Gandrung Dudu Tarian Sakral
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 05 Februari 2025 05:47 WIB)
- Opini

Sore njumbul ring medsos pideone lalare enom hang nganggo kostum gandrung tanpa omprok. Paling using ana lare wadon loro hang njuget-njuget miloni musik koplo lan ana hang siji hang goyange rada anter.
Aju ana susulan wawarah (jare teka Dispar, embuh temenan tah sing): Mohon untuk bisa menertibkan/memberikan arahan kepada pelaku-pelaku karnaval supaya tidak mengenakan pakaian yang sakral penuh makna yakni Gandrung, karena mencederai makna dan kesakralan gandrung bagi kita warga Banyuwangi.
Hang dadi pìtakonan, sakat kapan gandrung dadi sakral? Sakat njumbule gandrung, jugedan iki profan, hing tau sakral. Beda ambi seblang Olehsari, Seblang Bakungan, utawa Kebo-Keboan.
Gandrung iku teka kanane tari profan hang erotis, hang bisa ngundang sahwate wong lanang utamane.
Masiya hing sakral tapi gandrung ana pakeme. Umpamane dikawiti jejer, aju ngerepen, paju lan pungkasan seblang subuh. Pakem iki hang magih diugemi ambi penari lan panjak gandrung.
Merga dudu sakral, omproke (hang bengen dhuwur) saiki miloni jaman dadi endhep, renggaan hang bengen nganggo petang werna lan bisa disingkat APIK (abang, putih, ijo, kuning) saiki mung abang putih, sampure bisa milih abang, kuning, ijo. Tapihe Gandrung Sewu saiki digawe kaya erok hing nyapret kaya gandrung aseline. Mangkane tepak akeh wong hang hing terima penari Gandrung Sewu nganggo manset sak werna kulit, dhuh, yong iku sukur tari. Dudu gandrung temenan lan masiya gandrunge temenan iki tontonan profan. Hang nganggo pakem iku gandrung terob dudu gandrung sewu.
Aju ana: Mencederai makna dan kesakralan gandrung. Gandrung ulih aran buru iki bain. Mangkane sampek taun 1970an, wong-wong tuwek ngelarang anake nonton gandrung. Seliyane jugedane, ring taun-taun semono arane gandrung terob hing adoh teka omben-ombenan.
Endi maning konotasine gandrung terob hang miring, lan akeh gandrung hang ngamen sak dalan-dalan, merga welase bupati jaman semono Joko Supaat Slamet gandrung sithik-sithik munggah marwahe.
Pak Paat ngongkon pegawai Kesra menging ana gandrung ngamen sak dalan-dalan. Kadhung ana hang ngamen ring dalan diuber, dicathet informasine lan diwani panggonan lan wekas hing ulih ngamen maning.
Gandrung ngamen ring dalan-dalan sak perlu golet picis recehan. Ambi pak Paat dipenging lan gandrung dipanggonaken ring panggonan hang terhurmat.
Pak Paat uga ngongkon ruwahe Pak Mitrok Geladag Rogojampi ngajari lalare cilik njuged teradhisional makene bisa ditampilaken ring pendhapa. Salah siji penarine malah anak wadone pak bupati. Teka kene, gandrung mangkat dilirik melebu sekolah-sekolah lan diajaraken nang lare-lare.
Buru tari gandrung dadi idola nang lare-lare. Sanggar-sanggar tari merujuk sak bajeg. Hang milu seleksi Gandrung Sewu ana ewonan lare. Hang hing kepilih seleksi, ana wong tuwek hang gelem mbandhani dhewek anake makene bisa milu tampil. Pokoke bisa milu Gandrung Sewu. Naming kudu dienget-enget, Gandrung Sewu iki dudu tari gandrung hang sak benere. Mung tarian hang nganggo kaidah gerakan tari gandrung.
Dadi rada aneh ngongkon lare hing ulih nganggo kelambi gandrung hang sakral, jare. Kadhung lare milu karnaval ambi jugedan gandrung hing paran-paran yara? Dadi, kudune jugedane kudu hang sopan kadhung tepak nganggo kelambi gandrung? Ale jugedan Gandrung aseline lebih erotis!
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.