Hasnan Singodimayan: Aran Panggonan ring Kutha
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 16 September 2022 08:24 WIB)
- Esai
Cathetan redaksi: Kanggo mengeti Wak Hasnan Singodimayan hang sampek umur dina Rebo kepungkur, belambangan.com ngetokaken tulisane ruwahe lan tulisan liyane bab ruwahe saben dina seminggu suwene.
Aran-aran dalan ning kutha Banyuwangi jaman bengen, durung apik kaya aran dalan saiki, arane paran jare hang ngomong, merga ana dalan nyang desa Singomayan, dalan iku diarani jalan Singodimayan, dudu jalan Kapten Ilyas kaya saiki.
Dalan poros teka Perliman sampek nyang desa Lateng, diarani Jalan Raya. Hang ngalor diarani Jalan Raya Situbondo hang ngidul diarani Jalan Raya Jember. Hang ning ngarepe masjid, diarani Jalan Raya Masjid. Perliman iku, dudu arane desa utawa arane kampung, cuma arane dalan, merga duwe limang dalan hang mencar. Ngalor, ngidul, ngulon, ngetan, lan ngalor-ngetan sampek Tegalloji. Arane dhewek Dandang Wiring, durung diarani Desa Penganjuran, merga aran Desa Penganjuran iku ana loro: Penganjuran Lor, parek Kelembon. Ana Penganjuran Kidul ning Welaran.
Welaran dhewek, asale desa asal, sedurunge ana kutha, merga anane kutha, hang diwatesi Tugu Penthol ring Kauman. Kulone Kali Lo, diarani dusun Pager Jaban, dicekak dadi, Gerajaban.
Sak utere pendhapa, diarani Temenggungan, panggone para temenggung hang tandang ning pendhapa. Sak utere masjid, diarani Kauman utawa Kesepuhan, panggone Para Sesepuh nalika kaum utawa kumpul. Lapangan ngarepe pendhapa lan masjid diarani Tegal Pendhapa utawa Tegal Masjid. Tau digawe sawah ambi Bupati Pringgo Kusumo.
Kidule Tegal, panggone Para Patih lan Tuan kolektor, sakteruse diarani Kepatihan lan Kolektiran, hang ngurusi anane wong dodol nang pasar. Wetan parek Sokiti, panggonane Ndara Biskal (jaksa), hang ngatur keamanan. Mburi Biskalan, ana kuburan Landa Inggris lan Landa Portugis. Kulone ana kantor poelitie lan ana buine, ngadhep nang masjid, minangka Aturan Wali Sanga. Lodge (Loji, kediaman resmi pegawai Inggris), hang megawe ning kantor telegraf lan telefon. Hubungan hang paling parek nang Australia, sedurunge ning Calcuta India, saiki ditambah kantor pos. Lapangan hang nang ngarepe diarani Tegal Lodge alias Tegal Loji.
Panggonan hang kaya Inggrisan iku diarani Camp (Kampung), panggonan hang diwatesi lan ketutup, yaiku Camp Arab, Camp Mandar, Camp Melayu, Camp Bali, mung kanggo wong Cina, wong Medura lan wong Landa, sing diarani camp, tapi cukup dibasani, yaiku Pecinan, Maduran lan Kaulandan. Parek Tukang kayu, Tukang besi.
Ning pinggire kutha Banyuwangi, ana aran desa hang sak repotan artine. Yaiku Tiangkong, Cungking, Keluncing, Lincing, Licin lan Bengkalingan.
Paran maning hang aran desa Pakis. Cacahe meh sepuluh, Pakis Jagalatri, Pakis Kepuh, Pakis Duren, Pakis Sawi, Pakis Ancar, Pakis Rawa, Pakis Sasak, Pakis Jalio, Pakis Lembang, Pakis Krajan, Pakis Bangong, Pakis Sutri lan Pakis Sego. Lelateng, sengidane wong Bugis.
Durung maning desa-desa hang nyandhang arane macan, alias Singa hang dudu barong, jare wong Mataram dudu Singa, taping Sing*a*na Paran-Parane. Cacahe ana pitu, dhung jare wong Inggris, “Let sing in the morning” Lare Using ngomong maning. Merga basa Using, akeh basa Inggrise, “No good, get dog, get door, colour, break, slot, slot door, report, doc cart, chick cart, brown down, go babe, so long,” sampek ketemu maning.
Puluhan basa Landa lan Inggris wis diadhopsi dadi basa Using, contone “reken, teken, kar, kartu, karcis, peneng, lin, montor, on prok, bek, senter, setel, setelan, ot, serep, dubel, prei, ngepos, telat, dudu mung wel, perlu nom noman akademisi, nyukupi kamus basa using.
Perbekel
Sedurunge ana administrasi pemerentahan, sak kelumpuk wong tetanggaan hang umahe parek yaiku kelawan kearifan lokal, hang bisa rungu teka pucuk siji nyang sijine, utawa hang ambune panganane bisa diambus ambi tanggane utawa bisa kerungu suwara kul-kul ditabuh.
Ring dina mburi, perkembangane dadi disebut Dhukuh utawa Dusun. Tepak ana administrasi pemerentahan, ana kelompok dusun lan dhukuh hang disebut desa utawa kelurahan kelawan wates-wates hang wis ditengeri, umpamane kali utawa wit-witan.
Aran desa iku bisa gabungane dusun utawa wit-witan hang ana. Struktur pemerentahan hang sak tingkat ambi kabupaten dibantu ambi wedana lan wedana dibantu ambi pirang-pirang asisten lan mantri.
Ring jaman kolonial, asisten wedana disebut camat. Tapi tepak jaman Jepang, struktur nganggo basa Jepan yaiku Ken co, Son co, Ku co, Gumi co, lan ring jaman kemerdekaan, disingkat Rt dan Rw.
Pirang-pirang desa merujuk dadi kelurahan, lan aran perbekel mung ana ring masyarakat adat lan desa adat.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.

