Esai: Mapag Sekolah
Iskak Basuki (dipublikasikan pada Kamis, 09 Juni 2022 09:03 WIB)
- Esai
Sekolahan lawas ring wetane perapatan Singomayan, utawa ring kulone biskop Suazana iki - SDI Al Khairiyah - saiki dadi salah sijine SD 'favorit' ring kutha Banyuwangi. Ya tandhane mula apik saiki, maju, sing kaya bengen magih jamane isun dadi lare SD. Muride sing terima anake wong parek-parek kene bain. Taun 70-an anake wong kene akeh dadi kancanisun, sekolahe ring SDN Alun-alun lan SDN Tegaloji 1 & 2 (SDN Kepatihan saiki) . Anake wong adoh-adoh pirang-pirang hang disekolahaken merene saiki. Buktine saben dina hang 'antar-jemput' akeh hang nggawa montor lan sepidhah montor.
Bangunan gedhunge saiki ya wis lumayan apik, ditingkat kanggo nambahi kelas-kelase merga latare mula sak ipet, ciyut, seru kurange kanggone sekolahan paporit. Lawang pager utawa lawang korine iku maning, wis mung siji, turneya uga kurang wera. Sekali muni 'thet!' wayahe lare mulih, metune mesthi umpel-umpelan kaya tawon metu teka gelodhogan.
Iki serngenge wis dhuwur, coronge masjid jamek kerungu merene, muni wong ngaji, tengere meh bedhug, lare sekolah sedhela engkas wayahe mulih. Isun wis gadug SD kidule lurung iki, mapag jebeng, anakisun hang kemunjilan. Memei rame kahanane. Ring ngarep gerbang lan terotowar sak kiwa-tengene sithika menungsa. Wong lanang-wadon, tuwek-enom; embuh mula wong tuweke murid, embuh dulure, embuh langganan becake, embuh parane maning - nong ngisor terotowar ana bakul-bakul, wong dodolan - kabeh padha nganteni. Ana hang seliweran, ana hang ngadeg anteng, ana hang lungguh nong pinggire terotowar madhep ngalor, gesah ambi hang lungguh nong sepidhah montor; ana hang sedhela-sedhela nulih nang gerbang, pikire nawi mara-mara mbukak. Macem-macem polahe, rupane, modhele, penganggone menungsa. Hang paling akeh milih ngadeg upek-upekan ring ngarep gerbang, pelawangan. Saben dina gedigi iki. Kaya wong arep paran tah? Kaya ngedhang metune artis utawa bintang pilem hang dadi paporite.
Suwi-suwi dadi enget biskopan wetan iku magih rame-ramene bengen. Sasat saben bengi ring kono mesthi rame, kaya-kaya sing ana sepine, tosene tepak ana pilem apik, hang teka arep nonton melkedheg taker mepeti lurung. Sekali lokete dibukak, nana, padha uyel-uyelan, rebutan tuku karcis.
Kadhung wong-wong iki, uyel-uyelane kerana kepingin gancang katon nyang larene, larene ya gelisa weruh nyang iyane, aju agage mulih, ngalih teka kene. Maklum. Mula mbingungi temenan gok sampek sing kecaruk, sing weruh metune lare. Kelakon dadi golet-goletan nong njaba. Nong kerameyan wayah bubar sekolah sing gampang nemokaken lare. Paran maning lare wadon. Arane seragam, kelambine padha kabeh, jilbabe putih-putih padha kabeh, nyawang lare semono akehe, sakgelarapan peraupane padha kabeh! Gupuh ukure masdakaken siji-siji. Iku tah? Dudu. Iku tah? Dudu. Kaya iku, dipareki dudu. Endi tah? Nong endi tah? Aja-aja.... Kouw....! Buces endhas gok wis gedigu. Legane masaalah (Masyaa Allah) serta ahire ketemu, ting gelem nabok nang anake, sing mandheg-mandheg uwele sampek gadug umahe. Serang kesel campur getun campur bangkel.
Jebeng saiki wis kelas 3. Adhate hang bagiyan mapag iki emake, kadhang kakange. Isun arang-arang bisa mapag kerana wayah mene iki magih jame megawe. Kadhung mangkate saben isuk, mula wis bagiyanisun ngateraken.
Sakat mauk isun milu ngeruwel parek pelawangan, sak wetane gerbang. Ketepakan ana sadheng jejer loro ring pinggire terotowar kono, isun ngadeg ambi semendhe madhep ngidul. Nong wetanisun, nong pinggirane aspal, mepet nyang terotowar, dhirik wong jaja sembarang panganan doyanane lare. Panganan paran iki? Mari-mari sedhep ambune. Hang paling parek, tepak nong mburinisun ana emak-emak dodol penthol cilok, enak ngelayani wong tuku; wetane mbuh paran iku; wetane maning rombonge es, hang dodol capilan; wetan-wetane maning ketinggulan wit-witan, kendharaan parkir, uga payunge wong-wong iku dhewek hang wera-wera, werna-werni. Nulih kulone gerbang padha bain, jejer wong dodolan.
Mbuh teka endi bain endane wong-wong iki? Lanang-wadon penguripane ceker-ceker, golet picis kenthingan, picis pecahan, nong sekolahan. Sing nong kene thok. Merana-merana ana. Sing mempan masiya kadhang ana tulisane 'dilarang jualan di depan sekolahan'. Ya arep kelendi maning? Repot ngomong, repot menging. Hang dibisani enggo nyambung urip abete ya mung iku. Bisa tah nguweni penggaweyan liya? Sunggane ana kayane milih tetep adol panganan, ombenan utawa memengane lare gedigi iki. Tandange entheng, mung sedhilutan aju mulih. Embuh aju tandang liyane maning embuh using ya sing paham.
Wong dodolan ambi lare sekolah iku setemene padha butuhe. Kaya wis setelane. Kaya semut mambu gula, wong-wong iku gayap mara kerana mambu sangune lare-lare sekolah. Kaya semut weruh tumpukan gula, lare-lare sekolah, yong wayah dhemen-dhemene njajan, dhemen-dhemene memengan, mesti tetuku dagangane wong-wong iku. Sing ulih metu wayah istirahat ya wayah mulihe ngerubung, belanja. Sedhela maning titenana, semut-semut gedhi-cilik yara pating umet kemeremet.
Saya rame suwasanane, saya ongkeb awak rasane. Sepidhah, becak, montor, ana hang mandheg, ana hang liwat ambi nggeremet mengetan, mengulon. Semerawute aja takon. Sapa acake hang bisa ngatur? Hang teka awal bisa parkir, bisa minggir. Hang teka kari nggawa montor, tulah-tulih bingung nggoleti selah endi papan hang lowong? Ulihe gelem wetan adoh parek Suazana kana. Kulone sekolahan ana tokok lan parek lampu merah, hang repotan arep andoh montor.
Lore lurung padha bain, wong mapag sulung-sulungan. Montor sing bisa minggir kadhung kesulungan sepidhah parkir, sepidhah-sepidhah ya sing bisa minggir kadhung wis ana montor parkir. Elor kidul sami rawon sing ana papan lowong. Sing bisa kon apik, kon parkir dhirik sak larik. Mesthi numpuk-numpuk nyumpeki lurung. Pantes lalu lintas gok nggeremet taker macet kala-kala gedigi.
Plokk!
Mara-mara kemeplog, kerasa ana hang nabok bokongisun teka mburi. Edhenga. Wanter! Isun hang sakat mau enak ayem, enak ngadeg semendhe, karuwane kelunjuk, kaget! Emane sing latah.
"Es-mu mau endi....?!"
Alak! Mbarengi abane kemeplog nong bokong - nong bokongisun hang kiwa - ana abane wong wadon ngomong gedigu iku. Isun sakkal nulih....
"Eh! Eeeh....! Sepuntene! Sepuntene, pak....! Sepuntene....! Kula kinten rencang kula hang sadeyan es. Celanane rupine sami....".
Hang nabok bokong, hang takon es, hang langsung njaluk-njaluk sepura iku tibane emak-emak bakule penthol cilok! Matane mendelik kaya emeh coplok, serang kagete serta sun tulih. Kaget campur isin sak akeh-akehe, pantese.
"Mboten napa-napa....."
Isun - serta sadhar - nyauri ambi mesem naping mung sithik. Sing bisa akeh. Kira-kira katone ya kecut kaya asem. Kerana isun dhewek seliyane kaget ya campur bingung. Sing ngira sing nyana, bokong meneng-meneng ditabok seketane - dapak padha kenale - nong ngarep sekolahan wayah rame-ramene.
Asem yara wih! Rika iki, Bik....! Tulih-tulih ngiwa-nengen emane hang meruhi 'insiden' iku sing ana hang kenal. Munggone ana yara dadi guyu, gelem cekakakan, gelemane maning terus warah-warah nyang kanca, nyang dulur.
Theeett....!!!
Bele sekolahan - tandha wayahe mulih, wayah tawone semembur - muni anter, kerungu menjaba. Gerbange dingekaken. Isun agage nyelimur balik madhep ngidul maning kaya wong-wong liyane, nyacak pokus (fokus) mandengi saben murid wadon hang metu. Endi endhuk anakisun? Endi jebeng anakisun? Nuliha, weruha bain larene nyang isun. Iyane sing paham gok dina iki bapake hang mapag.
Byek! Byek! Yaiki. Tepak rame-ramene iki. Buyeke alan-alane bebek atusan digetak metu teka kandhange. Suwarane dadi siji ambi gereng mesin-mesine sepidhah lan montor, kendharaane wong hang mapag ya wong hang liwat. Klaksone 'than! thin! than! thin!' ngebel-ngebel. Jawane nguwel-nguwel kerana lurunge dadi sumpek taker macet!
Lan-telangan kupingisun magih kerungu suwarane bik penthol mauka. Rasane getune durung entek-entek. Ale wis hun sepura. Wis pindho malah hun baleni 'mboten napa-napa mboten napa-napa...'. Iyane mbuh ping pira mauka mbolan-mbaleni 'sepuntene, sepuntene.....'.
Abane, abete melaku ngetanaken ambi wara-wara nyang kancan-kancane,
"Liiik....lik! Asem! Aku mari salah nabok bokonge uwong! Asem tenan! Isin aku. Tak kira iku mau awakmu...."
(Bwi,0122.1.ib)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Pemikiran dan Pengalaman
Editor: Hani Z. Noor