Anggitane: Moh. Syaiful
(Minggu, 22 Desember 2024 07:33 WIB)

(Cerita Cendhek) Pecel Rawon Tah Sate Madura?


Wong jakkeloron iku padha akon-akon kadhung panganan iku duwene dhewek. Alihe panganan hang diakoni sakkarone ya panganan siji hang mung diwalik arane bain. Kadhung hang olah-olah wong siji mesthi bain sing mung rupane sampek sakrasane mesthi bain ya padha.

“Pecel Rawon!” jare wong udhengan.

“Rawon Pecel.!” Saure wong hang kethuan.

“Iki olah-olahan aseli teka wong umahisun, dadi iki ya hang duwenisun dudu duwenira,” jare wong hang siji hang nganggo udheng ambi mendelik madhep nyang wong hang nganggo kethu cemeng diangklangaken.

“Jeh.. iku jare Rika, sakat bengen sakdurunge wong umahrika nggawe, wong umahisun ya wis nggawe. Dadi iki panganan aseli teka umahisun,” saure wong hang nganggo kethu cemeng ambi sing pati ngereken rumangsa menang tukar padune.

Wong udhengan ambi wong kethuan magih padha-padha sing nerimakaken. Isun sing wani mara mung ngerungokaken teka kadohan lungguh mecegrok nong sadhele sepidhah montorisun ring panggone wong ojekan lungguh.

“Rika iki, sembarang-mbarang perasanisun milu duwe ya, sakat tabuhan, kendhang, angklung sampek nyang gendhing Rika uwah nyang basanrika. Duwenisun wis Rika aku kabeh. Iku kabeh olah pikire lan olah dayane embah-embahisun sakat jaman sakdurunge ana Landa merene,” omonge wong udhengan mangkat merengkel otot gulune sing terima nyangking-nyangking babakan liya.

Wong kethuan cemeng katon mikir aju mbalik awak madhep nyang wong hang udhengan maning. Buru arep semaur, iyane buru enget kadhung ana wong hang tuku sate nong ngarepe warunge nganteni ambi ngadeg sakat mau. Tangane hang nyekel sundukan sate katone diceker-cekeraken nyang wowo hang wis emeh mati ditinggal padu sakat mau. Sing suwe pira tangane nyandhak kepet teka nam-naman jajang. Silir-silir kepete obah katone ngundang angin. Sithik-sithik geni mangkat murub maning.

Mari ngepeti satene katone geni wis murub sate wangune gancang mateng. Godhong diethuk ragi sambel kacang diteplokaken nong godhong aju satene dibungkus pelastik.

Duapuluh ribu, Mas..” omonge wong kethuan cemeng ambi ngelungaken satene nyang wong hang nganteni sakat mau ring ngarep rombonge. Pantese wong iku ya wis sing betah rungu wong tukar padu sakat mau.

“Rika iki mula dhemen ruwed,” wong kethuan kelambi cemeng mangkat ngeladeni maning tukar padune musuh wong udhengan serta wong tuku sate menyang.

"Isun dodolan sate sakat embah-embahisun jaman bengen, tapi Isun ya sing maido Man Dalah tangganrika hang dodolan sate. Aliye Man Dalah iku ya aseli wong kene sing ana turunan kaya Isun iki."

“Jeh.. Rika iki kelendi. Hang Rika edol iki Sate Madura, Man Dalah ya adol Sate Madura. Man Dalah aseli wong kene sing padha ambi Rika hang turunan wong kana,” saure wong udhengan gancang.

“Man Dalah dodol Sate Madura tapi arane ya Sate Madura sing diuwah-uwah kaya dulurrika, Madura Sate. Paham Rika!” Wong udhengan nambahi saure.

Weruh wong kethuan magih katon meneng, wong udhengan kuwatir sing paham paran hang dikarepaken. Wong udhengan nambahi penjelasane

“Maksude iku, Man Dalah milu adol barang hang arane Sate Madura tapi sing ngaku gawe aran anyar Madura Sate,” Wong udhengan magih mongod-mongod ambi lungguh ring lincak jajang ngarep rombonge wong kethuan kelambi cemeng.

“Mesthi bain iki beda masalahe, antarane pecel rawon ambi rawon pecel,” wong udhengan arep njelasaken masalah hak cipta naming wedi kancane hang wong kethuan iku sing paham maning.

“Tangganrika kana sing paran aku-aku pecel rawon, lan sing paran-paran uga kadhung milu dodol pecel rawon, naming aja nggawe aran anyar teka barang hang kawite padha,” wong udhengan nggereneng

“Kathik arep didaptaraken nong hak cipta paran,” wong udhengan mongod nong njero ati

“Atase bisane mung tiru-tiru bain, aos..!” Wong Udhengan magih nggereneng

“Iya wis, anggepen bain Isun hang niru pangananrika,” wong kethuan mulai nyolah

“Pangananrika iku secara sah nurut hukum iku wis bener duwenrika, kadhung mula bener iku duwe surat hak cipta nomer pira taun pira?” Wong kethuan mangkat nerusaken nganggo dasar hukum omongane.

Rumangsa menang padu, wong kethuan nerusaken kepet-kepet nong geni bakaran satene ambi gendhingan,

“Aja cilik ati Lik, nong donya panganan sing siji..” lagune Catur Arum digendhingaken ambi lugate lugat wong dodol sate.

Wong udhengan panas atine, rada kaget rungu omongan hak cipta teka wong kethuan. Iyane mangkat ngenget-enget babakan hukum lan hak cipta uga hak intelegensia ring panganan. Suwi mikir iyane ya durung tau kerungu Pecel Rawon ana hak ciptane. Maning-maning iyane ya sing kepikiran dhung panganan uga bisa didaptaraken hak ciptane nyang Kementrian Hukum dan Hak Azasi Manusia.

“Bener uga omongane wong dodol sate iki,” pikire wong udhengan ambi balik nyang panggonan lungguhisun mangmula.

“Dhik, Rika tau rungu babakan Hak Cipta Pecel Rawon?” takone wong udhengan nyang isun.

“Sing rungu, Man,” saurisun njelasaken kadhung isun ya sing ngarti.

“Iki mula dudu salahe wong dodol sate, iki mula salahisun, salah Rika, lan salahe wong kene kabeh iki,” omonge wong udhengan nyang isun ambi katone getun.

“Duwe panganan enak lan kesuwur merana-merene naming sing diopeni hang titi, serta diaku uwong didaptaraken hake, pungkasane ngersulane kari,” Wong udhengan njelasaken maning nyang isun.

***

Pertelon Lincing magih katon sepi teka seliwerane montor. Buru bain wong mudhun teka langgar sembayang magerib. Isun wis lungguh nong panggonan iki maning. Panggonane wong ojekan ngadhang penumpang lan langganane, sing adoh teka rombong wong dodolan sate.

Masiya dudu tukang ojek, isun mesthi njanggol nong kene. Isun sing wani milu ngojek masiya isun ya nggawa sepidhah montor merene. Kadhung kepaksa bain isun dikongkon tukang ojek buru isun milu ngojek. Jare wong-wong isun iki ojek warnenan.

Sing suwe pira isun lungguh nong lincak pangkalan ojek  wong udhengan teka. Mari njagang sepidhahe iyane gancang melaku nuju nyang rombong sate panggonan biyasahe iyane gesah. Sing kathik nyapa nyang isun hang lungguh lakune telikas. Wong udhengan melaku akas ambi nyangking banner cilik hang ana tulisane.

“Bek.. Tulisan paran iku kari teges kelire,” usikisun ning njero ati.

Rumangsa sing enak ati, gancang sun tututi wong udhengan melaku. Sing suwe pira wis gadug rombong sate.

“Kak.! Iki sun gawekaken banner warung Rika!” omonge wong udhengan nyang wong kethuan cemeng.

“Bek.. apik iku, entek pira pelakone iku kang,” saure wong kethuan girang.

“Wis aja dipikir, wis Sun bayar nong tukang banner Kebalen kana,” wong udhengan masang banner cilik nganggo paku pines nong rombong sate.

Sing serantan gancang sununekaken tulisane serta bener wis dipasang.

“Sate Madura bukan Madura Sate,” kemekelen isun maca tulisan kelir abang putih iku nong njero ati.

***

Ditulis Moh. Syaiful, 18 Desember 2024

Kado kanggo Harjaba hang kaping 253

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Literasi using

Editor: Hani Z. Noor