Ethuk (Pincukan Sega Hang Ngganteni Kesel)

Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Rabu, 03 November 2021 15:01 WIB)
- Opini



Ethuk (Pincukan Sega Hang Ngganteni Kesel)

 

Dhung nong dhaerahrika kabeh hususe hang magih ana arak-arakan dhung tepak ana lare sunat, kirane padhatah ambi nong umahisun ring Desa Benelanlor? Tapi ya hing mung nong desanisun thok, ring pirangane desa ring Banyuwangi mesthine ya ana hang padha. Hang sun maksud yaiku panganan hang aran "Ethuk".

Ethuk hang dimaksud ning kene iku aran godhong gedhang hang dipincuk hang isine ana sega putihe. Ring ndhuwure sega ana sawur ambi iwak sapine. Iwak sapine wis diolah cara masakan dhendheng ragi. Ethuk iku wujude hing kari akeh naming mung pincukan cilik. Dadiya gedigu, akeh hang kepingin ulih ethuk iku mauka dhung wis mari arak-arakane.

Ethuk iku wis disiyapaken ambi hang duwe hajat utawa iwuh. Arak-arakan iku biyasahe pating dietutaken ambi lalare cilik. Hang aran ethuk mauka aju diuwekaken nyang lalare utawa sapa bain hang wis milu ngetutaken arak-arakan sunatan.

Masiya gedigu, kadhang ana uwong hang juwari njaluk alihe hing milu ngetutaken arak-arakan. Paran maning ana hang padha njuwutaken kanggo adhike hang wis nganteni nong ngarep umah kadhung tepak panggon hang duwe iwuh parek ambi umahe. Embuh dikongkon emake utawa liyane. Ana maning hang api-api hing ulih ale ulihe hang kawitan wis disengidakaken, serang makene bisa nggawa mulih lebih teka siji pincukan ethuke. Tapi aran wong hang duwe gawe mula wis niyat arep sedhekah, ya wis kelendi maning. Hing kerasa ethuk hang digawe bisa sampek atusan pincukan ya entek diedum-edumaken.

Lalare cilik iku ya padha kerubutan dhung wis mulih teka ngetutaken arak-arakan nyang para bibik-bibik hang nggawa ethuk diwadhahi irig. Masiya hing nggarai wareg, lalare cilik iku ya padha girang uga doyan nyang ethuk mauka. Paran maning dhung ana hang digawa mulih makene bisa dipangan bareng uga diuwekaken nyang keluwargane.

Akeh-akehe mula lalare cilik hang paceke ngetutaken arak-arakan sunatan. Kerana wajibe ring sunatan iku angger ana kesenian baronge hang diundang. Dadi dhung wis ngundang barong pisan kanggo ngeramekaken acara mauka, lalare cilik girang nggeredhoni anane kesenian barong iku. hang nggarai tambah rame dhung lalare diuber ambi macem-maceme wujud mahluk hang ana ring kesenian baronge. Kadhangane dhung ana macan-macanan ya digudhani, senenge mauka dhung wis diuber. 

Kabeh padha dhemen ngetutaken arak-arakan. Ya hing lanang bain naming ya ana lalare wadon pisan. Aran ethuk iku wis dadi kewajibane tuan rumah hang duwe iwuh nyiyapaken kanggo nguweni sapa bain hang ngetutaken. Hing ndileng umur, hang penting tuan rumah mauka girang kerana arak-arakan hang wis dianakaken bisa diramekaken ambi lalare hang padha ngetutaken.

Hun pasthekaken nyang apakisun tepak gesah, temekaken tradhisi nguweni ethuk nyang sapa bain hang milu ngetutaken arak-arakan iku wis ana sakat bapakisun magih cilik bengen. Kira-kira ring taun 80an. Tradhisi iku ya dienggo ring Desa Benelanlor, Gombolirang, Bunder, lan desa sakubengane. Sepurane nawi ana hang hing sun sebut aran desa hang duwe tradhisi hang meraji kaya gedigu kerana mula kaweruhisun hang ana watese. Hun rasa ethuk mauka bisa diarani salah siji camilan kuliner has wong Using Banyuwangi ring dhaerah kecamatan Kabat hususe telung desa iku kanggo nambahi hase nyang tradhisi arak-arakan lare sunat. 

Penulis: Muhamad Novi Yusuf (Opi)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : pribadi

Editor: Hani Z. Noor