Cerita-Cerita Jare Paman

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Minggu, 14 Januari 2024 07:38 WIB)
- Esai



Pirangane cerita hang semebar, ana hang sukur dadi dongeng taping hing keneng dipercaya bener singe. Cerita-cerita hang hing jelas sumbere, mung jare paman. Merga isine kakehan gubabe. Paran iku gubab? Kadhung jare ruwahe Wak Hasnan Singodimayan, setemene hing mung goroh utawa apus. Umpamane, ana wong ring Boom mancing ulih iwak gedhene sak lare. Hang ndeleng, mulih nunggang becak, cerita nang tukang becake gok ana uwong ulih iwak gedhine sak becak. Tukang becak gubab cerita ambi kancane kusir dhongkar, jare iwake sak becak. Kusir dhongkare gubab nyang tanggane jare iwake sak montor. Tanggane cerita nang anake, ana wong mancing ulih iwak gedhine sak umah.
   Ring ngingsor iki ana cerita-cerita hang ngaku-aku gok panggonan ring negara manca iku ana hubungane ambi Indonesia.

Hang nemokaken Benua Australia

Jaman bengen sedurunge benua Australia ditemokaken wong Eropa taun 1700an, nelayan-nelayan nusantara wis sulungan merana ngambah negara ring kidule nusantara iku hang sugih asil laut, kaya teripang lan iwak. Setemene, ya iya temenan sampek ring basane wong aseli Aborigin ring kana, ucap-ucape ana hang dijuwut teka basa Mandar lan Bugis.
    Naming gubabe hing nong kono. Tepak nelayan kapale wong Maluku ana hang layar merana, ana anak kapale hang lungguhe nong ndhuwuran, ndhuwure layar malah.
   Teka ndhuwur iyane bisa ndeleng dharatan. Aju ngewarahi wong-wong hang nong geladhak.
   "Daratan....Daratan," berake ambi girang.
    Hang ring geladhak, durung katon merga nong ngingsor, semaur: "Mana...manaaa? Ose tara lia."
   Basa Maluku isun iku ose, lan kadhung ngomong tidak ada iku tara, lihat diunekaken lia. Dadi setemene iyane semaur: Isun hing katon (Ose tara lia). Mangkane, sarta wis ndharat, tanah panggonan sandhare diarani Australia.

Solo

Negara Norwegia hang ana ring elore Eropa, ya wong Jawa hang nemokaken. Dadi bengen ana wong Jawa hang nunggang perahu sampek nong kana. Arane wonge yaiku Nur Wagiyo teka Solo. Serta wis gaduk dharatan hang durung diweruhi arane, disebut bain Norwegia, dijuwut teka Nur Wagiyo. Lan kuthane, diarani pisan teka asale Pak Nur Wagiyo, yaiku Solo taping makene ana bedane dadi Oslo.

Jare paman.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf