Gembrung Utawa Burdah Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 16 Juli 2024 06:48 WIB)
- Opini



Ater-ater Redaksi: Tanggal 10 Juli sore Sekolah Adat Osing Pesinauan nggelar Malam Senandung Burdah. Kesenian iki mula merujuk ring parek panggonan Pesinauan. Iki ana tulisan hang dietokaken taun 2019 bab Gembrung ditulis ambi ruwahe Hasan Sentot.

Kesenian Gembrung iki ana hang ngarani, Dikiran lan Burdah Banyuwangi, merga pancen has Banyuwangi kadhung ngerungokaken timpalan terbange lan laik-laik salawatane. Gembrung magih bisa ditemoni ring dhaerah Kemiren, Kecamatan Glagah Banyuwangi. Malah nyebar nang pirang-pirang dusun, Mondoluko, Jambesari, lan Kopen Dukuh.

Wong-wong ring Banyuwangi eloran kana, kadhung acara Tingkeban, Mudhun Lemah, Penganten lan Sunatan, magih kerep nanggap Gembrung. Merga isine salawatan lan puji-pujian nang Kanjeng Nabi Muhammad lan nggawa keagungane Gusti Alloh. Mangkane tepak seru dicelukaken tontonan hang bisa nguweni tuntunan.

Durung diweruhi, ning endi maning sebaran kesenian iku sak liyane wilayah hang kasebut ring ndhuwur mau. 

 Kang Pur Kemiren, malah sakat tahun 2000-an wis mulai ngadher kelompok Gembrung lare-lare enom ring Dusun Mondoluko, Kemiren. Malah Kelompok hang magih sedulur mau, tau diundang mentas nang Surabaya ambi Lembaga Seni Budaya Muslim Indonesia (LESBUMI) Pengurus PWNU Jawa Timur kapanane.

Kang Pur ngakoni, wayah ngenalaken maning nang masarakat njabane Kemiren, iyane nyeja ngubah aran dadi Burdah Banyuwangi. Merga makene rada diterima ambi masarakat liyane lan ana uga dhasare emeh padha ambi Gembrung. Aran Banyuwangi digandhengaken nang aran Burdah, tujuwane ya padha makene wong Banyuwangi sak liyane Using hang nerusaken lan nguri-nguri Kesenian iki makene ulih panggonan lan sing rumangsa disingkrihaken merga aran.

Ana gabungan kelompok Gembrung teka Mondoluko, Kemiren, Kopen Dukuh lan Jambesari. Wong-wong iku minangka tetuweke kesenian Gembrung teka dusun-dusun iku mau, sak liyane iku magih ana Kesenian Gembrung utawa Burdah Banyuwangi hang dilakoni lare-lare enom, minangka penerus teka wong-wong tuwek iku. Panggonan ring Mondoluko lan kerep magih keliling nekani undangan.

Miloni Jaman

Kudu diakoni, mekare kembang kesenian dhaerah Banyuwangi sing luput merga teka saingan ambi kesenian dhaerah liyane hang dikelola kelawan cara modheren. Iki mau kanggo narik minate masarakat makene sing mingser nang kesenian liya, makene pernah milu nguri-uri pisan.

Kawitane miturut keterangan Kang Purwadi Kemiren, tabuhan Gembrung iku ana 10 akehe. Terbang wungkul cilik loro akehe, diarani Gendhung Lanang lan Gendhung wadon. Tabuhan Gendhung iki tabuhan timpalan, kaya kendhang lanang lan wadon. Liyane iku magih ana Terbang Bunder Wungkul Gedhe, yaiku hang diarani Gembrung. Nabuhe Gembrung bareng, sing nggawe timpalan kaya nabuh Gendhung. 

Antarane tahun 1980-an, serta rame-ramene Kesenian Kendhang Kempul, ana penemu kanggo miloni jaman lan nuruti karepe masarakat, aju dilebokaken tabuhan tradhisional Banyuwangi yaiku Kluncing lan kempul utawa kethuk sepasang. Iki mau, karepe makene ana kahanan anyar lan nggawe penonton pernah. Paran maning kadhung kanggo ngiringi syiiran hang dijuwut teka Kitab Al Barjanji, taping cengkoke lan laik-laike has Banyuwangian.

Kesenian Religi

Kadhung ndeleng teka tabuhan kawitane, jelas Gembrung iki kesenian pengaruh Islam. Umume kanggo tabuhan keplak, alias "perkusi". Paran maning hang diwaca, kabeh mau diwaca teka Kitab Al Barzanji. Aran Al-Barzanji dhewek dijuwut teka arane Syekh Ja'far al-Barzanji bin Hasan bin Abdul Karim. Iyane lair ring Madinah taun 1690 lan ninggal donya taun 1766.

Wayah kondangan, Gembrung  utawa Burdah Banyuwangi iki manggung sewengi jampleng. Dikawiti marek sembayang Isak lan pungkas ngarepaken subuh. Kabeh hang diwaca njuwut teka syiiran ring Kitab al-Barzanji, naming sing diwaca kabeh, dipilih-pilih ambi angger-angger kelompok. Malah kerep beda antarane kelompok Gembrung siji lan sijine, kadhung njuwut syiiran ring Kitab al-Barzanji mau.

Bengene, kesenian Gembrung iku 70 persen murni kesenian agama hang dijaga wutuh teka tuntunan hang ana ring Kitab Al-Barzanji. Sisa 30 persen liyane, diisi ambi kesenian dhaerah gendhing-gendhing Using hang magih didhemeni masarakat. Mangkane melebune tabuhan keluncing lan kethuk mau, kanggo ngepolakaken iku mau.

Saikine, 'komposisi' religi lan dhaerah iku diwalik makene bisa terus urip lan disenengi masarakat. Masiya gedigu, unsur religi iku terus dijaga ngadeg jejege, makene sing seru-seru meleset teka pelanggeran hang ana, masiya sing ketulis. 

(Hasan Sentot).

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Poto: Sekolah Adat Osing Pesinauan

Editor: Hani Z. Noor