Gendhing Gandrung, Beda Penembang Beda Isine
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 14 Januari 2026 08:23 WIB)
- Opini
Gendhing Gandrung: Beda Penembang, Beda Isine
Ditulis ring Nanang Y. Yuniar
Sair-sair gendhing gandrung, bengen murni disebataken teka gendhingan. Jaman magih durung ana rekaman, gandrung-gandrung kadhung arep nembang salah sijine judhul gendhing ya kudu ngapalaken ambi cara niteni angger ana pentas gandrung. Kadhung bisa nulis ya ditulis, kadhung hang sing tau sekolah, gendhing mau dirungokaken temenan aju diapalaken.
Perkembangan sak teruse liwat kaset rekaman. Gendhing-gendhing gandrung anyar lan lawas direkam lan diubar nang masarakat.
Masiya gedigu, ring kaset mau durung ana isi teks sair gendhinge. Pungkasane carane ngapalaken gendhing-gendhing mau tetep ngandhelaken kuping, dirungokaken aju dibaleni maning lan diapalaken.
Merga mutu rekaman taun semono sing kaya saiki, akeh ujar hang pengucapane sing cetha. Arep takon ya sing kira, pungkasane ya ditepak-tepakaken bain. Mangkane akeh gendhing hang judhule padha taping ring njero gendhinge mau ana ujar hang sing padha.
Ring kene, masalah iki hang dibahas salah sijine gendhing gandrung judhule Gurit Mangir.
Gendhing iki sing weruh aran penganggite (anonim) taping angger gandrung ring Banyuwangi mesthi ngerti lan apal.
Merga nerimane mau ambi cara lisan, dirungokaken aju digendhingaken, antarane gandrung siji lan sijine ana bedane. Bedane mau ana hang mung terima ujar, taping ana malah sak bait diuwah dicocogaken ambi kahanan panggonan gandrung.
Tuladhane:
Gandrung Temu. Merga iyane wong Kedaleman Kemiren, kadine nembang Gurit Mangir mesthi nyangking-nyangking desa Kemiren.
Gandrung Sugiyatik. Merga iyane wong Gambiran, kadhung nembang Gurit Mangir mesthi nyangking desa Gambiran.
Gandrung Piniti. Iyane wong Genitri, kadine iyane kadhung nembang Gurit Mangir nyangking aran Genitri.
Lan akeh liyane.
Kadine gendhing Gurit Mangir iki sing bisa diapalaken kabeh merga beda versi antarane gandrung siji lan liyane. Hang bisa diugemi ya pemahaman Pakem Pelanggerane bain.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
