Gandrung, Magih Semelamber, Sampek Kapan?
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 26 Juli 2024 07:45 WIB)
- Opini

Kaya gendhing repenane, hang suwarane lamat-lamat nyerambahi jaman sakat kala-bendhu sampek seprene, cerita uripe Gandrung kaya sing mari-mari. Masiya hing sithik uwong hang nyukeri, naming uga akeh seru hang dhemen lan ngedani nong hang aran Gandrung. Nyatane, Gandrung ya magih tetep ana sampek dina iki, masiya tah uripe mung miji-miji.
Ana hang nganggep Gandrung iku merupa ‘paku bumi’ne telatah Belambangan. Hang anane kanggo njaga ketentereman lan milu njaga kerukunan. Mulane, geningena Gandrung lan omproge, dhewekan ngelantar uripe. Aja sampek Gandrung rika tundhung teka papan perujukane, gulakane bisa nggawe kemerungsung kahanane. Lan aja sampek Gandrung diaberagi teka kalangane, merga bisa nggawe ungkreg tatanan masarakate.
Saktemene bain, hing akeh uwong hang bener-bener paham ngenani lakon ‘laire’ Gandrung ring Bumi Belambangan iki. Kadhung bain uwong-uwong iku paham kelendi abote lelakune Gandrung hang wis munggah gunung mudhun jurang, sak derma milu urip lan nggadugena wekase para leluhur, nawi bain, iyane hing bakal tega maca lakon ceritane. Gandrung, hang wis diwatesi kalangane, ditengeri lakonane, terus-terusan diudani celathu naming magih mituhu nerusaken lelakone, dadi perihe penganggo hang kudu dirasakaken.
Noring cathetan sejarah, hang kecathet dadi Gandrung wadon kawitan ring Banyuwangi yaiku Semi, anake Pak Midin (asal teka Ponorogo) ambi Raminah (asal teka Semarang). Kala iku, sekira tahun 1895, munggahe Semi dadi Gandrung wadon kawitan iku uga dadi tengeran pungkase lakon Gandrung Lanang, hang tau ana ring Bumi Belambangan. Lan sakat jamane Gandrung Semi iku, sampek seprene iki ya wis atusan para jebeng Banyuwangi hang milu nyebur dadi Gandrung.
Miturut Budayawan lan sejarawan Banyuwangi, ruwahe Hasan Ali, ana pitu penari ‘Gandrung Terob‘ hang keneng diarani ‘Legendaris’ yaiku; Semi (Gandrung wadon kawitan), ruwahe Pikah, ruwahe Aripah, Aenah, Temu’, ruwahe Pon lan Supinah. “Gandrung-gandrung iku dadi Legendaris merga duwe ciri-ciri has hang sing bisa ditiru ambi liyane. Kaya umpamane Gandrung Temu’, ciri has vokale hing bisa ditiru ambi gandrung liyane. Semono uga Gandrung Aripah, hang ‘bintang’ ring jamane. Dedege dhuwur, langsing, peraenane ayu lan njugede sempurna,” jare Man Hasan Ali.
Wis pirang-pirang jaman dicap dadi sumber kemaksiyatan, naming Gandrung ya hing umik teka niyate. Iku merga hing akeh hang ngerti nong sejarahe. Magih ring jaman perjuwangan bengen, ambi kendhang, kempul, gong lan keluncing hang dipikul merana merene, Gandrung lirih-lirih keliling teka kampung siji nang kampung liyane, sak derma ngumpulaken panganan kanggo nyokong para pejuwang hang mati-matiyan ngerungkebi telatah iki teka rong-rongan kaum penjajah.
Masiya umure wis keneng diarani uzur, naming karep lan tekade masarakat milu nguri-uri tinggalane para leluhur iku kaya-kaya sing kira bisa luntur. Nyatane, pirang taun kepungkur rikala pejabat dhuwur telatah iki nyacak nangekaken teka papan tirahe, Gandrung kaya-kaya balik maning nong wujud asale. Saya kemeredep penganggone, saya rumang peraenane. Tambah wera kalangane, tambah semebrung gandane, lan arum-wangine ya wis nggadug nong tanah manca. Masiya wis keliwat satus taun lebih umure, kesenian hang saiki wis dadi ‘ikon’ Banyuwangi iku malah meromong sagah.
Sampek seperene, Gandrung magih terus anak-gumanak milu iline jaman. Urip lan lelakone mula mulai uwah, katut nong berubahe jaman. Ana hang magih tetep nguwati dadi Gandrung Terob hang jumlahe mung bisa diitung nganggo deriji, naming uga akeh perujukane. Saiki iki malah atusan, malah bisa ewonan lare nom-noman hang mulai dhemen njuged Gandrung.
Gandrung, magih ayu peraenane, magih semelamber sampure. Embuh sampek kapan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Eko Budi Setianto
Editor: Hani Z. Noor