Gerojogan Telunjuk Raung

Samsul Hadi (dipublikasikan pada Sabtu, 18 April 2020 11:23 WIB)
- Wisata



Banyuwangi ring kulone akeh gununge, teka elor sampek ngidul, hing maido kadhung duwe akeh gerojogan.  Gerojogan Telunjuk Raung salah sijine hang apik. Melebu telatah Kecamatan Songgon hang ana ring Pedukuhan Sumber Asih Mangaran Desa Sumber Arum, Songgon, Banyuwangi.


Gerojogan Telunjuk Raung iku durung pati akeh hang ngambahi merga rada mucuk ngulon. Taping murah,  parkir sak melebune kadhung sepidhah udug mong Rp.5000,- Montor Rp. 10.000. Kadhung melebu merana dalane wis alus masiya dalan makadam rika mengko disuguhi pemandangan hang asri kiwa tengene ana tanduran sere. 

Gadug parkiran ana panggonan ngempos , liyane gasebo ya ana cedhing lan kakus uga ana musola. Uga ana Menara Sawangan alias Menara Pandang bisa munggah lan ndileng alam tanpa aling-aling merga panggonane dhuwur,  hang dhemen potrek-potrek nang kana, dalan mudhun hang wis nduweni templikan kira-kira 200 meteran wis nggadug nang Gerojogan Telunjuk Raung. Hawane hang adhem seger sing bosen-bosen nyawang endah lan asrine panggonan iku merga ambune segere kembang-kembang alas lan wit-witan hang iyup ditambah maning keninge banyune hang mili santer dibebeng kaya dauwan kanggo lalare hang padha adus, lan ring ngisore dauwan mauka ana wong-wong tani hang pada ngunduh seladhah kadhung tuku nang kana murah sak tingkes mong Rp.2000. 

Sing leren-leren ulihisun kaju merga kok ana gerojogan hang wujude kaya tangane wong nuding, paran maning kadhung rika gelem adus banyune hang kening lan adhem rasane kaya adus ring banyu es.

Isun takon nang Kang Bambang hang dines nang Pos Pantau Gunung Api Raung kono jare arane Telunjuk mau magih ana hubungane ambi Pal Tuding hang ana ring Gunung Ijen. Mula Gerojogan Telunjuk Raung iku durung patiya kesuwur. Larangan nang kana, hing ulih mbuwang dheket sak enggon-enggon, iku kabeh kanggo njaga rijige lan lestarine telatah Air Terjun Telunjuk Raung.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf