahe Bidhan Ami wis padha mangkat cepak-cepak. Hang adol sega tempong wis mangkat nyurung rombonge ambi masang terope, hang adol jagung bakar mangkat dandan geni,  ana hang magih nyapu-nyapu terotoar lan cepak-cepak kelasa. Kabeh padha nyiyapaken dagangane.

Onah sansaya kelaran. Iyane sing bisa meneng. Miring nengen salah, miring ngiwa salah. Saipul terus nunggoni hang wadon kelawan sing leren-leren lambene wiridan. Sampek soren iku Bik Rohayah magih durung mulih teka belanja ring pasar. Wangune akeh hang dituku.

Kira-kira jam setengah papat soren, Bidhan Ami melebu ring kamare Onah.

“Piye Mbak Onah, coba tak periksa maneh mbok menawa wis wayahe lairan,” Bidhan Ami hang wis nganggo sarung tangan karet mulai meriksa wetenge Onah ambi ndelengi dalan bayi.

“Ketoke wis wayahe iki. Wis mari iki siap-siap ya Mbak Onah,” jare Bidhan Ami ambi melebu njuwut perkakas hang mau wis disiyapaken.

“Enggih Bu...” jawab Onah ambi nyawang lakine hang magih katon mijeti tangane Onah.

“Kang... dongakaken Isun kuwat ya Kang. Muga-muga sing ana paran-paran. Lare iki lair cepet lan sing ngerepoti. Lan ...” durung mari Onah ngomong ambi lakine, iyane kerasa wetenge kaya mules. Iyane kerasa kaya arep ngeden. “Kang.. gancang celuken bidhane, rasane kaya wis arep lairan Isun iki ya,” jare Onah ambi nahan larane.

“Bu... Bu Bidhan! Onah pun mangkat kerasa nggih,” Saipul nyeluk Bidhan Ami hang magih ring jero umahe.

Bidhan Ami hang ring jero umah, sakkal melayu ambi nggawa perkakas hang wis disterilaken mau. Agage Bidhan Ami meriksa Onah hang katon ngempet larane. Saipul sansaya nemen lambene komat-kamit wiridan ambi sing mentala ndeleng rabine terus kelaran. Sing kerasa banyu mata mili ring pipine.

“Mas Saiful, ra usah bingung. Iki wis biasa, lairan sing pertama ya ngene iki. Ra papa kok. Sing penting tetep donga wae, ben ibune lan bayine padha selamete,” jare Bidhan Ami ngedhem-ngedhem atine Saipul.

Bidhan Ami mangkat nangani Onah hang terus kelaran. Iyane metek-metek wetenge Onah ambi nguwani perentah ngeden nong Onah. “Ayo Mbak Onah diedenake, iki sirahe bayi wis mulai ketok,” jare Bidhan Ami.

Bolak-balik Onah ngeden, naming endhase bayi magih durung metu-metu. Saipul sansaya sing mentala ndeleng Onah kelaran. Tangise sing keneng diempet maning. Iyane wis sing isin-isin nangis nggugug ring sisihe pelancane Onah, ambi terus nyekeli tangane Onah.

“Ya Allah...nedi tulung selametaken rabinkula lan bayinkula,” jare Saipul ambi ngantem-ngantem endhase dhewek.

Emane pas Saipul wis katon sing kuwat maning ndeleng rabine, Rohayah teka. Iyane teka sing dhewekan. Temakena Mujaki hang sakdurunge lara sing bisa tangi, kerungu Onah arep ngelairaken sakkal iyane kerasa seger waras. Iyane maksa milu ndeleng nong umahe Bidhan Ami.

“Kang ... Rika iki magih durung aron ya Kang. Kari mempeng milu ndeleng Onah.. engko bain kadhung wis lairan yara bisa ndeleng bayine Onah ring umah,” jare Rohayah menging lakine milu nong Bidhan Ami.

Naming Mujaki sing keneng dipenggak maning. Iyane tetep maksa dhung iyane wis aron teka larane. Iyane wis seger waras. “Isun wis aron Yah. Delengen tah, Isun meger-meger digi ya. Wis tah, Isun milu ndeleng Onah,” Mujaki sing keneng dipenggak maning.

“Karepira wis Kang.. engko yara ngerepoti ring kana,” jare Rohayah.

“Using ... Isun wis aron Yah ... kari sing percaya ya,” semaure Mujaki maning.

Teka njaba umahe Bidhan Ami, Rohayah kerungu suwara tangise Saipul. Iyane agage mudhun teka sepidhah montore, sing kathik nuntun Mujaki, Rohayah melebu ring kamar. Ring njero kamar katon Bidhan Ami nangani Onah hang terus usaha ngelairaken bayine ambi ngempet larane. Saipul wis sing isin-isin geruh-geruh ring njero kamar.

“Pul ... Sira metuwa kana, kancanana apakira ring njaba. Aja geruh-geruh ring kene, Bu Bidhan sansaya bingung engkotah. Wis kana kancanana apakira, aja nangis bain. Ndonga bain supaya lairan anakira gangsar. Geningena Emak bain hang nunggoni ring kamar ambi nulungi Bu Bidhan,” jare Rohayah.

Ambi terus nangis, Saipul metu teka kamar nyalami Mujaki hang nganteni lungguh ring kerusi ngarepe kamar.

“Wis aja nangis bain, njaluka bain nyang Hang Kuwasa muga-muga lairan bayinira gangsar, rabinira selamet bayinira uga selamet,” jare Mujaki ngandhani Saipul hang buru metu teka kamar.

Teka njaba kamar, suwarane Onah ngeden ambi suwarane Bidhan Ami hang nguwani perentah kerungu cetha. Rohayah ya sing mandheg-mandheg ngandhani Onah dhung ambegane diatur.

“Tarik napas Mbak Onah ... terus diedenake. Tarik napas maneh ... diedenake maneh. Ayo terus ... iki sirahe bayine wis mulai ketok,” jare Bidhan Ami nguwani perentah nong Onah.

“Ayo Nah ... aja mandheg, endhase bayine wis metu. Terus ambegane diatur. Bokonge aja diangkat,” jare emake nguwarahi Onah hang terus ngeden ambi ngempet larane.

Kira-kira emeh jam papat soren, teka njero kamar kerungu suwara cemuwere bayi. Bidhan Ami ambi Rohayah emeh barengan nyebut alhamdulillah. “Alhamdulillah, bayine wis lair Mbak Onah. Tapi... lho kok mandheg? Wah bayine semok iki, bayine mandheg nang bokong. Bayine gedhe banget,” ucape Bidhan Ami ambi kepaksa nggunting dalane bayi supaya gangsar.

“Nah ... anakira wadon Nah. Ayu temenan. Bacote kari mbangir ... kaya bacote apake,” jare Bik Rohayah bungah ndeleng putune hang ayu rupane.

Ring njaba kamar Mujaki ambi Saipul padha-padha ngucap sukur alhamdulillah. “Alhamdulillah ... Isun bisa ndeleng putu, Isun bisa ngemong putu. Ya Gusti, terima hang gedhi, Ndika uwani Isun putu hang ayu,” jare Mujaki ambi mberebes mili.

Sakkal Mujaki enget ambi apake bengen hang kepingin duwe putu teka Mujaki. Naming sing keturutan kerana apake ninggal donya sakdurunge Mujaki duwe anak. “Pak ... sepuranen Isun Pak, Isun sing bisa mujudaken kepingine Apak duwe putu. Isun buru kerasa dhung gedigi rasane kepingin duwe putu. Endhane kaya digi hang dirasakaken Apak bengen. Sampek kewetu omong nong Isun dhung Apak wis kepingin momong putu. Pak ... sepuranen Isun ya Pak. Iki... saiki... buyutrika lair wadon.. ayu Pak. Mandar muga mbisuk bisa dadi lare hang solehah,” jare Mujaki ring jero ati ambi ngempet tangis.

 

Ring jero kamar, Bidhan Ami ngerijigi bayine Onah ambi nimbang lan ngukur dawane bayi. “Wah Mbak Onah, bayine gedhe banget, bobote petang kilo dawane setengah meter. Untunge panggule ibune gedhe,” jare Bidhan Ami ambi nggedhong bayine Onah.

Mari dirijigi, bayine Onah katon tambah putih lan tambah ayu. Bacote mbangir kaya bacote apake, kulitane putih kaya kulitane Onah. Masiya magih bayi, lambene hang cilik wis bisa mesem. Kadhung mesem, ring pipine wis katon ana cubleke masiya sing patiya ketara. Onah katon bungah ndeleng anake katon putih lan ayu. Iyane lali ambi larane kala ngelairaken mauka.

“Mak ... anakisun kari mbangir bacote ya Mak.. kaya apake. Emane sing kaya bacotisun. Munggane yara pesek,” jare Onah mesam-mesem dhewek.

Teka njero kamar Bik Rohayah nyeluk Saipul ambi lakine. Bayine Onah hang digendhong, diuwakaken nong Saipul. “Iki Pul anakira agage diadani. Naming njuwuta wuduk sulung,” jare Bik Rohayah.

Mujaki hang milu melebu ring kamar uga katon bungah. Iyane sing katon dhung magih lara. Ndeleng putune lair, iyane lali ambi larane. Sakkal awake seger waras, bisa melaku dhewek, bisa munyik, peraupane sing katon acum maning.

“Kari ayu putunisun Yah. Endi Yah... Isun kepingin nggendhong,” jare Mujaki ambi ngelungaken tangane.

“Aja sulung Kang ... Rika magih lemes. Engkisuk bain kadhung Rika wis aron temenanan, gendhongen wis. Saiki aja endak sulung.. engko temebluk dadi mala. Delengen bain,” jare Bik Rohayah ambi ngelungaken bayine Onah nong Saipul supaya diadani.  

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor