Anggitane: NURHARIRI
(Minggu, 14 November 2021 11:26 WIB)
(Cerita Cendhek) Susah Seneng Muruk Ngaji
Hari lare enom hang buru lulus STM, naming sakat cilik wis sinau ilmu agama, saingga sithik-sithik Hari bisa maca Al Qur’an uga bisa ilmu tajwide pisan. Sewijine dina ana hang nawani Hari kongkon ngajar ngaji ring masjid, naming Hari sing gelem, ring jero atine Hari mikir gedigi, “Kadhung Isun ngajar ring masjid hang Sun ajari lare adoh-adoh, naming lalare hang parek Isun, uga keponakanisun dewek mung memengan bain sing ana hang muruki ngaji. Kadhung Isun bisa muruki lalare iku ning langgar yara langgare rumang ana lare ngaji."
Hari nekani Takmir langgar kanggo ngomong hang dadi kekarepan atine, Hari ngajak rembug Man Hamid, ”Man Hamid, Isun kerenteg kepingin mulang lalare ngaji ring langgar iki ya Man, kadhung nurut Rika kelendi Man?”.
Man Hamid hang dadi ketua Takmir langgar iku atine seneng campur sing percaya, “Isun ya seneng Lik, taping temenantah Sira bisa mulang ngaji?”
Hari ngeyakinaken nyang Man Hamid, "Insya Allah Man, kadhung muruki lalare maca Al Quran Isun bisa."
Man Hamid kerasa seneng atine, "Kadhung gedigu aja kesuwen wis Lik, gancang kelumpukaken lalare iku makene gelem ngaji, langgare ya dadi rumang kadhung ana lare ngaji,”
Mari ngomong kesuwun ring Man Hamid, Hari aju pamitan mulih. Ring dalan Hari kecaruk keponakane hang memengan ambi kanca-kancane. Hari mareki lalare hang padha memengan iku, “Lare, Sira kabeh kadhung Sun wuruki ngaji maca Al Quran gelemtah?”
Sakkalan lelare iku semaur kabeh, "Gelem Kang.. Panggone ring endi?”
Hari jawab, ”Ring Langgare Man Hamid, mari Magerib ya,”
Lalare padha mberak maning, ”Asyiiiikk..."
Hari girang kerana lslare padha guyub gelem diajak ngaji, ”Ya wis saiki padha muliha aju waraha ring emak bapakira kadhung engko mari Magerib mulai ngaji, sinau maca Al Qur’an. Aja lali engko kadhung ngaji nggawa Buku Iqro’ ya. Njaluka ring bapakira tuku buku Iqro' ring pasar ya!”
“Enggih Kang..” lalare semaur ambi melayu mulih.
Mari sembayang Magerib lalare iku padha kumpul ring langgare Man Hamid. Hari ngawiti mulang maca Al Fatihah. “Ayok lare, dibukak bukune Iqro siji," Hari ngongkon lalare iku mbukak bukune.
“Eggih Kang,” jawabe lalare.
Hari nerusaken mulange, ”Iku ana hurup ngadek kaya sate ring ndhuwure ana fathah, iku diwaca A. Diwaca paran lare?”
Lalare njawab, ”A“
Hari nerusaken maning, ”Hurup sakteruse kaya jukung ana titik siji ring ngingsore, ring ndhuwur ana fathah, diwaca Ba. Paran lare?”
Lalare njawab, "Ba"
Siji-siji lalare iku dietes ambi Hari, ana hang bisa, ana hang setengah bisa, lan ana hang sing bisa blas. Mula kudu sabar mulang lalare iku, kerana beda-beda kepinterane.
Kelawan sabar Hari mulang lalare iku. Sing kerasa wis rongulan lalare ngaji ring langgar, sak suwene rongulan iku akeh kedadeyan hang nggarai gemuyu uga nggawe repote Hari. Enak-enake ngaji, mara-mara ana lare wadon hang aran Sari nangis gembor-gembor, lalare liyane padha gemuyu. Hari nakoni Sari, "Sari, apuwa Sira nangis iku?”
Magih ambi nangis Sari njawab, "Permenkula dijuwut Yudi Kang,”
Hari aju nyeluk Yudi, "Yudi maju!”
Yudi maju mara nyang Hari, "Yud, endi permene Sari?”
Ambi mesem-mesem Yudi semaur, "Empun Kula edum-dumaken teng rencang-rencang lan uga Sari milu Kula edumi pisan Kang,"
Hari thingel-thingel, ambi takon ring lalare, "Benertah Lare, Sira kabeh diedumi permen?”
Lalare barengan semaur, "Enggih Kang,”
Rungu jawabe lalare, Sari tambah nggembor tangise, Hari mareki Sari ambi ngelungaken picis ring Sari, "Wis cep , iki Sun siluri picis, engko mulih tukuwa maning ya.. Wis cep menenga!”.
Ambi magih mesesegen Sari nampa picise.
Kaya adate, mari Magerib Hari mulang lalare. Sing suwi ana lare cilik nganggo celana hang pamit arep nguyuh. Kerana magih cilik lan nganggo celana, Hari kuwatir lare iki sing bisa kadhung nguyuh dhewek, saingga Hari ngongkon lare iku mulih makene diurus wong tuweke. Rada suwi lare mau teka maning aju njaluk wuruk ring Hari. Adan Isak lalare bubar ngajine aju sembayang Isak. Mari sembayang Isak Hari mulih, ring tengah dalan Hari diceluk ambi wong wadon hang akas melakune marani Hari. ”He, mandhega sulung!” berake ambi ngawe Hari. Wong iku sing kathik nyeluk aran.
Sing kathik engko maning wong iku celathu ”He! Langgar sing duwe cedhingtah? Anakisun arep nguyuh bain dikongkon mulih, melayu mulih sampek kongos-kongos, yara kesel anakisun!” Wong iku celathu sing gelem edheng sampek wong hang ring njero umahe padha rungu celathune.
“Subhanallah, paringi sabar Gusti,” Hari metek dhadha. “Gedigi Mbok, anakrika yara magih cilik lan nganggo celana pisan, dadi kadhung nguyuh ring cedhinge langgar Isun kuwatir keneng celanane aju kepus lan muncrat ring endi-endi, dadi najis kabeh yara.. Kadhung wis gedigu Rika wani nanggung dosane?” Hari ngewani weruh paran sebabe anake dikongkon mulih. Rungu omonge Hari wong wadon mau aju melerok matane lan sakkal mulih sing kathik pamitan.
Hari mulih ambi mbatin, "Wong nandur apik kudu sabar, edheng-edheng disirami tawakal merujuk ihlas sampek mekar. Setan nggudha rebutan, napsu ajak-ajak makene keliru, pitulunge Pengeran magih Sun gugu."
Wong muruk ngaji sing mung bandha pinter thok, taping kudu sabar lan ihlas. Hari mulang lalare siji-siji gantian, ring mburi ana rame-rame, sing weruha ana lare tukar, guled lan sontogan. Salah siji lare lambene metu getihe. Larene nangis kejer aju melayu mulih. Sing suwi ana wong wadon teka ambi cincing-cincing bonel, aju celathu entek ngamet, "Hari, Sira bisa mulangtah using? Kadhung sing bisa iku aja ngaclak, lare guled digeningaken, anakisun sampek gocor-gocor getih lambene. Endi hang aran Amik, meriniya arep Sun tempongi Sira!”
Hari ngundha ambegan ambi ngelus dhadhane, aju ngadek mareki wong wadon hang celathu iku, “Iya Mbok sepurane, Isun mula lare goblok hang sing bisa paran-paran. Isun mula ngaclak mulang lalare iki, kadhung Rika arep nempongi Amik, Isun bain gantine Mbok, aja ngelarani anake uwong engko dawa urusane,”
Sing katik ngomong paran-paran wong wadon iku mbalik awake, mungkur sedhot akas melaku mulih.
Ya Allah, wong muruk ngaji, kudu sabar lan ihlas ati, masiya sing diregani, terus jenggirat golet redhane Gusti.
Hari, guru ngaji, susah seneng terus bain mulang, alang-alang ngadhang diterjang, ngadeg jejeg kaya aksara Alif hang ndhepani aksara liyane. Atine lemes, ring lalare omes kaya aksara YA’ hang bisa ngemong aksara ngarepe.
Muga bain Hari lan guru-guru ngaji liyane bisa istikomah, sabar ngadhepi lalare hang kadhang muyab, ihlas ngajar masiya sing dibayar, lega lila mulang ngarep-arep redhane Pengeran sing kathik mamang. Mendhem jero amale muruk makene merujuk sing gampang ambruk. Susah seneng guru ngaji, sing duwe rega ring donya, ring aherat muga dadi mulya.
Lirix Al Harir
Bumi sholawat badar Banyuwangi
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)