Cerita Panji Teka Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 13 Januari 2025 06:02 WIB)
- Laporan



Tepak 100 dinane pelukis Kang Yadi sampek umur kapanane, isun kecaruk penulis biografine, Kang Henri Nurcahyo. Iyane ngelungaken buku anyar tulisane dhewek hang nduweni judhul: Cerita Panji dari Banyuwangi.
    Setemene paran iku cerita Panji? Buku hang diterbitaken penerbit Brang Wetan ulan September 2024 iku nulis gedigi: Cerita Panji iku kisah romansa antarane menungsa loro hang akeh kelibetane.
   Pisahan, golet-goletan, nyamar, petualangan, kecaruk maning. Intine, ketemune rong pihak: lanang lan wadon, Janggala lan Kadiri, ulan lan serngenge, langit lan bumi, banyu lan laut. Malah mahluk kecaruk nang Pengeran (manunggaling kawula lan Gusti).
   Wakeh cerita tutur rakyat hang setemene bagiyan teka cerita Panji kaya Ande-ande Lumut, Kancil Nyolong Timun, Timun Emas lan liya-liyane.
    Malah teka Museum Panji ring Kepanjen Malang isun buru weruh gok Cerita Panji setemene dudu mung ana ring Nusantara naming sampek ring Singapura, Malaysia, Thailand, Kamboja, Philipine. Sasate sak Asia Tenggara.
   Jare Kang Henri hang ring Banyuwangi hing ana aran Raden Panji Asmarabangun lan Dewi Candrakirana, hing ana Janggala lan Kediri.
   Ring Banyuwangi anane ring cerita Barong Using hang nyuguhaken cerita Jakripah lan Paman Iris, Sritanjung Sidapeksa, Banterang Surati lan Panji Gimawang. Uga ana cerita Panji hang dibeber ring lontar Juwarsah.
   Wong Banyuwangi dhewek setemene akeh hang hing weruh gok Juwarsah lan Sarawulan iki wis kaya ceritane Panji Asmarabangun lan Dewi Sekartaji.
   Dongeng Sritanjung hang kerep diaku minangka cerita asal-usul kutha Banyuwangi, setemene kelebu cerita Panji. Naming Cerita Panji minor, jare kang Henri ngutip sarjana Landa Th. Pigeaud. Merga ring ceritane sing ana tokoh Raden Panji Inukertapati lan Dewi Sekartaji. Uga panggonane hing nyebut Janggala lan Panjalu, kaya hang metu ring cerita Panji umume.
   Taping mula hang digetuni apuwa cerita Sritanjung mesthi dipedhot sampek Sidapeksa mateni Sritanjung. Alae ring cerita aseline Sritanjung hang dipateni ring setra Gandamayu (dudu ring banyu, paran maning ring sumur) diuripaken maning ambi Dewi Durga merga durung tulise kudu mati.
   Durga iki kepingin bales budi nyang Sudamala (bapake Sritanjung, Sadewa, kemunjilan teka Pendawa) hang bengen tau ngeruwat Ďewi Durga (raksasa wadon hang rupane medeni) sampek dadi Dewi Uma hang ayu.
   Ruwahe Sritanjung hang nunggang iwak ring banyu nuju segara aju digawa ambi Dewi Uma ring pekuburan Setra Gandamayu panggonane jasade lan uga panggonan hang padha tepak iyane diruwat ambi Sadewa.
   Pungkasan Sritanjung diuripaken maning lan nuntut lakine, Sidapeksa njaluk sepura kelawan mateni Raja Sulakrama teka kerajaan Sindureja.
   Cerita hang nganggo pola kecaruk-pisah aju kecaruk maning iki hang dianggep nganggo pola cerita Panji.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf