Cerita Hang Emeh Ilang Digerus Jaman

Satria Pujangga (dipublikasikan pada Kamis, 02 Desember 2021 06:51 WIB)
- Opini



Sedurunge tahun 1990 kelebu jaman hang magih durung patiya kenal ambi gajet/gawai. Umume lalare memengane magih nganggo memenganan tradhisional. Hang aran HP durung akeh hang duwe, paran maning tablet utawa HP hang jenise wis android persasat mung anake wong sugih bain hang wis nduwe. Masiyatah wis jamane jaman komputer, taping hang kenal ambi komputer ya mung lalare hang sekolahe wis dhuwur. Iku bain nyekele komputer kadhung tepak praktek ring sekolahane.

Lare hang urip ring jaman ngisore tahun 90an, hususe lare hang urip noring perdesan, nawi emeh bain sing ana hang duwe menganan kaya jaman modheren saiki. Kadhung diiling-iling memburi maning, menganane lalare ring jaman semono iku akeh-akehe menganan tradhisional. Kadhung arep memengan game paling anane ya Gimbot (game board), iku bain kadhung dudu anake wong sugih ya sing bisa tuku.

Hang duwe tipi bain keneng diitung. Kadhung arep ndeleng tipi sampik dibelani nangga milu ndeleng ring umahe dulure utawa tanggane hang parek. Malah miturut ceritane embah lanang, terima ndeleng tipi bain kudu mbayar karcis kaya arep ndeleng biskop. Jaman semono magih durung ana listrik PLN hang melebu nyang desa. Setrume tipi magih teka aki. Picise wong mbayar ndileng tipi iku mau dienggo nyetrumaken akine hang dienggo nguripi tipi. Aju hang ndileng seru kajune, gok bisa uwong cukup melebu nyang tipi. Kadhung ngarani pilem kartun yaiku pilem “Setan-setanan”. Embuh teka endi ulihe kadhung ngarani.

Balik nyang memenganane lare jaman semono, menganane ya akeh maceme. Masiyatah dudu menganan jaman modheren, taping senenge sing keneng diganti ambi paran-paran. Kadhung keneng diarani, masiya memenganane sak anane taping ya sing mboseni.

Wayah soren utawa mari teka sekolah lare-lare lanang memengan pot/temekeran ring latar hang wera. Lare wadon ana hang memengan karet gelang. Memengan karet gelang akeh maceme antarane pelencatan, ganjilan ambi semprongan. Lare lanang kadhung mengan karet gelang biyasahe arane tepilan. Sak liyane iku lare-lare wadon uga ana hang memengan titik/bekel, tipuk/wayang lan uga kecikan. Kecikan iki biyasahe kadhung wis usum uwohe sawo. Wijine sawo kecik dienggo memengan suruwan. Aturane kecik hang disembur ring plesteran sing ulih metu teka garis bunderan hang digambar mubeng. Aju kecik hang semembur mau disuru siji-siji sampik entek. Pas nyuru, kecik liyane sing ulih keneng umik sampek ubah.

Durung maning memengan gong-gongan/engklek, pandhe ambi seretan. Seretan iki uga ana hang ngarani santal, yaiku menganan teka bungkuse udud hang dibedhel. Gongan-gongan/engklek biyasahe hang main lare wadon, kadhung pandhe ambi seretan akeh-akehe lare lanang hang memengan. Taping kadhang hang main ya lare lanang wadon. Maine lanang musuh wadon, adu pinter antara lanang musuh wadon.

Lare wadon hang sing pati dhemen memengan ring njaba umah, memengane anak-anakan (boneka) hang digawe teka encit. Encit iki kain cilik pecake sebedane potongan kelambi. Biyasahe lalare njaluk nyang tukang jait. Kadhang anak-anakane ya digawe teka atine gedhang. Kadhung sing memengan anak-anakan ya memengan dodolan lan olah-olahan ring bentur samping utawa mburine umah.

Wayahe adus padha ceburan lan selulupan ring banyu kedhung. Kadhung usum udan lan banyune belabur, lalare memengan keli-keliyan nganggo gethek hang digawe teka uwite gedhang hang disunduk kayu utawa jajang. Masiyatah wis sak marine keli-keliyan awake padha kerog gatelan kabeh lan kulite mbindhol-mbindhol. Durung gadug umah diuwel ambi emak utawa bapak, taping ati kerasa seru girange.

Bengine sak mulihe ngaji teka langgar, sak marine nggarap PR ana hang memengan selodor, ilik-ilikan utawa pal-palan. Pas usum woh-wohan wis keneng dipasthekaken lalare luru wowohan hang cicir karine dipangan lawa/codhot. Ambi nggawa oncor utawa damar kelenthung, lalare padha sulung-sulungan luru poh, sawo, jambu, kedhondhong utawa sentul. Mari luru padha kumpul pamer wowohan lan akeh-akehan ulihe luru.

Paling seneng kadhung mangkat usum jangkrik. Malam minggu utawa malem dina pereiyan sekolah, padha ngerundhuk jangkrik ring tegalan. Lare sak kancaan semayanan arep ngerundhuk jangkrik. Kadhung ring pinggir desane dhewek sing ana tegalan, sampik dibelani ngerundhuk jangkrik ring liya desa. Ana bain ceritane ngerundhuk jangkrik ring liya desa. Kadhang diuber-uber wong kampung mergane dikira ngerundhuk jangkrik ambi nyolong timun.

Sing mungkir, kadhung tepak ngerundhuk jangkrik ring tanduran timun mesthi bain ambi methik timun. Paran maning bontotan sangune ngerundhuk jangkrik wis entek, ya uwis tamba ngelak ambi elom methiki timune uwong. Sing luput, diuber-uber ambi hang duwe tanduran timun. Kisuke, jangkrik ulihe ngerundhuk aju diedu. Seru dhemene kadhung ulih jangkrik hang gedhi, mesthi bain menangan kadhung diedu.

Jaman semono kadhung arep golet iwak ya sing sara. Iwak banyu ya magih akeh, welut ya magih sak arat-arat ring sawahan. Kadhung arep madhang iwak welut kari ndudul bain ring sawah parek desa. Arep iwak wader, lele kari mancing bain ring banyu. Hang sing dhemen mancing ya njala, nyerok utawa nawu. Jaman iku hang aran pestisida magih arang petani hang nganggo, makane bibite welut magih wutuh. Sing ana hang aran setrum utawa putas. Sedurunge kenal putas, uwong kadhung ngeracun iwak nganggo tuba. Tuba iki sing nggarahi iwak mati, naming cuma nggawe iwak mendem lan kari muputi. Kadine arep golet iwak ya sing sara.

Jaman sedurunge listrik melebu desa lan jaman modern kaya saiki mula dadi cerita hang seru ndhemenaken. Lalare magih bisa memengan bareng sak kancaan. Diterak jaman HP Android kaya saiki iki, lalare sing butuh kanca diajak memengan bareng, mung cukup HP ne dhewek bain hang ngancani. Jamane saiki wis beda, semono uga ceritane ya wis sing padha. Ceritane wis sithik-sithik ilang dipangan majune jaman.

Kadhangane kadhung ati wis wegah nyang aran medsos kaya jaman saiki, ati seru kangene ambi jaman cilik tahun 80an. Munggane bisa, kaya kepingin balik maning nyang jaman semono. Taping ya kelendi maning, kadhung sing milu uwahe jaman, bisa-bisa kelalen ditinggal kanca-kancane hang liya.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Cathetan Satria

Editor: Hani Z. Noor