Hang Ngecet Lobok Abang

Iskak Basuki (dipublikasikan pada Kamis, 26 Mei 2022 10:19 WIB)
- Esai



Embuh pisan, mbuh pindho mestine rika tau rungu wong ngomong: "Isun pasrah, isun manut paran jare hang ngecet lobok abang wis....". Nawi rika tau rungu hang gedigu. Unen-unen 'hang ngecet lobok abang' iku miturut ilmu basa sebutane 'idiom' utawa ungkapan. Ungkapan, ngungkapaken perasaan utawa pikiran nganggo ucapan utawa tulisan - iki nawi kawitane teka golongane uwong hang saben dinane weruhe lobok. Embuh wong tanine, embuh bakule, embuh pengepule kerana keseringen ndeleng lan ndemeki lobok, dadi gumun dhewek, dadi mikir, usik : "Kok kari apike wernane lobok iki. Semono akehe kari abang-abang, alus, merlik. Sapa ngecet...?".

Lobok litik - lobok cilik - kadhung magih enom sing pedhes, sing payu sasate diedol; wernane ijo burek, ting suwi-suwi nguning, aju semu oranye, ahire serta tuwek dadi rata abang. Aja takon pedhese. Cilik-cilik nyelekit nong ilat, anter sontoke nong cangkem. Naping sakpedhes-pedhese lobok magih kalah ambi pedhese omongan, nyontok ati njongore sing mari-mari.

Lobok cilik iki tanduran andhalane wong Wongsorejo, seliyane agung. Embuh regane munggah embuh mudhun, pokoke lobok. Keneng diarani sak kecamatan padha nandur pedhesan iku, disawang taker kaya segara lobok, tosene pas regane lobok apik. Sekilone tau gadug ndhuwure satus. Pira aju sekintal? Pira aju sak tone? Byek! Tepak rega iku sithika wong kono belanja montor. Tuku montor kaya tuku lobok.

Tapi rejeki mula sing mesthi. Tepak apes ya nana, tumpes. Kalahe lobok Wongsorejo - salah siji sebabe kadhung usum panene barengan ambi petani Lombok (Pulau Lombok). Rungu teka kanca Wongsorejo, petani Lombok lebih wera-wera lahane. Kirime lobok padha nyang Jakarta-ne - teka Wongsorejo diuwot trek, teka Lombok nganggo pesawat - gadug Jakarta magih murahan loboke wong Lombok, jare.

Ya, byah lumuh. Isun sing arep mikir iku. Hang arep hun weruhi iku apuwa pulo - bumine wong Suku Sasak - iku diarani Lombok? Kok loboke ngalah-ngalahi ring Jawa, hususe Wongsorejo? Mula sakat bengen sentrane lobok mugane diarani Pulau Lombok tah? Apa ya artine Lombok iku lobok, padha ambi ring Jawa? Kecaruka wong Lombok nak hun dhedhes, takon.

Kadhung lobok jawa - lobok gedhi - mari ijo sing kathik nguning, mbelangat langsung abang, tuweke. Eh, apuwa yuh diarani lobok jawa? Kepethuka wong Jawa males arep takon. Sing kirane weruh. Wong Jawa wis akeh hang sing weruh jawane.

Setemene sing lobok thok hang salin-salin werna kaya iku. Uwohe paran bain rekene semono uga, teka enome nang tuweke mesthi berubah-berubah wernane. Misale bain epoh utawa kates. Pucile ya ijo 'mangkak' jare wong kulonan, burek, durung kelimis - aja takon rasane, aja kathik ditunggoni - suwi-suwi ya mbelangat, kemunir, sembur kuning utawa abang kulite; tuweke, matenge, abang pisan masiya sing rata padhane lobok. Kabeh ana prosese. 

Padha dene menungsa, rambute teka cemeng aju uwanen, akhire serta tuwek dadi ngapuk, putih kabeh alan-alane turis. Sapa ngecet? Jare kerana endhas papan merujuke rambut iku kakehan dienggo mumet mikiri utang lan sembarang kinthung. Jare bida ambi hang nong ngisor kono. Jare kadhung hang iku sing bisa putih. Jare polahe hing tau dienggo mikir. Jare gawene mung dienggo seneng-seneng bain. Jare sapa? Jare paman gathul!

Jare iku - jare maning - jarang benere. Artine arang-arang benere, akehan usinge. Benera mung pisan pindho utawa siji-loro. Hang kono mauka kayane tepak pas hang bener. Jeh! Ana cecek mendeliki codhot....cekidhot!

Aju sapa iku maksude hang nguweni werna, hang ngecet abang lobok semono akehe? Cete nganggo cap paran? Sapa hang omes nandangi siji-siji? Sing ana liyane kejaba ya Pengeran, ya Hang Gawe Urip, yaiku Gusti Allah Ta'ala.

Mung, 'idiom' mauka sayange tau tatu, tau cacat. Tau rungu yara ana berita nong tipi - jare kedadiyane nong daerah kidulan kana - uwong buyek merga loboke ulihe belanja nong pasar, serta gadug umah dienggo olah-olah loboke luntur...!

Woh...!? Endane...? Endi ana lobok bisa luntur? Endane Pengeran salah tuku cete? Mula tah ya....?

Sangkinge menungsa ring akhir jaman iki hang kakehan sereyat. Akeh hang ngedan, 'yen ora ngedan ora keduman'. Edana temenan sira! Nong tipi ping pira bain ana berita tunggale iki. Hang beras dioplos pelastik, lenga kelentik dicampur oli, iwak segara dipormalin, iwak kakap disumba abang.

Akeh menungsa pating kebelinger diginyer pusere donya. Sing ana buruhan ngecet liyane maning tah endane? Lobok lobok dicet. Nggobeti uwong sak arat-arat, lobok ijo-ijo, enom-enom, dipoles, diceti abang. Embuh nganggo paran, embuh kelendi carane? Embuh kelendi maning ahire nasibe? 

Jelase, akhire 'idiom' iku dadi ana benthete masiya sithik, masiya paribasane mung sak rambut.... 

 

(Bwi,0522.2.ib)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Pemikiran dan Pengalaman

Editor: Antariksawan Jusuf