
Anggitane: Dian Pratama
(Minggu, 12 Januari 2025 10:22 WIB)
(Cerita Cendhek) Sikil
“Seduluran aja sampek kepaten oncor, cepet-cepeta kumpul dulur”, gedigu wekase ruwahe buyutisun. Mulane umahe buyut kang gandheng ambi isun iki sing diedol lan sing dinggo rebutan nong anang lan adhik-adhike. Digenengaken, aja sampek ngalih nyang wong liya. Masiya tah wis, ring tahun 2020 kepungkur umah iku wis dituku ambi bapakisun. Bapakisun iki putu lanang kawitan, teka anak penggarep lanang.
Masiya wis duwene bapak, naming umah iki magih dienggo bareng-bareng. Dienggo kumpul seduluran, lan magih dienggo misanane bapak. Mak Mung, ambi Cak Toni, gedigu isun biyasahe nyeluk. Sun celuk emak, merga bengen sakat isun cilik tukang digendhongi ngulon ngetan. Mak Mung iki, anake Mbah Mud, adhike ruwahe anang kang kemunjilan.
Bengi iku isun, emak, lan dulur-dulur padha ngumpul nong umahe ruwahe buyut. Mesthi bain ana Mak Mung, Mbah Mud, lan Mbah Aji, emboke Mbah Mud.
“Masaalah, kari suwi sing kecaruk, waras Sira Mud?” abane Mbah Aji nakoni adhike.
“Ya waras Mbok, Rika iku dhewekan tah merene?” saure Mbah Mud.
“Iya dhewek, wong bareng lare-lare Sun jak merene sing gelem, ngincling dhewek bain wis” jare Mbah Aji ambi rada ngersula merga putune sing gelem dijak.
Ahire kang ana ring kono gesah sing ana putuse, mulai nyeritakaken cilikane bengen. Cerita kelendi sarane ruwahe buyutisun kang ngerumat anake kang kabehe sepuluh. Kang sing tau ketinggalan yaiku, cerita apuwa temboke pawone buyut gok cemeng, lan sing dilepa, digenengaken bata ambi semen bain.
“Yaiku, bengen jamane Gestapu, kampung iki arane roh Garit Kulon”, abane Mbah Mud ngawiti ceritane.
Isun kang rungu cerita iku gancang-gancang ngerokok cendhek, “Apuwa gok terus salin aran Mbah, yara apikan Garit Kulon, makene sing pati kaya kampunge wong Jawa kulon, gantine gok bisa Bangunreja, kaya sing pas gedigu perasanisun”, isun takon kepingin weruh.
“Ya iku perkara bengen iku Lik, kampung iki diobong”, Mbah Aji milu semaur.
“Gok diobong, mergane napuwa?” takonisun merga magih kepingin weruh.
“Ya arane bain, negara gonjang-ganjing, wong-wong kene kabeh padha melayu nyang pasinan, liwat sawahan. Serta wis mari, ya balik maning yong mula kampunge, ya umahe. Mari gedigu makene selamet, ya nganakaken selametan maning, aju ambi wong tuwek-tuwek diarani Bangunrejo, dienggo pengarep-arep, muga-muga mari dibangun dadiya rame, rejo (reja) iku jare wong kene rame”, jarene Mbah Mud mungkasi cerita.
Serehne ceritane wis mari aju isun ndeleng tipi, ambi kilah-kilah ring mburine kursi. Mula ning umahe ruwahe buyut iki, kursine modhel kursi pojok, mburine ana kasur kapuk, makene enak kadhung dienggo ndeleng tipi. Nong sampinge meja tipi ana kamar, kang embuh apuwa damare tepak mati, gok ya durung dibicikaken. Kamar iku biyasahe dituroni Cak Toni.
Ambi ndeleng tipi, Mbah Mud, Mbah Aji, Mak Mung, lan Emakisun gesah sing mari-mari, embuh paran bain kang digesahaken. Isun kang rumangsa kepingin ana kanca gesah ambi nulih ning kamar sampinge meja tipi iku mau mulai mbukak omongan.
“Byek Cak Toni, kari ndhekem ning kamar yuh, meriniya apuwa gesah”, abanisun ngajak Cak Toni gesah, taping iyane sing semaur.
“Mong, kari aleman seru dijak omong sing semaur”, isun mbatin.
Embuh keneng paran, wong-wong kang gesah mau gok mara-mara meneng kabeh ana isun ngejak ngomong Cak Toni. Yong enak-enak ngecepek, kok meneng, nggarahi kahanan sepi, sintru, lan kurang rame. Ambi magih ndeleng tipi, sepisan pindho sun lirik kamare Cak Toni iku mau.
“Mong, akeh rengite paling yuh, sikil sampek disepak-sepakaken”, abanisun rada sun anteraken, makene ulih sauran teka Cak Toni. Tapi ya magih bain tetep sing ana saurane.
“Koh, kari aleman Rika iku Cak, diejak omong sing semaur, malah sikile dipendhuwur-pendhuwuraken, wis bener nganggo selimut ya disepak-sepak”, abanisun ambi rada ngambul.
Mari ngomong gedigu iku, ya tetep sing ana sauran. Emak-emak kang padha gesah mau ya meneng kingslep sing ana abane. Aju mara-mara pilem kang sun deleng gok sponsor. Ambi rada edheng aju Mbah Mud nyeluk isun.
“Lik, meriniya tah lungguha kene”, abane nyeluk isun.
“Napuwa sih Mbah ?” isun nyauri.
“Meriniya tah wis, arep Sun warahi”, jarene rada maksa.
Emakisun kang mula nguwelan, ahire milu-milu ngomong. “Meriniya yara wis, kari kakehan takon, dikongkon wong tuwek iku hang gancang”.
Mberejag isun sakkal tangi teka kasur, aju lungguh nyang sampinge Mbah Mud. Terus, mara-mara isun ditakoni kaya wartawan.
“Sira iku ngomong ambi sapa, kari sampek anter seru ulihe ngomong”, abane Mbah Mud nakoni.
“Niku kok Mbah, Cak Toni, kari aleman, dijak ngomong sing semaur, sikil disepak-sepakaken”, isun nyauri.
Mak Mung lan Emak isun aju nyauri bareng-bareng, “Yong Cak Toni wis melaku nyang Bali rong dina kepungkur”.
Mergidhig gulunisun aju takon “terus ning kamar iku mau sikile sapa?"
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.