Anggitane: Nur Holipah
(Minggu, 13 Februari 2022 07:35 WIB)

(Cerita Cendhek) Pileg lan Peksin


Ulan iki, usum-usume wong warang. Sing luput, Sajidik lakine Harisah pirang dina iki katon acum. Sedina-dina jemujung ning kasur serungkuban kemul. Mudun teka peturon mung kanggo nguyuh utawa ngising nyang kalen mburitan umahe. Iku bain ya ambi rada dhoyong. Merga iku, taker sing kober ngerambanaken wedhus-wedhuse. Mulane sipat mari buruh nguntingi bawang, Harisah magih kudu mungglengi empange lamtoro ring pinggiran kebonane Kik Ajin.

Sajidik sing kelar tandang gawe. Endhase kaya munyeng kadhung dienggo megawe. Awake kaya remek mari diantemi wong sak kampung. Wis digu, bacote mulur kening nggarai ning endhas ngelu. Abane kesrat-kesrut nahan umbele makene sing temetes. Kadhung wis bengi Sajidik angel ambegan merga bacote kaya disumpel gombal. Masiya wis turu miring utawa turu jemujung, tetep bain mampet selisih.

Sembarang kalir wis dicacak kanggone Sajidik nambani pilege. Wis tuku tamba obat pil ring warung, wis neter ngombe banyu anget-anget kuku, ya wis perei ngombe banyu es pisan. Kari sing gage waras. Alihe, angger jam pitu iyane ngogrok caring ring latar wetan umahe. Kesentor serngenge, kerasa lega temenan bisa wahing lan gebres-gebres.

Tambah-tambah pirang dina iki iyane uga sing bisa mambu paran-paran. Paceke Sajidik seru tangare kadhung sega dang-dangan rabine wis lepah, ambune seru arume. Iyane uga seru dhemene ngambu umube kopi hang buru mari diguthek ring cingkir. Sajidik kaju temenan, bacote sing bisa ngasir ambune uyuh lan keciput isinge wedhuse. Taker ping bolak-balik seja ngambus-ambus ring peripitane kandhang.

Akeh hang ngomong, tambane kudu gelem ngambus-ambus sere hang wis digepuk lan dikum ring banyu hang gemulak. Uga ana hang ngomong jare bacote kudu dikelocori banyu liwat bolongan karo-karone, makene rijig. Uga ana hang nguwarahi rabine Sajidik, jare digejahaken bawang putih aju dipoledaken nyang bacote makene gelis bisa ngambu maning.

“Pileg iki setemene sakat wingi taklam wis ana...” abane Ehak ambi nyuweki godhong kelapa kanggo untinge godhong bawang.

“Apuwa saiki penyakit pileg dadi rame?” jare Ehak maning.

“E rika dak-weruha ring Penataban kana, sasate sedina ping papat siaran wong ninggal...” Uwang milu semaur.

“Montor hang nguwot mayit ika paran wis arane ya? Taker bisa diitung ngalor ngidul. Isun masa gawe-gawe, dulurisun dhewek hang umah-umah ring kana cerita...” Uwang nutugaken omonge.  

“Ketang saiki wong pileg, watuk-watuk, periksa nyang dokteran, kudu dilogrok sulung bacote!” abane Ehak.

“Saiki pileg iku diarani korona, mbok!” Sulik milu-milu.

“Aju ulih ngendi aran setemene bain ya?” takone Harisah.

“Eh, mbok Isah, kelendi lakinrika aron tah wis?” Ehak nakoni Harisah hang nyakup dhekete godhong bawang hang wis kuning-kuning.

“Diarani aron ya magih kilah-kilah ring peturon. Diarani warang, nubengi wis mangkat ududan maning. Wis njaluk dicorotaken kopi,” Semaure Harisah setuhune.

“Sing Rika suntikaken tah?” takone Uwang.

“Nyaling gelem! Alihe kabeh warah-warahane uwong, Sun turut. Iki sambatan magih durung bisa mambu paran-paran!”

“Taping mariki ana suntikan ring kantoran kelurahan kana. Isun rungu ring Kang Samsul...” abane Sulik.

“Suntikan paran?” takone Harisah.

“Timbang enggo suntik, bangur nggo nempur bain apuwa!” saute Ehak.

“Eh, sing mbayar mbok!” Sulik rumangsa rungu kabar sulung, gancang-gancang cerita.

“Aju kaya kene-kene iki, wis tuwek ana paran tah ya kathik disuntik pisan iku?” abane Uwang, kayane emong disuntik.

“Woh, iki mbisuk sing mung kanggo wong tuwek-tuwek. Lare-lare cilik, katut disuntik mbisuk mbok. Jare Kang Samsul, wis aturan teka pemerintah gedigu!”

“Kadhung wis disuntik, korona iku sing wani marek!” abane Sulik temenanan.

“Taping yuh, ring tipi-tipi iku hang mari disuntik terusane sing ana umur yah..”

Ambi nyakup romot, saut-sautan gesahe wong buruh ngunting bawang sampek sing kerasa wis wayahe lautan.

Sakmarine nguntingi bawang, kaya biyasahe Harisah aju golet rambanan. Sak tingkes godhong kelirsidi lan lamtoro disemendhekaken parek saka kandhang wedhuse. Iyane aju nggiring wedhus-wedhuse melebu kandhang. Mari dipakani, lawang kandhang dikancing makene wedhuse sing ucul.

Harisah gancang nyang banyu pengadusan. Ambi nyelendhang andhuk, ngindhit korah-korahan ring epan luntrik lan nyangking siwur sabun. Lakine diinguk magih kemulan. Dilirik lumur wedhange wis kari letheke.

Ambi ngemurebaken aren, irig lan wadhah hang wis mari dikorahi rijig nyang pelanca, gancang iyane dandan geni. Dandang diindel, nggemulakaken banyu kanggo ngisi termos wedhang. Harisah kaya rungu ana wong uluk salam. Sapa ndane dhayoh soren-soren gedigi, takone njero ati. Kadhung tangga kiwa tengene bain, masa kari resmi kathik dhodhog-dhodhog. Sajidik magih warang, sing kira njelawat ngengekaken lawang. Durung kober garuan lan wedhakan, magih mawul-mawul rambute Harisah mung dipalung memburi lan dipesud makene tireb. Gupuh-gupuh iyane jujug mbale umahe.

Wong lanang wadon, keloron nganggo seragam soklat sepatuan gemilap ambi nyangklong tas. Sing katon raine merga ketutupan masker.

“Wa’alaikumussalaam. Monggo, Ndika melbet Pak, Bu..” Harisah ngelajokaken dhayohe.

“Sampun matursuwun. Ngeteraken surat niki Bu. Njenengan mbinjing jam 8 dugi dhateng kelurahan nggih, wonten jadwal vaksin! Mbeta KTP asli mawon!” abane dhayoh wadon ambi ngelungaken kertas.

“Peksin Bu?” Harisah nampa surate ambi dibiyak katon urek-urekan tandha tangan apik seru. Merga iyane sing dhuweg maca lan tulis, kadhung urusan nyang kantoran angger nganggo cap jempol.

“Nggih, vaksin. Jam 8 pagi. Besok harus pakai masker ya Bu” semaure dhayoh lanang ambi negesi, sing kathik nyoplok maskere.

Wajib datang ya, Ibu Harisah dan Bapak Sajidik," abane dhayoh wadon ambi nduding isi surate. Harisah semaur enggih, ambi manthuk.

Mari dhayohe pamitan mulih, Harisah balik nyang pawon enget banyune wis kemerenseng emeh gemulak. Kertas surate diselehaken ganti jujug ceraken nggoleti picis kenthingan susuk-susuke nempur.

“Kang, sulung titip geni iki nawi surud. Arep nyang warung tuku bubukan, selak tutup warunge Mbok Siamah. Kisuk nyang kantoran kelurahan wayahe peksin!” pamite Harisah nyang Sajidik.

Harisah enget nyang omonge Sulik mauka. Temakaken temenan kabare suntikan. Ambi ngethem picis, Harisah melaku nyang warung. Mugi-mugi bain Siamah magih adol peksin.

Temakaken, tambane korona iki mung peksin bain tah. Sapa weruh mari peksin, pilege Kang Jidik terus ilang. Jare Harisah, ring jero atine.#

Giri, 2022

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Dokumen Pribadi

Editor: Antariksawan Jusuf