Hadrah Kuntulan Banyuwangi (Bagiyan 2)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 09 Mei 2025 07:12 WIB)
- Opini
-69639.jpg)
Hadrah Kuntulan Banyuwangi (Bagiyan 2)
Ditulis ring Moh. Syaiful
Sejarah Anane Kuntulan
Pak Sumitro Hadi, salah sijine Budayawan Banyuwangi, nyatakaken kadhung “Hadrah Kuntulan” iki bengen asale teka “Hadrah Caruk” hang dikembangaken maning dadi Hadrah Kuntulan. Ring jaman bengen Hadrah Caruk iku anane rong grup hadrah hang dicarukaken, hang nembangaken gendhing-gendhing solawat. Hadrah Caruk asale sing nganggo rodad (penari) naming mung ana wong hang gendhingan sholawat lan ana terbangane.
Sedurunge bengen ring tahun 1890-an wis ana hadrahan hang dikenalaken para ulama dienggo syiar agama Islam. Sholawatan hang ana ring jaman iku dianakaken ring dina-dina utama kayata dina Mulud lan dina ngarepaken puwasa. Para kiyai ngajak santrine maca solawatan nganggo gendhing-gendhing sakmajade. Pondhokan Al-Azhar desa Tugung kecamatan Sempu hang kelebu pondhokan kuna iki akeh ngembangaken gendhing-gendhing solawat. Sakteruse gendhing-gendhing solawat mau digawa ring para santrine nyang desa-desa. Mulane wong-wong abangan hang sara diajak ngaji sakteruse padha gelem solawatan liwat gendhing iku mau.
Hadrah asale teka basa Arab yaiku hadara hang artine hadir utawa nekani. Kuntulan dhewek iku saktemene teka sebutan nyang para Rodad (penari) hang mesthi nganggo kelambi putih-putih kaya manuk Kuntul. Manuk Kuntul dhewek iku uga duwe ubah hang padha utawa seragam. Ahire Rodad (penari) Hadrah hang njuged padha lan carem seragam iku mau pungkasane diarani “Kuntulan” merga emeh padha ambi manuk Kuntul.
Kadhung miturut keterangane pak Hasnan Singodimayan, Kuntulan asale teka kuntu-lailan hang artine ‘anane isun ring wayah bengi’. Diarani gedigu merga megiyete Kuntulan mau ring wayah bengi sakmarine lare-lare pondhokan ngaji.
Unsur-unsure Hadrah Kuntulan
Paran bain hang ana ring Hadrah Kuntulan iku. Nomer siji mesthine kudu ana syiir. Syiir hang dienggo yaiku solawat lan Marhabanan (Asroqolan) lan donga-donga ring kitab-kitab liyane. Nomer loro yaiku gendhing utawane lagu. Gendhing utawane lagu iku digawe dhewek ring para santri mulane. Kadhang nganggo gendhing-gendhing saiki naming saire nganggo solawatan. Ana uga gendhing hang wis mula asale teka Kyai ring pondhokan aju digawa nyang desa-desa. Hang nomer telu mesthine ya tabuhan utawane terbangan. Unsur terbangan iki mesthine wajib anane merga dudu Hadrah kadhung durung nganggo terbang. Unsur hang pungkasan mesthine rodad (penari).
Ring jaman bengen penari Rodad iku wong lanang. Naming ring perkembangan hang saiki penari Rodad wis ana hang wadon. Sakat tahun 1990-an Rodad (penari) Hadrah Kuntulan kawitan ana wadone. Grup Hadrah Kuntulan “Melati Putih” teka desa Aliyan hang ngawiti. Nyatane penari Hadrah Kuntulan hang wadon hang bisa diterima saiki ning masarakat. Merga Rodad (penari) Hadrah Kuntulan wadon dianggep lebih luwes lan alus kadhung njuged hadrahan tinimbang Rodad (penari) lanang.
Malah saiki Rodad (penari) lanange wis sing pati ana. Sakliyane iku unsur jugedan. Jugede Hadrah Kuntulan iki duwe ciri wancine dhewek lan bisa dibedakaken ambi jugedan-jugedan liya. Hang pungkasan mesthine ya penting yaiku unsur busana. Busana utawane penganggone Rodad (penari) iki seru pentinge. Merga kelambi putih-putih hang dienggo iku wis dadi cirine Hadrah Kuntulan.
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Moh. Syaiful
Editor: Hani Z. Noor