Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 21 Mei 2023 08:47 WIB)
(CeritaCendhek) Ngenthit Welas
Ngenthit Welas
Dianggit nyang Ridzkiya Karimatus Sholeha
Malem minggu kaya umume, lare nom-noman pating jejer apel. Nang kene papane. Pinggire banyu, peteng lan sepi wong liwat. Pinggire dalan saya dalu saya rame. Ana hang lungguh nang pinggiran ambi gitaran, ana pisan hang guyonan, sing luput teka tulihan hang gandhengan tangan sepirang-pirang.
Sepurane isun sing kaya iku. Apel nang sepi-sepian iku sing jaman. Apike ngapeli bakalan nang ngarepe wong tuweke. Buru lanang temenan. Ya sing kaget tahwis kadhung saben bengi isun nemoni lare hang modhele kaya gedigu. Sing mung malem minggu thok, malem paran-paraneya padha. Ambi nunggang sepidhah cithul, isun ngagetaken lare-lare iku kabeh nganggo kelakson hang munine entheng iki.
Pim....
Mari sun unekaken, sun kebutaken. Mauka serange makene sing dipenthungi jakakehan. Bisa mati ning dalan kadhung lakone sing anter. Wayuh kono wis. Lambene mesah-mesuh sing karuwan. Kewan sak alas metu kabeh. Pantese getem-getem, kepingin ngantem. Taping cithul sakti iki lebih anter pelayune timbang sikil-sikile lare edan iku.
“Assalamualaikum...”
Tekanisun tibane diladeni apik. Wong hang nduwe umah gedhi iki mula jembar atine. Isun dhayoh taping emong kalah dhenese. Sun garu maning rambut kaku iki nganggo lenga keletik pecake emak nggoreng kerupuk. Sing paran-paran hang penting nggantheng.
“Melebuwa Lik..”abane calon emak maratuwa seru aluse.
Ya ana sih rasa isin. Taping sithik. Isun sing kari mikiri cerita uripisun hang adoh teka aran enak. Saben dina ya mung ider kerupuk, ambi adol kacang kulub nang pelabotan, kadhung sing ana wong nduwe gawe ya melaku nang Bali. Didhemeni lare bain untung. Paran maning dibakalaken ambi lare ayu anake wong sugih iki.
Iki apel kawitanisun nang umahe. Isun thengak-thenguk golet lesan serehne hang nduwe umah magih nyorotaken wedang. Sabene wis tau merene taping magih getap. Temune dikancani bapak ambi ngomongaken nggarap sawah nyang calon bapak maratuwa. Isun uga wis weruh calon rabinisun iku kelendi lan hang endi. Kudu temenanan kadhung nyawang mergane anake Pak Aji iki kembar lorowan. Ana Tutik lan ana Tatik. Lah... bakalisun aju hang endi? Bakalan taping wadone sing tau ana nang umahe. Kari keseron pathenge. Temune saiki isun ngapeli, bingung endi uwonge.
“Sulung ya Lik, bakalira magih adus. Ombenen sulung wis kopine. Iki arane Kopi Jaran Goyang, duwene wong Kemiren, aseli sing ana tunggale. Aja isin-isin ya Lik..” calon maratuwanisun kari seru gatine taker disuguhi kopi lan jajan kelemben gula jawa doyananisun.
Sing nyangka, temakena wong kene iki gati-gati.
“Eh.. Dhik..” sapanisun nang bakalisun hang buru metu teka kamare.
Isun rada kaget, nulih bakalisun kari ayu gedigi. Iki Tutik tah Tatik?
“Lik, Ira gelem tah ngateraken Tutik tuku buku, polae Bapak rada sing enak awak.” Calon emak maratuwa njaluki tulung isun.
Jelase isun emong ngomong emong. Ya mesthi gelem. Yong iki calon rabinisun dhewek.
“Rika sing paran-paran tah nunggang cithul? Biyasahe ra Rika nunggang sedhan,” omong-omongan nang ndhuwure cithul kelir kuning hang sekoke muni iki.
“Ya using Kang... malah Isun seneng bisa Rika ateraken gedigi. Polae buku hang arep Sun tuku iku penting seru.”
“Sepenting Isun?” Takonanisun hang mung disauri ambi gemuyu.
Pitung kilo sun liwati, dalan hang dawa lan aspal hang anyar iki. Gadug nang toko buku, bakalanisun melebu girang. Isun uga girang, masiya tahwis bensin kari sak setrip, sekok enjot-enjotan, kanggo kudangane ati sing paran-paran sun belani. Sing ana hang kurang adoh maning tah hang bisa sun liwati? Suwine dhung tuku. Hang nganteni taker cethukan. Endane diwaca sulung tah isine? Kari nemen suwene.
“Iku thok Dhik? Sing ana maning hang arep Rika tuku? Nawi tah es, sega goreng tah paran tah..” Isun nawani rada sagah, daya sing nduwe picis. Ana mung sepuluhewu, sun paroti nawi mara-mara mberebet.
“Ana.”
“Paran? Sun tukokaken.”
“Montor. Isun kepingin kaya Mbok Tatik nduwe montor dhewek,” penjaluke.
Sing terima mendelik, lambe mangap-mangap. Kari abot jalukane. Ulih endi picis semono akehe, ulihe adol kacang ambi ider kerupuk bain cukup dienggo tuku bensine cithul. Dienggo tuku bensine sedhan ya sing nutut, sing ana seperipite. Nawi mung saktutul.
“Hang sabar ya... Isun kelumpukaken sulung,” saurisun ambi metek dhadha.
Paringana kuwat, geruhe batinisun ambi nyauri omonge bakalanisun hang kepingine kari macem-macem. Taping kadhung dirungokaken ya nggawe guyu, nyenengaken lesane lare iki. Sing kira sun eculaken lare gedigi iki. Gawene mernahi.
“Kesuk Rika bisa tah ngateraken Isun kuliyah? Polahe Embok kesuk melaku nang Surabaya dhines,” jalukane.
“Siyap Bos. Nang endi-endi Sun ateraken. Taping mung nganggo cithul iki,” saurisun seru girange.
Ajaa ngateraken kuliyah, nawi dikongkon ngateraken nang pucuke donya sun belani. Pokok aja gagem bain nyetire.
“Sing paran-paran. Antik.”
Bengi iki, kawitane cerita welasisun nyang Dhik Tutik. Buru kecaruk lan omong-omongan bain ati wis kedrangan. Kaya nak melayu merana-merene, miber-miber nana juntrunge. Rasane kepingin parek larene. Mawa nang isun, iku hang nggawe sing bisa lali. Aleman, meseman, iku hang nggawe senenge ati. Sumpah, isun buru iki ngewelasi. Sekali welas langsung dikenthit pisan.
Mbelung nangka rasane ati. Sun enggo merem ngaton seliweran nang njerone mata. Tepak sun enggo turu, ngatone nang njero impi. Hang sun engeti mung eseme mau, hang sun lirik teka sepion bunder hang sun seja ngadhepaken nang larene. Sing nyangka bain, isun bisa dibakalaken ambi anake ebose bapak. Jare isun, sabene iku mung guyonan tibane temenanan. Diuweni nyawang bain senenge sing mupakat. Paran maning diulihi nyandhing, ya aja takon kelendi rasane. Kepingin sgage isuk, makene gelis kecaruk larene.
Mata sun merem-meremaken. Kepingin ninggalaken wayah dalu iki. Nggawa angin hang adheme milu ngemuli batin. Gendhinge kewan wengi nggarai bengi iki mernahi. Kemerisike dami-dami nambahi rasa wedi nang ati. Wedi kelangan Tutik kudangane ati.
Wis biyasah kanggo isun turu diselimuti angin. Dikancani jangkrik lan kemerisike wit-witan. Arane bain umah-umah nang sawahan. Cenggeret lan ula banyu wis dadi temonan saben bengi. Ya sing kira kaget. Wis kendel.
Kukuruyuk...Kok..
Bedhug subuh rasane gelis tekane. Buru kesirep, pitik jago wis kelaokan. Dibarengi wong adan lan emak hang wis mangkat gupuh adus nang banyu. Wedi kesulungan, temune kadhung sepi gedigi adus dhewek ngenak-enakaken.
“Mak... milu..” gupuhisun ambi nyekeli andhuk lan nggulapi ilur hang wangi iki.
“Ah ... raine. Adusa nang banyu lanang! Ana wis gedhi arep milu bain.”
“Iya.. maksudisun iku bareng melakune,” saurisun ambi merem-merem.
Rasa ngantuk sun kuwati. Sing perduli peteng lan adhem. Hang penting seger lan tetep nggantheng. Arep kecaruk calon rabinisun iku kudu tangine isukan. Makene rejeki gampang dipuputi. Kanggo bandha tuku sedhan penjaluke calon rabi.
Seger rasane wayah wene kungkum. Mung wedine dicokot geruyu, utawa keliru andhuk nganggo lumbu. Padha aluse ketang. Tau bengen, kesubuhen tepak adus. Tangan gerayangan nggoleti sabun lan sikat untu. Wektu iku isun sing weruh hang sun enggo sabun iku paran, pokok hang sun enggo sikat kayane rencek cilik-cilik hang cicir teka uwite rambutan. Tau pisan, ditemoni bucungan ngadeg nang mburine gedhang-gedhangan. Ya embuh iku uwong tah temenan bucungan. Isun ya kepelayon tanpa andhukan, serang wedine taker lali ngandoh andhuk lan kelambi. Wis perkara hang geddigu iku isun wis pengalaman. Kadar aja dadi balenan bain. Makene kedadeyan ewer taping asli medeni iku sing kelakon maning.
“Lik, wis melecir serngengene. Gancangana ra!”
Emak celuk-celuk teka sumber wadon hang nang ndhuwurisun iki. Sing kerasa adhem sakat bedhug subuh sampek wong semakan wis mari. Aja kasep bain ngateraken kudangan ati.
“Sulung Mak..”
Isun gupuh. Isun agage mentas lan melayu nang kamar. Mbukak lemari, milihi kelambi. Golet-golet hang apik lan sing katon lawas. Iki wis repote kadhung wong melarat ulih wong sugih. Arep anggon-anggon sing nduwe hang dhenes. Anane, mung kelambi rohek, hang kelire mangkat mutih.
“Alah kathik iki bain wis,” abanisun ambi mantes kelambine nang awak.
Ya mung iku hang dhenes lan pantes. Kelambi takwa hang sun enggo sembayang nang masjid lebaran sore ika. Sing paran-paran wis, hang penting sing katon ngisin-ngisini nang ngarepe kancane Dhik Tutik. Kelambi putih, celana cemeng. Wih katon gagahe nang ngarepe kaca. Sun juwut lenga keletik lan sun gosok nang rambutisun hang kandel iki. Makene sing katon garing. Mari gedigu, isun langsung nunggangi sepidhah antik tinggalane anang hang sakat subuh mau wis mari sun panasi.
“Ayo Lik... berangkat!” abanisun nang kacanisun hang wis gelem ngancani isun sakat isun magih sekolah.
Kelendhak-kelendhuk lakonane. Sing paran-paran hang penting gadug umahe. Tulihane, widadarinisun iki wis suwi meceger nang ngarepan. Sekaken, sunare serngenge nggarai bathuke keringeten.
“Sepurane Dhik.. rada suwi.”
“Using Kang, Isun sangking kepingin caring. Sehat..” alesane.
Ale isun weruh gok keringete iku nduduhi kadhung iyane sakat mau nganteni isun kesuwen-suwen. Taping magih bain ditingguli. Dhuh.. nggarai isun tambah dhemen. Masiya iyane kesel taping isun sing tau rungu suwarane wong sambat paran maning ngamuk, nguwel-nguwel. Isun sing kepingin wong hang sun welasi iki kasep nggadug papan kuliyahe. Temune isun ngelakokaken sepidhah rada totog setire.
“Aja anter-anter!”
“Sepurane Bos..” sun kurangi gase.
Edheng sun lakokaken makene padha nyang jalukane. Sun tulih nang kaca sepiyon. Peraenane njureng, iki gara-garane isun hang sing gelem ngarteni. Sun cacak ngusruhi, makene eseme nggawe uripisun manis dina iki.
“Dhik.. Rika percaya welas?” guyonisun nang larene.
“Sing. Welase mung omong-omong thok!” lesane durung uwah.
“Saiki tanggal pira, Dhik?”
“Limalas,” saure entheng.
“Limalas nomere tikus. Isun kadhung welas sing tau ngapus.” Sun tulih lambene wis mencep-mencep nahan guyu.
“Wis lah gadug. Aja ngusruhi Isun thok lah..” saure ambi ngakak, diselingi sikil tengene mudhun teka sepidhah.
Isuk iki rasane isun kaya sing kanti mulih. Kepingin nganteni nang kene sampek larene mari sekolah. Sing paran-paran wis mejugrug sakat isuk sampek serngenge mari lingsire. Sing paran-paran, hang penting bakalisun iku seneng lan amuke mau isuk suda. Isun ngogrok nang terotowar. Ambi sithik-sithik nyekeli ban nawi ana hang bocor. Kadhang pisan ndeleng rem, nawi sing weruh mara-mara pedhot. Kadhung nulih kanca lanange Dhik Tutik, isun kaya kepingin mundur. Ndeleng tunggangane sedhan larang lan sepidhah montor gedhi-gedhi. Kadhung cithul lawas iki disepak, ya jelase kilah-kilah sing ana regane. Wis digu lare kutha rijig-rijig, nggantheng lan seger awake.
“Leh.. Isun anake Emak ya sing kalah. Lare gedigu iku sing ana paran-parane, kadhung sing tau sara uripe,” abanisun ngomong dhewek nang kaca sepiyon
“Kang, ayuk.” Widadarinisun metu teka pageran, ambi nyekeli gulune hang abete kaya ngelak kepingin ngombe.
“Sulung ra, kesok tanggal pira?” abanisun ambi nyetater sepidhah.
“Nembelas. Paran? Nembelas nomere tawon? Kadhung welas sing tau guyon?” saute larene hang sing kuwat nahan guyune.
“Ayuk lah.. ngelak iki,” teruse nggupuhi.
“Tuku es campur ning Mbok Ning bain ya... Kemiren wetan. Oke?” Isun nawani nyukupaken picis.
Saure nggawe senenge ati. Iyane tambah jangget gandholan nang bangkikanisun iki. Isun sing kepingin maning anter-anter, saiki edheng taping gelis gaduge.
“Mbok Ning, es campur loro, dipangan nang kene!”
“Oke. Ka..” saure Mbok Ning ambi nduduhaken jempole.
Sing suwi dhung ngeladeni. Rong jembung es campur semandhing nang ngarepisun. Bakalisun iki abete ngelak seru. Kari kerahang digi dhung ngombe.
“Woh iki bakalira tah Ka?” Mbok Ning abete kaya bingung sing tau weruh isun nyauri ya tenang bain.
“Hang dibakalaken ambi Sira iku sing Tatik, tah? Kok hang Sira gawa Tutik? Ngawur lare iki.”
Rungu Mbok Ning ngomong gedigu, isun kaget lan bingung dhewek. Endane bener tah hang diomongaken Mbok Ning iki? Gadug umah isun wedi-wedi dhewek. Wedi kabeh iku bener anane. Isun melayu nang pawon, nyacak takon nang emak hang uwonge magih ruwed mbibit kacang. Ya Allah, saure sing nguwati. Isun langsung cemple, kemureb nang gedheg hang wis kaya tembok iki. Isin kudhu kelendi ngadhepi iki kabeh. Buru bain seneng malah diajuraken.
“Isun welase nang Tutik Mak, dudu Tatik. Isun sing kenal ambi Tatik, Isun kenale nang Tutik. Oper bain Mak ya.. salah Rika pisan sih Mak, sing warah arane! Kadhung Isun sing bisa ulih Tutik, Isun bangur minggat bain wis!” ancasisun.
“Lambenira Lik, kari enak. Munggane picis. Kari sing mikir! Sekali Tatik ya Tatik, aja tutak-tutik.”
“Isun ambi Tutik padha welase Mak. Larene bain mau kaget pisan. Tibane bakalisun iku Tatik dudu Tutik.”
Emak sing ngerungokake omongisun. Iyane malah ngalih nang mburitan ninggalaken isun hang nangisi welas iki. Buru iki, isun getun kari sun tangisi. Buru iki pisan isun wani padu nyang Emak. Isun sing bisa mbayangaken atine Tutik kelendi. Masiya buru pirang dina sun kenali, taping isun bisa ngerasakaken senenge atine kadhung sun tekani. Katon teka sorot matane. Iyane uga ngandoh ati. Isun sing weruh paran hang dilakoni Tutik nang umahe. Nggetuni tah nangisi?
Kring..kring
HP tuwekisun muni.
“Hallo, kene aja endak kecaruk sulung wis. Terusena lakon Rika ambi Mbok Tatik. Kesuwun,” omonge Tutik ambi mbesesegen lan mateni tilpune.
Sing bisa. Welasisun wis dikenthit Tutik. Wis sing ana maning welas kawitan. Welasisun mung siji. Mung Tutik hang maroti.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Buku: Kembang Galengan, anggitane Ridzkiya Karimatussholeha
Editor: Hani Z. Noor-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)