Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 17 Oktober 2021 10:49 WIB)

(Cerita Cendhek) Ridzkiya KS: Sing Ayu, Sing Payu


Ater-ater: Tanggal 30 Oktober kesuk, arep diluncuraken kumpulan cerita cendhek basa Using, anggitane Ridzkiya KS. Ibarat ana wong arep merdhayoh, bukuke mau wis arep lungguh. Minangka suguhan milu gupuh kanggo dhayoh hang wis arep lungguh iku mau, ring ngingsor iki ana salah siji cerita cendhek anggitane Ridzkiya hang ana ring kumpulan buku: Kembang Galengan. Gage ditiliki ra.

 

Sing Ayu, Sing Payu

Isuk-isuk nang pawon wis ruwed. Wong wadon-wadon padha umek. Abane jangkahe kari sing bisa entheng. Derijine uga milu nyerawed. Ana hang adang, ana hang methiki jangan, ya ana hang mejugrug nang ngarepe bengahan. Sapa maning kadhung sing isun. Perawan sunthi hang ayune kaya widadari, jare bapak. Sing tau aran nyekel lading utawa suthil. Paran maning panci lan wajan. Masa merga suker taping sing bisa olah paran-paran.

“Menang ayu thok! Taping sing tau nggerus lobok ya percuma.”

Batinisun rada njingkat. Rasane kerasa lara. Rumangsa isun sing tau bisa. Kadhung dipikir temenan mula. Omonge Emak ana benere. Taping jaman saiki, sing ayu ya sing payu. Lancar lan singe ngelakoni urip sing kira ditulih. Hang penting ayune. Embuh budhuh, embuh goblok, ayu tetep nomer siji.

Kerentege ati tangi serta mari dicamah. Isun sing terima dicamah. Taping kadhung isun sing ngeman-ngeman awak, engko isun elek ra?

“Elek lan singe uwong, ditulih teka atine. Dudu rupane,” bapak nyauri suwarane ati ambi malang kerik nang ceracabane lawang.

Isun wis nduwe kerenteg. Taping magih ngaboti rupa. Isun isin kadhung kancanisun sing ana hang dhemen. Merga isun cemeng, garing, mambu. Isun ya emong kalah nyang kancanisun lare kutha hang kulite rijig-rijig, ayu-ayu. Isun ya kepingin mbuktekaken gok lare desa iku sing kalah.

“Sekolah dudu pamer rupa...sek..,” ape nerusaken taping hun terotos.

“Isun sing terima,” bapak durung mari ngomong wis sunsauti. Makene sing dawa.

“Aja sampek Ira ngaboti ayunira taping Ira melebu neraka.”

Bek.. ati kaya dicethuti. Bener mula jare apak. Ayu sing digawa mati. Percuma ayu taping duraka nyang wong tuwek. Isun kudu uwah wis saiki. Embuh wis kelendi carane makene isun tetep ayu, taping sing lali nyang wong tuwek.

Isun sing mikir suwi maning. Laku melayu nuju nang kamar. Gelis-gelisan nganggo skin care. Sunpulasaken sak awak. Sikil, tangan, rai, gulu, deriji sing luput teka pulasan. Sunakehi. Makene sing belang utawa cemeng. Polae musuhe geni, panas lan welek.

“Tandang paran Ira iki?” kakang mara-mara njumbul.

“Tulungana Emak kana. Ira iki wadon tah sing?” teruse.

“Sulungtah,” saurisun ambi ngelus-ngelusi tangan.

Kakang mung bisa mangap ambi sithik-sithik gemuyu. Edheh... dayatah iyane ya saben dina gawene padha bain. Kadhang thingel-thingel, kadhang ngakak kepingkel-pingkel. Taping isun emong nulihi. Tuwas isun lara ati dhewek, aju tukar. Isun sing ngarti. Caranisun nganggo skin care iki apa ya bisa dadi tameng makene isun tetep ayu? Wedine sing bisa. Taping ya dicacak bain. Kadhung bisa ya wis, kadhung sing bisa ya embuh wis.

Hang maune mung bisa mejugrug nang ngarepe bengahan, saiki wis mangkat tandang. Milu tulung-tulung kanggo selametan engko bengi. Rada wedi nang wajan. Lagotane sing tau nyekel. Wedi keneng lenga, wedi kepeletikan.

“Parane Ira iki? Kari kaya ninja,” abane adon ambi nulihi nahan guyu.

Emak ya gemuyu, nulih isun nganggo masker kain hang sung enggo nang rai. Tangan nganggo selonthong, nggoreng endhog adoh-adohan ambi kompor.

“Kelendi Ira iki? Kari kaya ninja mancing,” abane bapak ambi nyekel arit arep melaku nang sawah.

Pingine makene sing melethik lengane. Taping malah dielok-elokaken. Emane isun macak tableg bain. Hang penting kulit lan rainisun sing rusak.

Isuk sampek soren wis mungkur. Serngenge ngalih papan. Mandheg ana ring tengahe gunung. Mega hang padhang salin peteng. Kabeh padha oper-operan. Ulan celak-celuk, angin ya pelayonan, kepingin ngadhemi bengi hang perasanisun kaya arep ana mendhung. Suwara manuk wis sing ana maning. Wit ijo dadi cemeng. Merga langit wis ngatonaken endahe noring petengan.

Man Uwan, hang tukang adan ning langgar abete wis nyelehaken mik enggo hang kawitan. Kari nganteni hang pungkasan.

“Allahu Akbar… Allahu Akbar.”

Komate Man Uwan nggawe ati kidrangan. Rasa seneng arep selametan dadi terjunan. Sing sabar, arep madhang lan undang-undang. Mesthine hang ring pawon iki ruwed dhewek. Kethoge piring nang kancane, rungu nang bale. Isun sing arep nyander. Wedi dikongkoni maning.

“Wis sembayang magrib?” Kang Urip mangkat golet perkara.

“Engko bain rawih…” saurisun ambi mbalesi WA teka kancanisun.

“Ira kepingin kaya Caca? Lare kembange desa iku?”

Isun bingung nang Kakang Mas iki. Dungaren paham. Biyasahe nyamah nomer siji. Saiki kari apikan. Mula atine isuk soren. Kadhung nepaki apik ya apik. Kadhung nepaki elek ya seteruse elek. Repot. Dulur dhewek.

“Dhik.. Ayu rupa bisa digawe. Taping, ayu ahlake sing bisa diuwah-uwah.”

Kemesud. Nggawe ati luluh. Omonge Kang Urip kari jeru. Ati kaya ditabok. Abot.

“Wedhakana sampek ping pira akehe wedhak, sing kira ngalahi sunare wong mari wudhu. Ayuwa sekendi ayune wis... kadhung sing sembayang ayune siya-siya.”

Byalak. Ditambahi omonge. Kaya samudera serang jerune. Pikir kelayongan. Ati kaya  kelantung-lantung. Kemambang nang sepat tuture. Sing nyangka. Isun sakat bengen digawe peteng. Mung gara-gara wedi sing payu. Budhuh seru ika. Isun didadekaken Budak Skin Care. Wis larang, sakulan entek, asile ya sing sepira. Padha bain, rai putih sikil magih garing bain. Mula bener. Asline wong alas, ya metune tetep wong alas.

Sampek isun sadhar sithik-sithik. Jodho wis ana hang ngatur. Elek singe uwong mesthi ana jodhone. Gusti Allah mesthi nguweni hang apik enggo menungsane. Paran maning hang saben wayah enget nang Iyane.

“Alak... durung magriban!”

Isun melayu nang cedhing, njuwut cibuk, ambi nguripi ledheng. Masiya pikir sing weruh maning ape kelendi, hang penting tetep enget nang Hang Nguweni Awak. Ayu lan singe uwong hang nguweni Pengeran. Ana kurange, taping diuweni lebihe. Mula sing ana hang ngalahi apike.

Serta wis metu teka cedhing, dhayoh undangan wis padha kumpul taping isun magih umek nyekeli rukuk, nggelar sejadah, ambi tasbih. Sepuluh menit, kanggo parek nang Pengeran. Sing suwi. Taping maning-maning Pengeran ngatonanen sugihe. Nguweni urip kanggo isun wis semene lawase. Daya, kanggo parek bain sing takere sujud setengah jam. Tambah welas ika.

Laku sing maning aras-arasen. Sing ngurusi. Masiya engko dielok-elokaken kanca gok isun sing wedhakan.

“Wedhakrika entek tah?” abane Caca ambi lungguh nang sandhinge jenang abang.

Iki tah mendhunge. Isun saiki sing kari panas. Isun biyasah bain. Enget omonge Kakang. Ayuwa percuma. Kadhung sing sembayang. Caca menang ayune. Taping embuh ahlake. Lare ngelamak digu. Emak bain hang munggah alem. Lare kaya iku ya diundang nang sedhekahe anang pisan. Dheh... nggarai sing kepingin nyawang.

“Using sih...” saurisun rada sengit sithik.

“Perandane kari mbelangus digu. Kaya mari diobong.”

Caca suwarane tambah nganter-nganteraken.

“Nang ahirat ditakoni paran wedhake tah? Ditakoni tah pira regane? Using ra? Hang ditakokaken iku kelendi sembayange lan kelendi amale. Kadhung wudhu bisa nggawa nang suwarga, apuwa kudu wedhak? Hang bisane ngundang dosa. Iyara?”

Em... kapok sira. Makene isin wis. Bengen isun saingan terus nang larene. Ayu-ayuan kaya wong edan. Saiki sepurane bain. Sing maning-maning wis.

“Engeta ra nang omonganrika. Sing ayu, sing payu. Rika ra saiki sing ayu. Kadhung sing payu kelendi?” saute nggarai wong mentala ngaplok.

“Sing ayu, sing payu? Nawi sing rangking, sing munggah,” abanisun nyindhir larene hang sekolah mung bandha ayune taping sing tau munggah sekolahe.

Kapok ira wis. Isin. Aja obong-obong kadhung sing kepingin kobong. Ketang, lambene kompor. Wis jadhug, umure tuwek, sekolah sing lulus-lulus. Hang diandhelaken rupane thok. Munggane sekolah dienggo golet lanangan, ngitung lanangan dhuweg. Taping wayahe ngitung pelajaran, nyonto nang kancane. Kembang desa digi rupane? Isun ya bisa lik. Ketang sing weruh sedinane, weruhe mung ayu lan menenge. Daya tah lambene kaya geni, ngobong ati. Kemayu, munggah alem. Dialem miber, dielokaken tambah aos ya larene ika wis. Sing gelem kalah. Tandangane lare siji iku, ati merengkel sing karuwan. Bangkel ketang. Lambene omong-omong thok. Wis gedigu ngomonge sing gelem mikir. Jarehun muliha wis lare iki. Mungga sing tangga masa kira diundang. Emak iku wis gara-garane. Kapiken dadi uwong. Lah... nggarai sungkan milu selametan bain.

Kaya-kaya nak suntundhung. Bener sing panas taping nyengit. Lare paran digu iku? Ayu-ayune pulasan, digu ya miber. Sekolah magih budhuh bain aose masaalah. Kaya hang ayu dhewek sak donya. Wedhake kari kandel. Kaya nganggo gamping. Anggone dipulas lempung. Lambene dipopok sambel. Makene mikir. Ana... dadi lare lambene tuman. Dhemen golet perkara. Sunpikir, lare edan.

“Taping Ira nuruti wong edan, ya edan pisan Ira!”

“Paran? Rika bisa maca atinisun?”kaget isun nang kakang hang mara-mara lumah nang kursi jajang parekisun, batin sing kakaruwan.

“Iya, taping Isun dudu malaikat. Wkwk.”

Muyab.. Wong siji iki mula ewer. Masiya rada keras nang isun, taping kudu dialem perkara tegase lan ngganthenge. Maklum modhele Kemiren. Kudu sunakoni, lebihe ana nang lare iki. Isun mung diuweni ampase. Wis...emak bapak tega ika. Apuwa isun kudu anak kemunjilan. Perkara kulit, kakang ulih hang kuning isun disisani hang cemeng. Perkara idep ya gedigu, kana ulih hang malik, isun hang mejejeng, tawang pisan. Untung padha pintere. Ya sing aos sih. Taping kadhung musuh Caca bain ya sing  kira kalah.

“Sing apik mbatin nang wong. Buru didigokaken bain, dheh wis cemplang. Ngok...ngok. aja kari bengok dadi lare.”

Mangkat, Kang Urip golet mala. Mesthi ngundhang tukar. Padha bain ambi Caca. Kakehan cangkem kabeh. Lah... embuh wis. Timbang nuruti wong edan iki bangur ngalih.

Ngek...

Lawang kayu iki rada angel bukakane. Atos. Wayahe nyalini. Bapak saben dina patheng megawe, ya wong tukang pisan. Taping mbecikaken lawang bain sing kober. Serang parane jare, pelasteran digeningaken keret kabeh diterak lawang hang serede sing mupakat. Ale wis sunuweni sambatan, diwarahi bukakane angel ya tetep bain sing ana ngelisik. Serang angele, tangi turu gupuh, sikil kejepit-jepit. Makene kono wis. Nawi omes nulih jempolanisun besem, kukune taker sing rupa dalan perujuke. Mauka serang antere. Arane bain kuku sikil, musuh kayu, ditambahi pelasteran keramik pisan. Tepak wis.

Kadhung sunpikir, omonge Kang Urip ambi bapak mula ana benere. Gara-gara jerune omonge, isun sing kolu nulih meja hang isine kaca gedhi ambi wedhak maneka rupa hang ring sandhinge pelancanisun iki. Kadhung diitung, isun entek atusan ewu mung enggo tuku wedhak lan lipen. Rugi ra? Wis suwi isun nyelengi nang tokone Mbok Paridah. Taping ulihe mung wadhah plastik hang ngebek-ngebeki meja nggarai rengit pernah umah-umah.

Isun rada nggetuni, ambi nulih nang kaca mandhengi rupanisun hang jare elek iki.

“Eleh...Using sih. Masiya cemeng taping manis digi. Gedigu jare emak kaya turis Afrika. Dheh... wong isun turis Arab keturunan Cina. Wkwkwk,” alemisun ambi nyacak maliki idep lan mandeng temenanan matanisun hang sing bisa melek iki. Makene sing kari panas ati, uga makene mbalekaken rasa percaya nang awak dhewek.

Isun rumangsa wis cukup. Diuweni urip lan ayu rupa hang lebih gedigi. Diuweni seger, waras, sunpikir lebih. Sing kathik ana liya maning hang sunjaluk seliyane diuweni selamet.

“Selamet hang endi sulung?”

Menungsa siji iki sing tau luput teka batinisun. Sing tau-tauwa mesthi milu-milu. Jare isun menenga bain, tulihen bain tah, utawa aja direken tah. Kelendi arep sing wanen, wong Kakang Mas hang ngganthenge masaallah iki seru dhemene nggudha. Aju isun gelema nerima. Wis weruh isun kaku, sing kenengan. Ya magih tetep tandang ngusruhi. Apuwa endane wong iki?

Lumuh wis kono. Kang Urip sungeningaken kilah-kilah nang ndhuwure kasurisun ambi miring nyekel HPne. Wis nduwe kanca, temune. Game anyar abete. Lancing nganggur mula kakehan acara. Hang sing ana diana-anakaken. Serepet uteke.

Ambi melaku, sunrakut kabeh wedhak lan lipen hang sak tas iki. Sundeleh ring njero keresek gedhi aju sunpuket paten. Makene sing enget-engeten. Mergane iku kabeh hang nggawe isun lali paran-paran. Pikirisun, isun wis ayu. Dadi sing butuh nyang digonan maning. Cukup wudhu iku wis nggawe rai kaya ulan, putih, rijig, semunar. Calon candra anyar mula isun iki.

Kring...

HPnisun abete muni. Sundeleng Imah nilpun. Disauri tah sing ya? Polae biyasahe hang ditakokaken mung kelir lipen hang apik enggo lambene iyane. Iku bain hang ditakokaken kelire ya padha. Mung beda mereke bain.Taping kadhung sing diangkat sekaken, nawi ana pentinge liya.

“Paran, Isun ngantuk. Kesuk bain rawis Im... Marine kene kesuk kecaruk.”

“Selamet bakalan ambi Caca.”

Ati kemesud. Caca buru bain mulih teka umah. Endane kari gelis. Kapan pareke? Mara-mara bakalan bain. Picek tah kelendi Selamet iku? Kari sing mapakaken nang awake. Lanange kari kaya sultan, anake raja, pinter, nggantheng, byek... ulihe Caca hang aos cangkeme iku. Isun rada sing percaya. Imah iki ngapus tah sing? Kadhung teka suwarane lan nadhane, temenanan. Kadhung ditulih teka buktine ya magih durung karuwan.

“Hang bener tah Im...” isun neges maning merga sing percaya wedine ngapusi.

Saure Imah, tetep padha. Kayane temenan iki. Yawis kelendi maning wis. Lakon iki pedhot cukup semene. Nganteni isun lulus kuliyah bain sing kanti. Selamet nyulungi. Digu bengen omonge kaya gula, pungkase apus-apusan. Budhuhe, apuwa isun kari nduwe rasa welas hang sing gelem pungkas gedigi. Barang marek ya marek. Sing kira Selamet arep balik maning. Pedhot yawis pedhot.

Mata hang wis meh kiyep malah dadi mendelik. Serang kagete lan wedine. Niyat ngiris ati kabar iki. Asem rawis. Hang tulus atine kalah ambi hang pulasan raine. Mula wis takdir Hang Kuwasa sing bisa dikapak-kapak. Dhasare elek ya elek bain wis. Saiki mung bisa nerima. Tibane Caca mula lebih ayu teka isun. Sing bisa dipungkiri wis. Kudu sunakoni. Selamet bain taker katut merga ayune hang kaya widadari. Taping iku jare, jarang benere. Kadhung jare isun, isun sing kalah. Ayu rupa gampang goletane. Kadhung ayu atine sara jujugane. Ayu thok sing ana ajine, kadhung njerone elek ahlake.

Serang akeh mikire, isun lali gok HP hang nang kuping iki durung sunpateni. Imah nggerecek sakat mau sing sunreken. Merga pikir kelayung, sing karuwan juntrunge. Arep dikapakaken maning sing bisa wis. Arep direka-reka ya tetep sing bisa.

“Lah... masa kira sing payu,” suwara atinisun metu.

“Rika iki, ditakoni saure sing nyambung. Ayok kesuk tuku lipen ana diskonan iki!”

Imah mangkat ajak-ajak. Sing ngarti endane isun nelangsa gedigi. Picis gemet dienggo bandha rupa. Taping tetep kalah bain. Sing ana gunane. Lumuh apuwa. Kadhung jare Gusti Allah parek jodhone, ya mara dhewek. Leren wis golet-golet. Saiki nganteni bain wis. Makene marek dhewek.

Isun ape mungkasi taping sungkan. Imah kari mberangas kadhung perkara wedhak lan lipen. Sungkan dhewek. Kadhung sing dipateni larene ngobos bain sing ngepos-ngepos. Soren bengi suntinggal turu. Suwi-suwi dipateni dhewek, ya embuh pulsane entek.

“Leh Im... pulsanisun entek wis, Hunpateni Im,” isun nggawe alesan.

Magih kepikiran. Gok bisane Selamet ndhemeni Caca. Kaya sing ana wadonan liya bain. Hang lebih teka Caca sepirang-pirang,untingan. Digu gelem bain. Repot wis aran welas. Eleka tetep sing ketara.

Timbang isun terus-terusan mikir, bangur maca buku. Makene elek rupanisun ketutup nang pathenge belajarisun.

“Eh.. Selamet anake Wak Untung iku temakena?”

Setane teka maning. Isun nulih memburi ambi nyekel buku hang wis kadhung kebukak iki. Iyane semendhe nang temboke kamar. HPne magih tetep cekelan miring. Nulih peringise nggawe bangkel nang mata. Logate nyamah nggeridho, kaya nduduhaken gok iyane paling nggantheng dhewek.

“Ya embuh Bik...!” amukisun ambi ngaplok bokonge nganggo buku.

Isun aju melebu kamar, lawang suntutup sakanter-antere.

Bleng...

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor