Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 24 Oktober 2021 07:14 WIB)
Cerita Cendhek Teka Buku 'Kembang Galengan' Duren Abang
Ater-ater: Kanggo penampan peluncuran buku Kembang Galengan anggitane Ridzkiya KS, tanggal 30 Oktober engko, dina iki diunggah siji maning cerita cendhek teka buku iku. Minangka putune Anang Serad hang duwe wit Duren Abang, Ridzkiya bisa cerita paran hang ana ring sak mburine wit duren abang hang diwarisaken turun-temurun.
Duren Abang
Kaya-kaya sing arep turu kana maning. Sing tau ana rasa ayem kadhung saben dina mung digodha. Sing tau leren
aran singkrih. Ngedegaken kursi lan meja hang sing tau anteng teka papane. Apuwa bain tawis? Sing tau-tauwa. Sepat-sepata ana hang arep njuwut paran-paran, mesthi kedadeyan iki teka. Arane bain wong rumat-rumat. Mesthi ana untunge lan ana rugine.
Ati kaya dikaget-kagetaken, suwara, hawa, utawa hang liya-liya. Hang sakat bengen nggawe isun keweden. Mas Putu lare teka Bali hang wis nggawe weteng mules. Iyane nyeja teka mung gara-gara diimpeni keris lan gong emas. Kalingana merga donya. Mulane amuke masa-alah.
“Gage roh, becikena iki kabeh! Selak wong Kalimantan iku teka.”
Abete, anang arep ditekani dhayoh adoh. Embuh ana paran. Sungawe gancang tanganisun, aju ringkes kabeh hang nyelengkrah iki. Makene sing kari ketara gok mari ana belai mampir. Sing kathik mikir Mas Putu kelendi. Ketang wong tekan.
Ya kang diheranaken, gok wani-wanine ngelakoni iku. Iku arane sing duwe aturan. Nang kampungane uwong, sing kathik ana
uluk salame. Jare isun, mung sakderma tuku duren thok. Eh.. tibane ngerampok hang liya-liya. Isun ya nak ngakak. Kadhung enget nang ceritane. Nulih Mas Putu bain isun keri-keri ketheng. Lagotane keweden pelayonan. Sunpikir salahe dhewek. Apuwa golet perkara nang kampunge uwong.
“Beng, nyanga mburitan sulung. Nggawa-a jajan ambi corotena kopi. Wonge teka wis. Arep tuku duren,” abane anang ambi nundhung isun.
Wong enak-enak lungguh, ditundhung memburi. Sepat-sepata ana wong tuku duren, isun hang tukang ngeladeni. Ketang sing ana adon. Mungga kaya bengen ya enak. Isun memengan, adon hang tandang. Arane bain, paran jare Hang Kuwasa. Kabeh wis diatur. Pengeran welas nang adon. Mulane telung taun iki,
ganti isun hang ngeladeni dhayoh. Taping sing paran-paran wis.
Sunarep suwarga bain teka iki kabeh.
Lakon kerasa kepingin nyerempod. Tangan tengen nggawa kopi. Hang kiwa nggawa jajan. Buru mari rijig-rijig, keringet durung garing, wis tandang maning. Arep sambat kesel bain sing bisa. Paran maning lungguh mangu-mangu. Wani tata-an. Paling mariki isun dikongkon nyapu mburitan.
“Beng, kadhung dhayohe wis mulih, sapuwen ya... ngingsore duren bain. Ambi tulih-tuliha nawi ana hang cicir,” abane anang ambi nggawa dhayohe nang ngingsore wit duren.
Sing luput. Temenan kewujud. Sing tau-tauwa mesthi diurut. Sakat teka ngarep, memburi. Putune telu, hang tandang mung siji. Hang loro enak ika. Ongkang-ongkang, ayem-ayeman.
Ketang lanang-lanang. Isun dhewek kang wadon. Dadi isun thok hang repot. Sithik-sithik ana paran-paran, isun. Arep paran-paran, isun. Wayuh kono wis. Isun thok kuline. Untung ati iki gawenane Pengeran, saben dina sungawa merengkel. Dadi sing kira ajur kadhung diajari sabar.
Isun ya mung bisa manthuk. Kadhung nepaki ati padhang, ya ihlas. Kadhung nepaki peteng ya metek dhadha.
Suntulihi teka kadohan. Dhayohe anang endhase sesigar nana rambute. Nganggo jaket putih, ambi nyekel suntik lan duren
abang nang tengene.
“Wow Pak, ini khasiatnya banyak sekali. Perlu saya lakukan penelitian di lab. Saya beli dua buah ya...” ngelungaken amplop hang sing weruh isine paran.
Isun buru weruh. Temakaken hang dadi uberane uwong iki mula bener hasiate. Isun sadhar. Wong meteng soren-soren ika
taker mbelani nunggu sedina suwengi gara-gara ngidham tah? Kari dadi incerane wong meteng. Tibane hang diidham mula nggarahi sehat nang bayine.
Setemene isun sing tau mangan. Rasane bain isun sing weruh. Alae hang nduwe. Sing leren-leren payu. Diborong China, ditukoni wong adoh. Pikirentah, sakat isun umur pitung taun, sampek pitulas taun mandheg ngelegi duren putih bain.
***
“Ti,” sapane Mas Putu hang abete wis tangi.
“Eh... Mas sepurane ya, Isun mau sing bisa nulung. Isun rada gemigil Mas, wedi dhewek. Nulih kari gedhi-gedhi abang-abang. Maning salah Rika pisan, mungga nuruta nang jare Anang ya sing kira gedigi.”
Isun ya rada sungkan nang Mas Putu. Isun sekaken, taping ya bangkel. Ruwed digawe dhewek. Wani-wanine nggugah macan
turu, ya diemplok. Arep omong-omongan suwi, sing bisa. Mas Putu kadar ngarti omongisun bain untung. Mung sing enake, omonge logate Bali. Isun paham taping nak nututi, sing gadug.
Kadhung enget, kepingin ngakak ya kepingin nangis. Taker bantingan ngadhepi jim duren abang. Kursi muncal kabeh. Ngamuk, sing terima. Alihe wis warah. Aja sembrana. Wis ping pira-pira diwarah tetep sing ngereken. Makene wis nemu sarane. Dipikir duren mburitan iku mung duren biyasah. Barang iku duren Siwayut. Hang wis mecukul sakat telungatus seket taunan lebih.
Ana senenge ya ana susahe. Sing ana maning uwong hang nduwe uwit duren abang gedhi gedigi. Dhuwure selawe meter lebih, uwite wera, sing keneng dipeluk. Pantes mula kadhung rupane tunggune gedhi-gedhi, abang-abang, medeni kabeh.
Alae wis akeh cerita liya sedurunge kedadeyan iki. Wis akeh uwong hang kepingin njuwut impenane. Taping padha bain asile. Sing kira ulih paran-paran. Seliyane lara kabeh. Anehe, masiya isun saben dina nyapu-nyapu nang ngingsore sing tau aran ditemoni tunggune. Sing njaluk tawis. Ya sing kepingin disapa. Wis sing bisa sungambaraken nganggo omongan. Setemene apikan. Taping aja
digarai, aja ngerusak, taping terusa ngerumat.
Kuwasane Allah, masiya saben dina kumpul duren, sing tau isun mangan duren abang. Ngilur rasane. Nulihi wong-wong pating mangan. Isun hang nduwe nyekel uwohe bain untung.
Nyaling niliki isine. Kadhung rungu ceritane, jare uwong rasane sing ana tunggale. Sepisan mangan wis sukur. Timbang hang durung tau mangan blas. Bangur isun wis.
“Beng, meriniyatah,” Anang nyeluk isun seru lisuhe.
“Sepurane ya, Ira sing tau mangan duren. Ira ya aja mikir paran-paran kadhung duren iki wis Sunuwekaken embokira. Masiya jare kencenge umahira. Sing paran-paran ya?” abane Anang ambi ngethemaken amplop nang tanganisun.
Isun getun. Ulihe bapak, adon, ngerumat beda teka pikiranisun. Mbok Suk, anake Wak Komah hang nyekel durene saiki. Enget nang ruwahe. Sedurunge ninggal wis wekas, gok duren iku duwene bapak hang diterusaken nang isun. Serta Adon wis sing ana, apuwa dadi gedigi? Isun mula magih lare. Sing weruh paran-paran. Taping mesthi hang aran embok iku karepe dhewek. Sing tau mikir dulure. Paran maning anak kawitan. Kabeh-kabeh anune Wak. Aju hang endi anune bapak? Ngomonga ya salah. Isun mesthi kalah. Isun lan bapak sapa sih? Sing ana kuwasane blas nang aran donya. Isun sing kari mikiri gedigu. Mung getun bain nang omonge.
“Iya ra wis Nang, geningena Mbok Suk bain hang ngerumat. Sapa weruh tambah gembel uwohe. Isun mulih bain wis ya... nang Uli-ulian. Ngerumat kebonane bapak hang wis karuwan.”
Isun melayu ninggalaken sapu. Mulih nang Uli-ulian liwat sawahan. Sing dadi perkara kanggo isun. Merga donya sing kira arep nggawe rusake sigarane nyawa. Sunpikir iku dulur dhewek, hang tuwek. Pantes tawis kadhung nerima rejeki iku.
Isun nyacak sing kathik maning ngerumat. Isun ya sing tau turu nang kana maning. Ulan-ulan hun enggo nyacak. Temune
isun enak-enak bain. Sing katon-katonen nang perkara iku. Musuh dulur mula sakrepotan. Salaha ya repot ngomong. Sungkan arep ngurusi. Bangur sing kathik ngaton, wong hang nang kana sing gelem katon.
“Mak, endane Isun ngalor maningtah? Isun sing enak nang Anang. Iyane kabare warang.”
“Merana-a rawis, Isun pisan milu ya?” saure Emak ambi mbibit kacang.
Aja takere tukar nyang dulur. Sunbelani masiya golet picis sewu sarane sing mupakat. Buruh kacang ulihe mula sing sepira.
Taping aja sampek rebutan donya. Iku hun engeti. Saben melaku, saben njangkah. Omonge adon hang muter-muter nang utek.
Wekase apik kanggo digugu. Liwat galengan, nyebrang kedhokan. Kene ketelonan mbelani, merga sing duwe kendharaan kaya Wak Komah.
“Muga-muga, kene bisa nunggang unta, Mak.”
“Amiin, pujikena akeh rejekine,” saure ambi nyuwun gawan nang endhase.
Sing suwi, lakon wis ngeliwati Buyut Cili. Runtang-runtung ketelon. Bapak nang mburi, emak ngawiti. Ngerobyok nang banyu cethek, ambi gosok sikil hang garing kerana endhut-endhutan. Leles kangkung, mumpung durung disemprot. Nganteni mulihe engko, selak dipunggel.
“Mak, tulihentah ika, kari garing kabeh Mak?” Isun kaget nulih godhonge duren abang padha garing nang ndhuwuran. Bapak uga weruh iku. Hang maune ning mburi, enthung-enthung nang ngarep. Ijone keneng diitung nawi. Kakehan garinge timbang segere. Apuwa duren iki?
Gadug tepak nang ngingsore. Bapak nyawangi, ambi nyekel uwite. Isun sing nyangka. Padha bain kaya emak. Keloronan malang kerik ngadhep mendhuwur. Mata njelalat merana-merene.
Nulih mengingsor, mengarep, memburi, romot ebek taker jangget nang lemahe.
“Pak... aja-aja Adon sing terima iki. Gara-gara duren iki dicekel nang uwong hang sing tau ngerumat iyane tepak larane,” ceplosisun ambi nulihi durene hang kari siji, loro.
“Cangkemira!” saure bapak ambi mendelik matane.
Iki pengapesanisun. Sekali dipendeliki nang bapak, rasane emong nulih. Matane wera kaya barong. Medeni.
“Matane Rika iku biyasah bain tah...” abanisun nggeruguh ambi nyapu-nyapu tanpa nulih rupane maning.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)