Gembos Ponakane Tempe

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 30 Desember 2025 07:29 WIB)
- Opini



Gembos Ponakane Tempe
Ditulis ring Iskak Basuki

Hang doyan panganan gorengan mesthi weruhe ambi tempe gembos alias menjes jare wong Jawa. Iki gorengan dhemenanisun hang ana ring wong adol gorengan. Anget-angetan mangane ditutulaken petis ambi ngelethus lobok. Embegh...! Mari-mari gurih renyah nikmat rasane nong cangkem. Hmm...! Gurihe iku beda ambi tempe hang sing bocor, eh.. hang sing gembos. Ban nawai...!
   Gembos kejuluk spesies tempe merga katon mata mentake uga matenge mula memper ambi tempe, tosene serta diirisi tipis-tipis, diadoni, digoreng, dientas sing mbuwang-mbuwang tempe raine.  Ale setemene gembos iki titisane tahuk, dudu turunane tempe. Embahe aju sapa? Embahe ya gadhel. Gadhel jare wong Jawa arane dhele. Ana unen-unene, 'Isuk dhele sore tempe'. Uwong kadhung mencla-mencle gedigu jare. Aja takon engkisuke maning dadi paran? Teka tempe mesthi uwah maning peraenane.
   Nawi mula durung kenal, gadhel iku duwe anak loro, laire operasi ring beda kamar sakit, beda pisan dokter-doktere. Metu-metune hang siji pawakane atos-atos kasar, arane: tempe; hang siji maning embug, putih mulus, dhemenane kungkum, arane: tahuk. Tahuk-tempe tah tempe-tahuk, isun kurang paham sapa kakange, sapa adhike iku? Jelase, hang aran gembos iku anake tahuk, yong bahane digawe teka ampase tahuk; ambi tempe temune pernah ponakane.
   Enget? Bengen negara tau diantem krisis gadhel; regane munggah dhuwur, wong usaha tempe lan tahuk akeh hang tutup, ajur. Akibate maning, tempe lan tahuk belaka langka, larang kanggone rakyat hang saben dina madhange ambi iku iwake. Percaya?
  Tepak iku ana salah sijine menteri hang karismatik uwonge, njumbul ring acara talksow, ring tipi. Hang hun engeti, iyane ndhalang gok mari nunggang taksi teka bandara, sempat didhedhes ambi supire taksi:
    "Pak Bos, amit bain. Setemene pemerintah, Rika padha iku, bisa tah sing ngurus negara iki?"
   "Kok Rika takone gedigu, Pir?"
   "Ya nyatane bain, Pak Bos. Ngurusi tempe belaka sing enthos...!"
   Embegh! Emane tepak pejabat hang ngerakyat hang disekak. Sunggane liyane embuh wih. Menteri liyane, paran dicekek nunggang taksi?
   Bengene maning, jaman cilikanisun, taun 1970an digu ana kedadeyan tempe gembos. Tempe gembos tau ngilang rada suwi teka pasaran, gara-garane dipitenah mateni uwong. Beritane melebu nong radhiyo, tempe gembos jare ngandhung racun! Alak! Tumon? Marek sira. Uwong pating wedi, pating perei hang biyasah dodol ya hang dhemen nukoni matenge, kelebu isun.
   Taunan mareke iku buru mangkat ana maning, tempe hang bocor, hang gembos nguntup maning. Kalingana bengen kasuse, ana pabrik tahuk koncar-kancir kecolongan ampas. Ampas belaka ilang-ilangan. Omes-omes ambi hang duwe dikelocori obat embuh paran, pokoke dadi beracun! Malinge sing paham, ampase tetep dicolong. Ya kaya adate dienggo tempe gembos, aju diedol...!
   Byek! Nggedobos thok wayakendi nganteme iki? Iku hikayat jaman wingek alias jaman wingi taklam. Hang penting saiki hang nyata nong ngarepane mata iki. Pumpung magih anget, magih kenceng-kenceng. Jare rika paling tempe ya? Iki ponakane, bos. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor