Guru Favorit
Heri Rakhmat (dipublikasikan pada Selasa, 02 Maret 2021 07:48 WIB)
- Esai
Sak uwise dadi guru, isun bisa ngerasakaken kelendi ruwete ngadhepi lalare hang tingkah polahe macem-macem. Mula akeh teori ndhidhik lare hang ditawakaken ring pakar pendidikan hang bisa disinauni lan diterapaken. Pungkasane kabeh iku mbalik nong pethithete guru mau dhewek-dhewek. Hing luput kadhung ana hang ngomong dadi guru hing adoh ambi dadi seniman. Kelendi carane ngasilaken karya hang apik lan penomenal. Kabeh merga sepira kuwate bakat seni hang diduweni lan diasah.
Salah siji guru hang sun dhemeni utawa guru "favorit" hang sun enget-enget tepak sekolah bengen ring SMPP (saiki SMAN Giri), yaiku pak W.
Dedege dhuwur lan medeni. Arang-arang munyik. Malah kayane hing tau munyik ring kahanan paran bain.
Arane lare enom, isun metu kenyabe. Malah wanen tataan picis jajan sak kancaan, nyang sapa bain hang bisa nggawe pak W. munyik.
Kabeh lalare padha ditantang. Kepithing banyu tawa kaya Vira Verial (adhik kemunjilane mantan menteri pariwisata Arief Yahya) hang matane bunder kaya tembung pingpong milu ditantang. Utawa Sri Sukma hang saiki dadi dosen ring Jember, hang kalem keibuan pisan. Hang milu ditantang pisan Erika Saraswati (saiki dadi wakil rektor Untag Banyuwangi) hang eseme nggarahi ati serenthelan. Nana hang asil njawab tantangan iku.
Kahanan hang medeni, sintru kaya setra Penganten tengah wengi wis dikawiti sakat iyane melebu ring parkirane sekolahan. Masiya nunggang sepidhah montor hang dhuwur kaya Honda GL iku sothange magih kedawan dienggo lungguh kaya wong liya nunggang sepidhah udhug. Iyane mesthi lungguh nong jok mburi hang biyasahe dienggo nggonceng. Hing maido iyane hing tau katon goncengan ambi wong liya. Paran maning wong wadon. Ya kelendi maning katone seperono iyane durung bisa nemu gandholan atine.
Teka kadohan iyane saben-saben arep melebu kelas nggawa penthung kayu dawa hang diantem-antemaken ring epek-epek tangan kiwane. Kabeh lalare nong kelas wis siyap kelawan lungguh sikap sempurna.
Endane tawis iyane dhemen nandangi lalare ambi cara "kekerasan?" Cumpu ya using. Taping kelawan nduduhaken sikape hang "tanpa kompromi" iku, saben jangkahe teka njujug nong kelas itu rasane kaya amer gedhi hang diantem-antemaken nong pelesteran. Nggawe ati cilik. Rasane kaya jangkahe Buta Ijo marani umahe Timun Emas.
Jlug... Jlug... Jlug...
Tau sawijine dina, iyane melebu kelas hing kathik uluk hing kathik paran mara-mara njujug ring belabag, nulis:
"Contoh soal"
Nana ucap, nana uluk salam. Merga iyane dudu wong Islam. Kaya anjrahe wong Bali iyane wong Hindhu.
Ana rumus hang ditulis. Jejeran angka wis katon kewela-wela, direngga simbul-simbul hang kadhung jare wong dhemen matematika, siyap dirahabi.
"Soal ini, sudah pernah kita terangkan kemarin. Ayo siapa yang bisa mengerjakan?"
Pitakone pak guru ambi ndeleng kahanane ring murid-muride.
Kabeh celakep. Ibarate ana edom cicir bisa kerungu kemelinthinge. Taping bisa bain menenge iku merga ana hang bisa taping hing gelem semaur, hang lebih akeh golongane endhog banyak hang lungguh mburi hang hing ngarti dhang-dhenge paran hang ditulis ring papan tulis.
Arep takon wedi. Ndeleng raine gurune hang hing tau ana unyike bain sungkan. Kabeh temungkul. Sapa hang wanen?
Masiya tah wis ana unen-unen: "Malu bertanya, sesat di jalan" taping kene-kene iki milih kepaling bain. Hang aduoh kadhung bisa makene hing temeblug ring jurang hang akeh sunggane.
Setemene ihtiar wis kerep dilakoni lalare. Teka hang anjrah sampek hang hing kelebu akal. Malah ana hang ndongakaken pak guru kadheman lan iyane ijin hing melebu dadi kene bisa bebas merdheka.
Taping Pengeran Gusti Allah lebih milih dongane wong tuwek makene kene-kene iki saya pinter. Allah ndadekaken pak guru awake seger kanggo awak-awak dhewek muride iki. Dadi pak guru siji sasate hing tau absen sepisana.
Setemene iyane bisa bain langsung nduding lare hang pinter kaya Buntaran (lare Rogojampi saiki dadi dirute perusahaan retail gedhi ring Jakarta) makene soale mau gancang marek. Taping iyane milih cara-cara hang lebih dramatis. Kaya ngantem-antemaken kayu ring epek-epekane, uga melaku ngalor-ngidul metani murid-murid kesayangane hang ulih kehurmatan maju mengarep marekaken soale. Meja hang kawitan wis diliwati. Meja nomer loro diliwati. Nomer telu.
Lalare hang lungguh ngarep ring meja nomer siji, loro wis girang atine kaya ulih berkatan telung besek. Liwat wis Buta Ijone.
Taping mara-mara pak guru mbalik lakune lan ngarah nang lare ayu cilik pawakane yaiku Yuli Ariani. Nana wih Yuli kaya kertas raine. Kemesut sampek ring bun-bunane.
Seteruse iyane pasrah digiring ring majelis kanggo ngenget-enget paran hang ana ring uteke. Yuli mung bisa nduduhaken sikap hang anjrahe dilakoni lare kabeh sekelas, celakep.
"Ayo, dijawab! Kok diam! "
Yuli mung bisa ngelakoni wektu hang paling dawa ring uripe, meneng.
"Apa yang kamu lakukan semalam? "
Pitakonan sakteruse. Hang rada sara njawabe.
Endane dijawab: "Ronda Pak! "
Yara saya muskil. Mangkane iyane mung meneng.
"Mana catatanmu? Coba tunjukkan!" Perintahe pak guru.
Yuli njangkah balik nang bangkune lan njuwut cathetane. Diduduhaken rumus-rumus itungan matematika.
Pak W njuwut buku hang diduduhaken Yuli, mbeliyaki halamane. Iyane manthuk-manthuk. Hing nyangka reaksine kaya gedigu. Iyane ngeruwes kertase lan nguncalaken bukune balik nong ngarepe Yuli.
"Untuk apa buku ini!? Hah! Apa gunanya buku ini kalau gak kamu baca! Percuma saja"
......
"Hik! "
Mara-mara ana hang ngempet suwara gemuyu ring sandhingisun.
"Byalak...si Oni nggawe gara-gara bain," batinisun.
Nawi Oni (hang saiki dadi pengusaha ring Lombok) wis hing bisa ngempet gemuyune. Ndeleng Yuli hang biyasahe pelencatan kaya singgate nangka, malah meneng nong ngarepan.
"Apa Oni? Lucu ya!? Ayo kamu yang kerjakan, bisa gak?"
Oni mung bisa gedheg. Saiki eseme sakkal ilang.
"Gayamu...menertawai temannya, ternyata gak bisa juga! Kamu kira saya bisa kamu tipu seperti teman-temanmu ya?
Tambah dirageni. "Aku tahu kamu itu anak orang kaya. Gayamu berpakaian kusam, lusuh kayak gembel saja. Biar dianggap orang miskin ya?"
Oni nggedheg maning edheng.
Kira-kira gedigu kahanan hang nggegirisi saben pak W melebu kelas.
Isun magih bisa mongkog. Masiya hing pinter kaya Erika, Sri Sukma utawa Buntaran, isun saben-saben bisa ucul teka adhangan iki. Isun tau sepisan dikongkon maju ngerjakaken soal ring belabag. Untunge bisa. Mung sepisan. Dadi saben-saben pelajaran hun enggo cara iku bain, setel rai bisa, aja katon keweden.
Hun emat-emati pak W iki mung nduding lalare hang keweden bain. Kadhung rika dadi guru, mesthi bisa mbedakaken lare hang keweden tah sing teka raine.
Dadi saben pelajarane pak W, bisa hing bisa kudu setel rai bain. Gampil. Saben iyane marek nerangaken, isun manthuk-manthuk ambi mesem manis. Kaya lare hang eh ika. Cumpu cara iki hang satus persen asil.
Catatan: Pungkasan eseme pak W. iku bisa metu tepak lalare perpisahan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.

